Janger
Janger Banyuwangi yaiku salah satunggaling kagunan tradhisional ingkang sampun katetapaken dados Warisan Budaya Takbenda Indhonésia déning Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Janger Banyuwangi mujudaken seni ingkang kadadosan saking proses akulturasi budaya.[1] Janger Banyuwangi bauraken cariyos saha basa Jawi ugi iringan gamelan Bali, sandhangan sarta dandanan.[2] Kagunan puniki manggèn wonten ing bebrayan Pendalungan, Banyuwangi. Akulturasi kabudayan ingkang mujudaken seni pertunjukan puniki ingkang dipun yakini dadosaken Janger Banyuwangi saged wilujeng dumugi sepriki, bisa dipun tampi ganti generasi. Proses regenerasi paraga lan pamiyarsa lumampah kanthi alami.[3][4]
Mula Bukanipun
besutIng abad 19, ing Banyuwangi wonten jinis teater rakyat ingkang dipun namani Andhé-Andhé Lumut amargi lampahan ingkang dipun péntasaken inggih punika lampahan Andhe-Andhe Lumut. Saking tradhisi lisan, pelopor miyosipun Janger punika Mbah Darji, saking Dhusun Klembon, Singanegaran, kitha Banyuwangi. Mbah Darji puniku bakul lembu ingkang asring wongsal-wangsul Banyuwangi-Bali, lan saking ngriku panjenenganipun kasengsem ing seni teater Arja sarta panjenenganipun tetepungan kalih seniman musik ingkang naminipun Singabali ingkang manggèn ing Penganjuran. sakaing bauran antaranipun Teater Ande Ande Lumut, kanthi unsur beksan Bali kalihan gamelan, mila miyos ingkang dipun arani Damarwulan Klembon utawi Janger Klembon. Teater Janger Banyuwangi minangka salah satunggaling kagunan hibrida, nalika unsur Jawa lan Bali kepanggih dados setunggal.[5] Gamelan, busana saha gerak tari punika dipunpendhet saking kabudayan Bali, nanging lampahan saha basanipun dipunpendhet saking kabudayan Jawi. Basa ingkang dipun ginakaken ingggih punika basa Jawa Tengah, basa teater Kethoprak. Ananging nalika guyon, migunakake basa pawucalan. Lampahan cariyos kasebat sejatinipun kapundhut saking Serat Damarwulan kang dianggep ngécé masyarakat Banyuwangi, nanging aèngipun malah ngrembaka.[6]
Kagunan ingkang nyuplik sawetawis cariyos saking kasusastran Damarwulan Minakjingga ing Surakarta kalihan Yogyakarta dipun wastani kagunan Langendriyan. Wujudipun kesenian Langendriyan punika kados seni beksan opera ingkang mligi nindakaken beksan sakral ing saben kraton, antawisipun Surakarta lan Ngayogyakarta. Amargi kagunan Langendrian asring katingal ing karaton Karaton Kasunanan Surakarta lan Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Pramila kanthi boten langsung kagunan puniki ugi srawung kalihan tiyang Walandi ingkang sami dados tamu wonten kraton. Seni pagelaranan opera lan beksan Jawi lajeng narik kawigatèn para pandemen, utamanipun tiyang Walandi. Amargi, nyuguhaken beksan ingkang saé lan alur cariyos ingkang nengsemaken. Amargi minat Walandi dhumateng seni Langendriyan inggil, tundhonipun Brandes (juru ilmu budaya saking Walandi) nyerat malih naskah Damarwulan Minakjingga lan kasebaraken dhateng saperangan wwewengkon, kalebet Banyuwangi.[7] Bènten kalihan Surakarta lan Ngayogyakarta, kagunan Langendriyan kagantos nami rikala Walandi ngutus Arya Suganda dados bupati ing Banyuwangi. Bupati ingkang asalipun saking tlatah Surakarta puniki kepéngin kagunan Langendriyan dados seni pagelaran ing Banyuwangi. Amargi boten kersa niru persis, lajeng kagantos nami kesenian Janger.[8][9]
Pagelaran
besutKagunan punika bauran saking sapérangan ètnis ingkang wujudipun kagunan tradhisional Janger Banyuwangi saged dipun tingali saking wujudipun, manéka warni gagrag seni pegelaran saged dipun gayutaken kanthi jangkep. Kekhasan kagunan Janger Banyuwangi saged katingal saking cariyos ingkang dipun suguhaken kanthi kairing wirama lan beksan Bali, antawacana ingkang dipun ginakaken inggih punika basa Jawi Krama, déné paraganipun saking bebrayan Using piyambak.[10]
Pagelaran Janger Banyuwangi dipun wiwiti kanthi gamelan Bali lan pagelaran beksan tradhisional Bali kadosta Legong.[11] Janger ugi anggadhahi dhalang kados ringgit, suluk ingkang dipun ginakaken ugi sami kalihan dhalang limrahipun satemah saged dipun arani janger mèmper kalihan ringgit. Dhalang wonten seni janger kagungan gati kanggé mènèhi uninga lan pambuka, ngemunah alur cariyos, lan ngemunahr paraga salebeting pagelaran janger ing wingking kelir. Pagelaran kagunan Janger Banyuwangi sasanèsé kanggé klangenan ugi minangka sarana pangupa boga, lan cariyos kasebut maringi limban sujarah jaman kawuri kadosta cariyos ingkang dipun tedahaken anggadhahi piwulang sujarah antaranipun Majapahit (Damarwulan) marang Blambangan (Minakjingga), ing mriku Damarwulan kasil mejahi Minakjingga.[12] Kagunan Janger Banyuwangi ingkang taksih wonten ing sakiwa-tengenipun Banyuwangi sarta saged dipun pirsani ing acara-acara tartamtu, nedahaken yèn masarakat taksih kasengsem lan nguri-uri kagunan tradhisional Janger Banyuwangi.[13]
Sebaran
besutSebaran kagunan Janger mèh warata ing saindhenging Kabupatèn Banyuwangi. Ananging ingkang paling kathah wonten ing kapanéwon Ragajampi ingkang dados dhasaripun masarakat Using. Nanging kesenian Janger boten naming ngrembaka ing Banyuwangi, nanging ugi nyebar ing sakiwa-tengenipun malah ngantos dumigi Malang.[14] Amarga utamanipun kagunan puniki migunakaken basa Jawi. Sadèrèngipun kadadosan G-30-S taun 1965, ing kitha Malang paling boten wonten sekawan grup Janger ingkang diprakarsani déning tiyang Banyuwangi singkang deduning ing Malang. Kelompok Janger punika sampun ngrembaka kanthi sae, sesarengan kaliyan manéka warni pagelaran seni kadosta Ludruk, Wayang Wong, lan Kethoprak. Kondhangipun Janger ing Malang rikala taun 1950-an ngantos 1960-an nglangkungi kondhangipun Ludruk. Nanging, ing taun 1965 grup Janger bibar lan ssasmpuné boten wonten kupiya kanggé madeg malih. Samangké kagunan Janger samsaya neguhaken minangka salah satunggaling kagunan ingkang paling laris lan kalokar ing bebrayan Banyuwangi.[15]
Rujukan
besut- ↑ Sutarto, A. dan Sudikan, S. Y. 2004. Pendekatan Kebudayaan dalam Pembangunan Provinsi Jawa Timur. Jember: Kompyawisda.
- ↑ Sugiyanto, Sumarno Nurhidayah (2016-03-01). "Kesenian Tradisional Janger Banyuwangi: Akulturasi Budaya Using, Jawa, dan Bali Tahun 1920-2014" (PDF). Jurnal Pendidikan dan Humaniora. 51: 68–77.
- ↑ Prasetyo, Ichwan (2021-09-08). "Akulturasi Budaya Saged Damel Janger Banyuwangi Lestari (saking Basa Indhonésia)". Solopos. Dibukak ing 2023-02-15.
- ↑ Suhalik (2011). Mengenal Sejarah dan Kebudayaan Banyuwangi. Banyuwangi: Pusat Studi Budaya Banyuwangi.
- ↑ Ratnasari, W. 1996. “Kesenian Janger Banyuwangi suatu Kajian Historis tahun 1968- 1980.” Tidak diterbitkan. Skripsi. Jember: Fakultas Sastra Universitas Jember.
- ↑ WBTB, Admin (2010-01-01). "Warisan Budaya Janger Banyuwangi (saking Basa Indhonésia)". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-15. Dibukak ing 2023-02-15.
- ↑ Pigeaud, Theodore (1938). Javaanse Volksvertonongen Bijdrage tot de Beschrijving van Land en Volks. Surakarta: Reksa Pustaka.
- ↑ Muhammad, Erik (2022-09-09). "Sujarah Kagunan Janger Pagelaran Sandiwara ingkang Jumedhul ing Wulan Pasa (saking Basa Indhonésia)". Harapan Rakyat. Dibukak ing 2023-02-15.
- ↑ Nurullita, Hervina (2015-01-24). "Stigmatisasi terhadap Tiga Jenis Seni Pertunjukan di Banyuwangi: dari Kreativitas Budaya ke Politik". Jurnal Kajian Séni. 2.
- ↑ N, Anoegrajekti (2009). Sastra dan Budaya Lokal Masyarakat Using. Jember: Fakultas Sastra Universitas Jember. kc. 35.
- ↑ Puspito, P. 2009. Jelajah Jejak-Jejak Seni Tari Etnik Jawa Timur. Editor oleh Robby Hidajat. Malang: Gantar Gamelar Press Malang bekerja sama dengan Jurusan Seni & Desain Fakultas Sastra UM.
- ↑ Bachtum, R (1982). Cerita Damarwulan. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 21.
- ↑ M. Astro, Masuki (2015-09-06). "Panggulawenthahan Bebaya Ginelar Lumantar Kagunan Janger Banyuwangi (saking basa Indhonésia)". Antaranews Jatim. Dibukak ing 2023-02-15.
- ↑ Hariyani. 2005. “Perkembangan Kesenian Janger di Kecamatan Rogojampi Banyuwangi 1920-2004.” Tidak diterbitkan. Skripsi. Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan. Jember: Universitas Jember.
- ↑ WBTB, Admin (2018-01-01). "Warisan Budaya Janger". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-15. Dibukak ing 2023-02-15.