Laut Mati iku tlaga kang mbujur ing laladan antarané Israèl, Laladan Otoritas Palestina lan Yordania.[1] Ing 417,5 m sangisoré lumahing laut, wujud titik paling asor ing lumahing bumi.[2] Laut mati ana ing wewatesan antarané Yordania lan pérangan kulon Palestina, laut mati duwé titik paling asor ing bumi ya iku 1.300 kaki (400m) ing sangisoré lumahing laut laut.[2]

Laut Mati
Dead Sea by David Shankbone.jpg
Pasawangan saka sisih Israèl sebrangé Yordania
Koordhinat31°20′N 35°30′E / 31.333°N 35.500°E / 31.333; 35.500Koordhinat: 31°20′N 35°30′E / 31.333°N 35.500°E / 31.333; 35.500
Arus mlebu kang pokokKali Yordan
Arus metu kang pokokora ana
Ambané tlatah kang kailèn banyu41,650 km2 (16,080 sq mi)
Negara Yordania
Israèl
Ujur67 km (42 mi)
Alang kang gedhé dhéwé18 km (11 mi)
Amba810 km2 (310 sq mi)
North Basin
Rata-rata jero118 m (387 ft)
Kang jero dhéwé378 m (1,240 ft)
Isi147 km3 (35 cu mi)
Dawané pasisir1135
Dhuwuré saka lemah−422 m (−1,385 ft)
1 Dawané durung bisa kaukur kanthi akurat.

Sacara géologi laut mati kawangun telung yuta taun kapungkur nalika muncul retakan cilik ing Jordan Riff Valley ing endi banyu laut mlebu lan kakumpul, iklim garing lan évaporasi dhuwur ngundhakaké konsèntrasi mineral sajeroning banyu.[2] Uyah, kapur lan gypsum ana ing sadawané retakan iki lan mbentuk tlaga mawa kandhutan uyah paling dhuwur.[2]

Tlaga iki dijenengi laut mati amarga ora ana wangun kauripan kang bisa tahan sajeroning banyu uyah iki.[2] Laut mati duwé kandhutan uyah paling dhuwur saka kabèh laut ing donya.[3] Kadhar uyahé watara 32 % dibandhingaké marang kadhar garam rata-rata 3% ing Laut Mediteranian.[2] Kawit biyèn material kang ana sajeroning laut mati dikawruhi duwé èfèk kanggo nambah ayu kulit.[2] kanthi ngolèsaké lendhut iki menyang awak, mineral kang kakandhut ing njeroné kabukti bisa ndandani kulit, nglancaraké sirkulasi getih lan bisa mbiyantu kaséhatan.[2] Bab iki wis suwé dikawruhi déning King Salomon, Cleopatra lan Herod the Great saéngga panjenengané nekani Laut Mati kanggo olèh èfèk mau.[2]

RujukanBesut

  1. G.A Smith, Historical Geography of the Holy Land, 1931, p 499-516
  2. a b c d e f g h i Diaksès tanggal 8 Juni 2010.
  3. D Baly, The Geography of the Bible, 1958, p 202-210

Pranala njabaBesut

Cithakan:Pratélan laut