Jalak kebo
Jalak kebo | |
---|---|
Acridotheres javanicus | |
Ora kaèvaluasi (IUCN 3.1)
| |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Passeriformes |
Famili: | Sturnidae |
Génus: | Acridotheres |
Spésies: | A. javanicus |
Jeneng binomial | |
Acridotheres javanicus (Cabanis, 1850) |
Jalak kebo, jalak ireng, jalak ungu, jalak penyu (Acridotheres javanicus) manuk kang kalebu kulawarga jalak, sumebar ing Asia Wétan, Asia Kidul Wétan lan Indonésia sisih kulon.
Wedharan
besutUkuran jalak kebo kalebu sedheng (25 cm), kanthi wulu warna klawu tuwa, ungu tuwa malah kepara kena diarani ireng ing endhas, suwiwi nganti buntut, kejaba pucuk buntut kang warna putih. Jalak kebo lanang luwih dawa tinimbang kang wadon. Kekaroné bisa ngocèh, lan jalak kebo uga bisa niru ocèhané manuk liya. Amarga ocèhané, jalak kebo diingu dadi kéwan pethétan.
Sebaran
besutJalak kebo kalebu jinis jalak kang paling umum tinemu ing kutha lan lemah garapan ing Jawa lan Bali[1]. Manuk iki sumebar ing Asia sisih wétan, saka Bangladesh nganti Cina, Jawa lan Sulawesi[2]. Nanging manuk iki ora tinemu ing Semenanjung Malaya lan Sumatra[3], lan sabanjuré ana amarga digawa déning manungsa. Saliyané iku uga kawanuhaké menyang Taiwan, Thailand, Singapura, Puerto Rico lan Jepang. Kadhangkala, jalak kebo diarani ras saka jalak India (Acridotheres fuscus) utawa jalak gedhé (Acridotheres grandis). Ing Sumatra, anané jalak kebo miturut panduga asalé saka kéwan pethétan kang ucul lan banjur tumangkar, mligi ing kutha Medan banjur sumebar ing sadawané pulo Sumatra.
Pakulinan
besutJalak kebo urip nggrombol kanthi cacah akèh utawa sethithik. Lumrahé golèk pangan ing sesuketan, sakiwa tengen omah, sawah, tegalan lan ing taman kutha. Jalak kebo asring teka ing papan pangumbaran kebo, ménclok ana gegeré kanggo mangan tuma ing awak kebo saéngga jalak iki diarani jalak kebo. Kéwan iki uga seneng golèk pangan ing lemah. Manuk iki mangan manéka kéwan gegremetan, cacing lemah, woh-wohan, uler. Jalak kebo tumangkar ing mangsa katiga, kira-kira sasi Mèi-November. Susuhé ing bolongan wit gedhé, endhogé warna biru pucet kanthi cacah 2-3.
Rujukan
besut- ↑ Austria 1993. Panduan Lapangan Pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada Univ. Press. hal. 353-354
- ↑ Austria. 1975. A Field Guide to the Birds of South-East Asia. Collins, London. p. 410-411
- ↑ Austria 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. Puslitbang Biologi LIPI, Bogor. hal. 396