Kèju walanda
Kèju Walanda inggih punika minangka salah satunggaling jinis kèju lokal ingkang dipunwedalaken wonten ing nagari Walanda. Negeri Walanda inggih misuwur kanthi keju nipun ingkang dipunsebat Kaas wonten ing basa Walanda, mliginipun Gouda lan Edam.[1] Kèju- kèju ingkang asalipun saking Walanda padatanipun raosipun legi lan kathah- kathahipun dipundamel dhedhasar resèp ingkang umuripun sampun atusan taun. ing sadangunipun mapinten- pinten abad, keju punika sampun dados komoditi ingkang wigatos wonten ing Walanda. Anggenipun damel keju wonten ing laladan punika inggih sampun dipunwiwit wiwit abad kaping sewelas. Laladan dataranipun ingkang rata lan gadhah jalur transportasi toya ugi sampun ndhèrèk ngupaya sujarah perdhagangan lan kanggé ngirim barang- barang. Wonten ing taun 1970 nan, Walanda dados pandheganipun ing dunya kanggé bab ekspor keju. Amargi ekspor keju punika minangka satunggaling bab ingkang wigati, mila teknik kanggé damel keju ugi sampun ngrembaka supados saged ngasilaken keju- keju kanthi kualitas lan raos ingkang sami, lan saged tetep konsisiten wonten ing bab raos saha teksutuipun saha saged tetep awet manawi dipunbeto kanggé wekdal ingang dangu.[2]
Sajarah
besutDataran Walanda inggih panci minangka dataran ingkang pas dipun-ginakaken kanggé ternak lan panci masarakt ing nagara punika sampun sami ternak wiwit taun 1600 SM.[3] Provinsi Noord-Holland, Zuid-Holland, lan Friesland inggih minangka satunggaling papn ingkang saé kanggé ternak amargi kaanan sitinipun ingkang lembap.[4] Ing laladan Friesland, ing sisih lor ipun Walanda kapanggih panci lan wajan ingkang mratandhakaken bilih keju sampun naté dipundamel wonten ing laladan mau.
Wiwit jaman tengahan, keju WAlanda sampun kathah dipunkintun dhateng nagara- nagara snespun lan wonten ing jaman pas saenipun, nagara mau sampun pikantuk celukan minangka nagara keju. Sasampunipun punika, satunggaling standar kanggé keju Walanda inggih dpunciptakaken lan presentase lemak wonten ing keju ugi dipun-gantos. Lan prakawis punika inggih sampun kadadosan wiwit taun 1913. Satunggaling lembaga ugi dipundhirikaken kanggé ngatur promosi keju Walanda, inggih punika Biro susu Walanda. Logo saking biro mau inggih punika satunggaling tiyang èstri ingkng ngginakaken busana tradhisional. Ing taun 1961, tiyang èstri mau dipundadosaken ikon promosi keju Walanda ing Jerman. Tiyang èstri punika lajeng dipunparingi nama Frau Antje. Frau wonten ing basa Jerman ateges wanita. Déné Antje inggih punika minangka nama asli saking tiyang èstri mau. Wiwit wekdal punika, Frau Antje lajeng dados misuwur sanget lan medal wonten ing iklan- iklan lan adicra- adicara ingkang wigati.
Pasar Keju Walanda
besutWonten gangsal pasar keju ing Walanda ingkang misuwr, inggih punika ing Alkmaar, Gouda, Edam, Hoorn, lan Woerden. Saking gangsal pasar mau, Woerden inggih minangka pasar kèju ingkang paling modhèren tinimbang sekawan pasar sanèsipun ingkang meh sai kados pasar kèju tradhisional ing jaman tengahan.[5]
Pratélan keju ing Walanda
besutIng ngandhap punika inggih sapérangan jinis keju ingkang asalipun saking Walanda:[6]
- Boeren Leidenkaas
- Dutch Mimolette (Commissiekaas)
- Edam
- Friesekaas
- Friesian
- Gouda
- Kernhem
- Leerdammer
- Leiden
- Maasdam
- Smoked Gouda
Cathetan suku
besut- ↑ Martinez, Laura (2005). The Everything Cheese Book. Adams Media, Massachusetts. ISBN 978-1-59869-252-5. Page 86.
- ↑ "Keju Walanda". Diarsip saka sing asli ing 2009-10-19. Dibukak ing 2013-03-23.
- ↑ Cheese History Archived 2011-04-15 at the Wayback Machine., Cheesemate. Dipunundhuh tanggal 23 Maret 2013.
- ↑ A Piece of History Archived 2013-05-12 at the Wayback Machine., Kaasmrkt. Dipunundhuh tanggal 23 Maret 2013.
- ↑ Dutch Cheese, Visit Holland.Dipunundhuh tanggal 23 Maret 2013.
- ↑ Cheese By Countries: Holland Archived 2010-04-23 at the Wayback Machine., Cheese.com. Dipunundhuh tanggal 23 Maret 2013.