Konggrès Aksara Jawa

parepatan kang ginelar kanggo ngrembug aksara Jawa lan pangrembakané
     

Konggrès Aksara Jawa (Carakan: ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮ; basa Indonésia: Kongres Aksara Jawa lan kacekak KAJ) iku minangka kagiyatan kang digelar kanggo ngrembug bab tuwuh rembaka, tata cara nguri-uri, lan prakara kang gayut klawan tata panulisan aksara Jawa. Konggrès aksara Jawa kang sepisanan digelar ing Sriwedari, Surakarta ing taun 1922, nuli nalika jaman pasca-kamardikaning Indonésia kagelar manèh ing Daérah Istiméwa Yogyakarta taun 2021.

Gambar kang macak para anggotaning Kumisi 5 Golongan (Kumisi Cilik). Sawijining kumisi kang dhinapuk déning Kumisi 10 Golongan (Kumisi Gedhé) kanggo ngimpun paugeran tata panulisan aksara Jawa. Paugeran iki kang kaloka diarani Wewaton Sriwedari.

Sajarah besut

Nalika jaman pra-kamardikan Indonésia, konggrès aksara Jawa tau kagelar ing taun 1922 mapan ing Sriwedari, Surakarta. Konggrès iki ditekani déning sarékat guru (kang kadadèn saka Normaalschool lan Kweekschool), sarékat basa Jawa, Balé Pustaka, pamengku praja, lan wakil saka karajan panerusing Mataram Islam (dumadi saka Karaton Kasunanan Surakarta, Karaton Kasultanan Ngayogyakarta, Kadipatèn Mangkunagaran, lan Kadipatèn Pakualaman). Ancasing konggrès iki kanggo ngimpun sawijining pandom utawa paugeran tata panulisan aksara Jawa awit akèhé wong kang nduwèni panemu dhéwé-dhéwé bab gagrag panulisané aksara Jawa, kamangka nalika iku wis akèh babaran cithak kang migunakaké aksara Jawa. Sawetara taun pungkasan anggoné ngimpun, ing taun 1926 konggrès iki ngasilaké Wawaton Panyeratipun Tembung Jawi mawi Sastra Jawi dalasan Angka utawa kang luwih kaloka minangka Wewaton Sriwedari.[1]

Rikala jaman sawisé Indonésia mardika, konggrès aksara Jawa kagelar manèh tanggal 22 nganti 26 Maret 2021 ing Kabupatèn Sléman, Daérah Istiméwa Yogyakarta.[2] Konggrès Aksara Jawa I iki ditekani para winasis, sarjana, praktisi, masarakat umum, juru budaya, birokrat, wakil saka UNESCO, Mantri Wiyata, Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta lan Jawa Tengah. Gegayuhaning gelaran iki yaiku kanggo ngrembug babagan saya sitihiké trap-trapan lan sastra Jawa mawa aksara Jawa, paugeran alih aksara Jawa menyang huruf Latin, lan tata cara digitalisasi aksara Jawa.[3] Saliyané iku, ing konggrès iki uga ngrembug prakara paugeran tata panulisan aksara Jawa kang lumrah dipigunakaké déning masarakat Jawa. Tata panulisan iku ana manéka warna jinisé, ing antarané yaiku Wewaton Sriwedari asiling konggrès taun 1922[4], Mardi Kawi anggitané W.J.S. Poerwadarminta[5], lan Pedoman Penulisan Aksara Jawa weton saka Konggrès Basa Jawa. Asil putusan Konggrès Aksara Jawa I iki ancasé amrih bisa ngrampungi gèsèhan ing antarané sawetara paugeran iku mau.

Putusan wigati besut

Konggrès Aksara Jawa I kang kagelar ing Daérah Istiméwa Yogyakarta tanggal 22 nganti 26 Maret 2021 dumadi saka patang kumisi. Saben kumisi ngasilaké sawenèh putusan kang wigati. Kumisi I netepaké paugerah alih aksara Jawa menyang huruf Latin kang diarani JGST (Javanese General System of Transliteration), alih aksara Jawa menyang Pégon, lan PUJL (Pedoman Umum Jawa Latin). Kumisi II netepaké paugeran tata panulisan aksara Jawa kang dumadi saka rong cara, yaiku cara prasajan (simplified) lan cara lawasan (traditional).[6][7] Kumisi III netepaké paugeran tata loka papan tik aksara Jawa kang diarani Natāksara lan cakrik aksara Jawa. Wondéne Kumisi IV nggawé tim kang mligi ngawal asil putusaning konggrès nganti titi wancining diwujudaké régulasi. Kajaba iku, Kumisi IV uga netepaké pranatan kang gayut kalawan babagan birokrasi, publik lan akademik.[6]

 
Natāksara

Uga delengen besut

Rujukan besut

  1. Instituut, Java. Pusaka Jawi - 1926-05 (ing basa Jawa).
  2. "Kongres Aksara Jawa I Digelar, Bumikan Kembali Aksara Jawa - Berita | Portal Pemda DIY". jogjaprov.go.id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2021-04-13. Dibukak ing 2021-04-13.
  3. "Lama Mati Suri, Kongres Aksara Jawa Bakal Kembali Digelar di Yogya". merdeka.com (ing basa Inggris). 2021-03-20. Dibukak ing 2021-04-13.
  4. Kumisi Kasusastran ing Sriwedari (Surakarta) (1926). Wewaton Sriwedari. Weltevreden : Landsdrukkerij.
  5. W. J. S. Poerwadarminta (1931). Serat Mardi Kawi. Solo : Stoomdrukkerij De Bliksem.
  6. a b Andriadi, Rully (2021-03-31). "Siaran pers terkait keputusan Kongres Aksara Jawa I — Grand Mercure, 22-26 Maret 2021". Kedaulatan Rakyat. Lingkar Yogya. kc. 9.
  7. "Aksara Jawa Anjayeng Bawana" (PDF). Sempulur : kalawarti mbangun bangsa lumantar budaya. Nomer: 40/I-2021. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta. 2021. kc. 13. OCLC 777758731. ...pinara wonten kalih pérangan, inggih punika cara lawasan (traditional), lan kanthi cara prasajan (simplified).