Kimpul
Kimpul | |
---|---|
Balitung, Xanthosoma sagittifolium dari Dramaga, Bogor | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Angiospermae |
Klas: | Monokotil |
Ordho: | Alismatales |
Famili: | Araceae |
Subfamili: | Aroideae |
Tribe: | Caladieae |
Génus: | Xanthosoma |
Spésies: | X. sagittifolium |
Jeneng binomial | |
Xanthosoma sagittifolium (L.) Schott[1] | |
Sinonim | |
|
Kimpul (Xanthosoma sagittifolium) utawa talas belitung kalebu salah sijiné umbi-umbian. Kimpul uga diarani Blue Taro. Kimpul kerep dimanfaataké dadi bahan pangan ing mangsa paceklik, gantine beras, jagung, pohung, lan gandum. Nalika ora paceklik, kimpul uga padha diolah dadi panganan selingan kanggo kanca wédangan.[5]
Ringkesan umum
besutKimpul awujud gilig lan bunder. Sak wit kimpul nduwé jumlah umbi nganti 10 buah utawa luwih, kanthi dawa kira-kira 12 – 25 cm lan diameter 12 – 25 cm. Saben umbi kang bisa nduwé bobot 300 - 1000 gr. Struktur umbi kasusun kulit, korteks, lan pembuluh floem lan xylem. Kulit umbi nduwé kandel kira-kira 0,01 - 0,1 cm. Kimpul cocok ditandur ing lemah kang nduwé kandhutan humus lan banyu cukup, ph 5,5 - 5,6, suhu 21 - 27 celcius, lan ing ketinggian 250 – 1.100 m sak duwuré permukaané sagara.
Wit kimpul padha ditandur ana nggon pot minangka tanduran pasrén jroning téras, ruwang tamu, lan plataran omah. Wit kimpul uga bisa urip bèbas ing pinggir kali, pakebonan, lan bisa urip ngrembaka ana ing lemah sareyan. Ing satleranaman, wit kimpul dianggep tanduran kang ora patia migunani lan ora padha dirumat kanthi rajin.[5]
Kandhutan gizi
besutKimpul kabukti dadi bahan pangan kang rendah karbohidrat lan gajih. Saben 100 gr kimpul ngandhut karbohidrat 23,7 gr, luwih cendhék tinimbang jagung kuning 63,6 gr, gandum 77,3 gr, lan beras 78,9 gr. Kimpul ngandhut kalsium luwih dhuwur 47 mg dibandhing jagung kuning 9 mg, beras 10 mg, lan gandum 16 mg. Dibandhing jagung kuning, beras, lan gandum kanyata mung kimpul kang ngandhut vitamin C, yaiku 4 mg saben 100 gr kimpul.
Manfaat
besutUmbi kimpul isa diolah nganggo cara apa wae, ora kajaba digodok, dibakar, dikukus, digawe bubur utawa digoreng, lan dicampur masakan sop. Yen diiris tipis, umbi kimpul biasa digawe jajanan kripik. Isa uga diolah dadi tepung kanggo bahan olahan kue garing lan roti.[6]
Kimpul cocog kanggo panganan pendherita diabètes, merga kandhutan glukosané cocog tumrap pendherita diabètes mèlitus, uga dégeneratif liyane kayadene: jantung, osteoporosis, lan hiperténsi. Liyane iku wit kimpul minangka obat ampuh kang bisa ngatasi penyakit menahun, ora kajaba pawongan kena guna-guna, kesambet, kesurupan, ketémpélan roh jahat bisa diusadani nganggo kimpul minangka piranti.[5]
Godhong kimpul kang wis digarang, kena kanggo terapi tumrap wanita sing nandhang lara abot ing perangan alat vitalé (padonan). Ganda kang kurang sedhep tumrap alat vital wanita bisa diterapi nganggo godhong kimpul kasebut. Godhong lan gagang kimpul uga kena kanggo pakan iwak gramèh sing lagi meteng lan siap ngendhog.
Rujukan
besut- ↑ Austria. 1832. Meletemata Botanica: 19. Vindobonae :Typis C. Gerold.
- ↑ Austria. 1753. Species plantarum :exhibentes plantas rite cognitas, ad genera relatas, cum differentiis specificis, nominibus... Tomus II: 966. Holmiae :Impensis Laurentii Salvii.
- ↑ "The Plant List". Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2021-05-09.
- ↑ "Tropicos.org".
- ↑ a b c Yuk (2011-02-12). "Kimpul, Enak Dipangan lan Mnajur Kanggo Tamba". Djaka Lodang No. 37.
- ↑ Austria 2003. Pengembangan Umbi Kimpul (Xanthosoma sagittifolium L. Schott) Menjadi Keripik Dalam Rangka Diversifikasi Produk Agroindustri. Skripsi pada Fakultas Teknologi Pertanian Institut Pertanian Bogor. (tidak diterbitkan)