Masada ingkang dipunbiyangun déning raja Yudea HerodesAgung lan dipundadosaken komplek pura ingkang ageng kanthi gaya klasik Romawi. Sasampunipun Yudea dados provinsi Kamaharajan Romawi, papan punika dados panglindungan saking tiyang ingkang slamet saking pamberontakan Yahudi, pramila papan punika dados lambang tiyang Yahudi.[1]

Sana Warisan Donya UNESCO
Masada
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Diwan-i-Khas – Hall of Private Audience
Diwan-i-Khas – Hall of Private Audience

JinisCultural
Wewatoniii, iv, vi
Rujukan1040
Tlatah UNESCOEurope and North Africa
Sujarah prasasti
Prasasti2001 (Sési Ka-25)
Barkas:Massada Israèl.jpg
gamabr Masada

Masada dumunung ing nginggiipun sèla ing pinggir Ara-ara Yudea lan lembah Laut Mati, antawisipun Sdom lan Ein Gedi. Ing pérangan nginggilipun sèla gadhah wentuk jajaran genjang, panjang saking lor dumugi kidul. Nginggilipun inggih punika 440 ing nginggilipun Laut Mati(50 m dpl), lan piyambaan, boten tebih saking jurang dalam ing sadaya sisih. Posisi ingkang wentukipun bètèng alam, lan papan- papan ingkang asri dadosaken bètèng. Akses kanggé jaman dangu (tuladha Yosefus ) inggih punika gadhah sebatan Margi Ula curam saking wétan (saking Laut Mati), Watu Putih saking kulon.

Gladri

besut

Sajarah Masada

besut

Papan punika dèrèng dipunmangertosi ngantos taun 1838, sawekdal déning Amérika E. Robinson lan E. Smith ningali saking teleskop sèla saking Ein Gedi-. Wiwitipun situs punika dipunpurugi déning misionaris Amérika SW Wolcott lan palukis Inggris Tipping ingkang gambaraken edisi basa Inggris saking "Perang Yahudi" déning Yosefus. Ekspedisi arkéologi saking Amérika, Perancis lan Jerman.

Ing abad 20 Masada dados saking nagara Yahudi. Inggih punika dados situs ziarah kanggé kelompok pamuda lan anggota Haganah. Ing taun 1949, ing pungkasan Perang Kamerdekaan, bendera Israèl wonten ing puncak Masada. Situs dipunpriksa lan dipuneksplorasi déning Shemariyahu Gutman, ing taun 1963 ing ngandhap profesor Yigael Yadin.Survei Israèl saking Masada dipunlajengaken ing taun 1955-1956.[2]

Cathetan suku

besut
  1. whc.unesco.org(dipuntingali tanggal 27 September 2011)
  2. mosaic.lk.net Archived 2015-12-01 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 27 September 2011)