Matangi (Basa Sangsekerta: मातंगी) ya iku dèwi Hindhu kaping sanga saka sepuluh dèwi Mahawidya. Dèwi Matangi iku minangka wujud ganas saka Parwati, Biyung Babon ing agama Hindhu. Dhèwèké dianggep minangka wujud Tantra saka Saraswati kang mengku prakara mantra, musik, kawruh, lan kagunan. Ngibadahé ditamtokaké kalawan merkolèhé kakuwatan gaib, utamané merkolèh kendhaliné mungsuh, nariki uwong, merkolèh kakuwasan babagan kagunan lan merkolèh kawruh kang luhur.

Matangi
Dèwi kawicaksanan, kagunan, mantra kang winedhar lan kakuwatan gaib
Litograf ing pungkasané abad ka-19 nggambaraké dèwi klawan pedhang, tamèng, gitik, lan teken
AffiliationDèwi, Mahawidya, Parwati, lan Mahasaraswati
AbodeIng pinggiran bebrayan tradhisional lan jeroning mantra
MantraOm Hreem Aim Shreem Namo Bhagawati Ucchista-Chandali Shree Matangeshwari Sarvajanavashankari Swaha
ConsortBrahma, Siwa as Matanga

Matangi lumrah digayutaké marang prakara reregedan, kemlaratan lan masarakat Hindhu pinggiran. Mula diwujudaké ing rupa misuwuré minangka Uchchhishta-Chandalini utawa Uchchhishta-Matangini.[1] Dhèwèké digambaraké minangka Chandalini kang nawan-nawani sisa panganan utawa kang sapérangan panganan kang wis dipangan (Uchchhishta) mawa tangan utawa kang ora dikumbah sawisé mangan. Kaya mangkono iku diarani ora murni ing sajroning agama Hindhu klasik.

Matangi diwujudaké minangka warna ijo jamrut. Sawetara Uchchhishta-Matangini nggawa tampar, pedhang, gitik, lan teken. Wujud misuwur liyané ya iku Ratu Matangi kalawan main veena lan lumrah digambaraké kalawan manuk Béo.

Ikonografi lan gambaran tèkstual

besut

Mantra Dhyana (mantra kang medharaké wujuding déwa lan papané para kawula kanggo mertapa) saka Brhat Tantrasara nggambaraké Uchchhishta-Matangini minangka salah sawijining pawujudan dèwi kang misuwur. Matangi lungguh ing sadhuwuré mayit lan ngrasuk busana warna abang, rerenggan abang, lan reroncèn kembang wiji saga. Sang dèwi digambaraké minangka kenya anom kang umuré nem belas taun kalawan payudara kang gedhé. Dhèwèké nggawa cumplung lan pedhang ing tangan karoné kanthi nawani sisa-sisa panganan.[1]

Miturut Shyamaladandakam saka Kalidasa, Matangi main veen rerenggan watu rubi lan nduwèni pocapan kang manis. Mantra Dhyana digambaraké nduwèni lengen cacah papat, werna kulit ijo jamrut, payudara kang diosèri bubuk kumkum abang, lan rembulan sabit ing bathuké. Dhèwèké nggawa tampar, teken, gandhéwa, lan panah kembang, asring digambaraké minangka Dèwi Tripura Sundari. Dhèwèké uga digambaraké remen marang manuk nuri lan kawujudaké lumantar néktar lagu.[1]

Warna kulit ijo kagayutaké kalawan kawruh luhur lan uga warna Buda, déwa utama planèt Mérkurius kang ngurusi babagan kawruh. Matangi asring digambaraké kalawan manuk Béo ing tangané. Veena minangka simbul kang gegayutan karo musik.[2]

Dongèng

besut
 
Lukisan pawujudaning Dèwi Matangi ing Musiyum Brooklyn

Matangi lumrah diarani minangka Mahawidya kasanga. Pratélan sajroning gancaran Mundamala madhakaké antarané sepuluh awatara Wisnu kalawan sepuluh Mahawidya. Sang Buddha dipadhakaké karo Matangi. Pratélan mèmper ya iku sajroning Guhyatiguhya-Tantra ora ngamot Matangi, nanging sarjana aran Sircar mratélakaké manawa dèwi Durga - dipadhakaké kalawan awatara Kalki ing sajroning pratélan - minangka saèmper karo Matangi.[3]

Crita Tantra Shaktisamgama nyritakaké lairé Uchchihistha-Matangi. Sawijining dina, Déwa Wisnu lan garwané aran Dèwi Laksmi mara menyang panggonané Déwa Siwa lan garwa kaping loroné aran Dèwi Parwati (pawujudaning Sakti). Wisnu lan garwané diwènèhi pasugadan kang sarwa sedhep. Sinambi padha mangan, para déwa nibakaké panganané menyang palemahan, nuli saka tibaning panganan iku mau nuli mijil sawijining kenya ayu pawujudan saka Dèwi Saraswati. Nuli déwa cacah papat iku padha mènèhi sisa-sisa panganané minangka prasad, ya iku panganan kan dèn sucèkaké kalawan didhahar para déwa dhisik. Prastawa mangkéné iki ateges manawa Uchchihistha iku mula bukané saka déwa, sanajan ta nuli ditegesi ala. Banjur Déwa Siwa awèh nugraha kang isiné manawa sapa waé kang ngucap mantra lan muja marang Matangi, mangka kepénginan wujud bandha donya bakal diijabahi lan bakal merkolèh daya kanggo nguwasani mungsuh. Awit saka iku, kenya iku diarani Uchchihistha-Matangi.[1]

Ana ing sawijining crita saka Shakta Maha-Bhagavata Purana, diwedharaké crita mula buka sakabèhané Mahawidya. Dèwi Sakti, putri saka Daksha lan uga minangka garwa sepisané Déwa Siwa, dhèwèké rumangsa kasoran jalaran dhèwèké lan Siwa ora didhawuhi teka menyang Yajna Daksha utawa upacara pangurbanan geni. Siwa wis ngélikaké Sakti, ananging dhèwèké tetep ngèyèl ora gelem dikandhani. Nuli Sakti ngamuk lan malih dadi Mahawidya. Banjur sakabèhabné Mahawidya padha ngubengi Siwa saka sepuluh arah. Déné Matangi madeg ing sisih kidul-kulon.[4]

Gegayutan

besut
 
Sawijining lukisan gagrag Kalighat kang nggambaraké wujuding Matangi

Matangi lumrah digayutaké klawan reregedan, utamané sisa-sisa panganan utawa kang dipangan sapérangan (Uchchhishta utawa Ucçhishṭa, उच्छिष्ट) dianggep ora murni ing sajroné agama Hindhu. Dhèwèké kerep ditawani sisa kang wus reged lan ana ing salah sawijining dongèng dhèwèké dilairaké saka kaya mangkono iku.[1][3] Matangi dhéwé digambaraké minangka sisa utawa regedan, ya iku pralambang saka pawujudaning Gusti kang isih ana sawisé sakabèhané barang iku wis cures.[2] Minangka pangreksa sisa-sisa panganan, mula dhèwèké mujudaké niradara lan panrejangan tumrap wewaton.[5]

Matangi lumrah digambaraké minangka wong buwangan lan ora murni. Gayutané kalawan reregedan utamané kang asalé saka masarakat pinggiran, kang dianggep reged ing masarakat Hindhu. Klompok sosial mangkéné iki kang makarya ing babagan reregedan kaya ta mulungi uwuh, pangolahan daging, lan makarya ing papan pangobongan mayit. Ing Népal, klompok kaya mangkono iku diarani Matangi, ya iku mulungi uwuh - kalebu uwuh/kotoran manungsa - lan babagan kang ora ana ajiné, lan lumrahé ana ing sajabaning désa. Jalaran kaya mangkono iku mau, mula dhèwèké digayutaké babagan pati, reregedan, barang kang ra ana ajiné, lan masarakat Hindhu pinggiran.[4]

Matangi uga digayutaké kalawan alas lan suku kang manggon ana sajabaning masarakat Hindhu tradhisional. Kidung sèwu-nama puja Matangi ing Nanayavarta-tantra medharaké garis-garis kang nggambaraké wujudé minangka papan panggonan, dalan kanggo lumebu, wanuh lan ngrasakaké éndahing alas.[4]

 
Yantra Matangi, kang digunakaké nalikané ngaturaké puja marang Dèwi Matangi

Saliyané Mahavidya Bagalamukhi, Matangi iku salah sawijining Mahawidya kang dipuja kanggo merkolèh kakuwatan gaib. Sawijining kidung kang kapethik saka Bhagavata Purana kang muja Matangi iku amrih nyuwun peparingé supaya bisa ngendhalèkaké mungsuh. Déné ing jeron Tantrasara mratélakaké manawa maca mantra mertapa muja marang dhèwèké bisa mènèhi daya kanggo nguwasani wong liya.[1] Mantra puja marang Matangi, salah sijiné ya iku kidung Tantra Sandhaka pinercaya bisa ngungkuli reregedan kalawan nawani sisa panganan utawa kang sapérangan dipangan (Uchchhistha) lan mangkono iku bisa mrantasi égoné. Muja marang Matangi iku nduwèni tujuwan amrih wong kang muja iku merkolèh daya kanggo ngadhepi reregedan kang cinandhet lan transendhèn kang bisa nylametaké utawa bisa merkolèh kakuwatan gaib ing donya.[5] Purascharyarnaya medharaké manawa bisa gawé bungahé Dèwi Matangi, mangka Sang Dèwi bakalé menehi pawangsulan marang sakabèhané pitakon lumantar wisik ing kuping.[1]

Matangi adaté dipuja kalawan mantra wanda Aim kang ana gayutané karo Saraswati. Mantra iki minangka wosing wanda saka kawruh, piwulang, lan ajaran. Saliyané iku, uga ana mantra cacah 20 wanda kang digunakaké kanggo muja dhèwèké. Déné uniné mantra kaya mangkéné:[2]

ॐ ह्रीं ऐं श्रीं नमो भगवति उच्छिष्टचाण्डाली श्री मातङ्गेश्वरी सर्वजनवसंकरी स्वाहा ॥

(Om Hrim Tujuan Shrim Namo Bhagvati Ucchishtachandali Shri Matangeswari Sarvajanavasankari Swaha)

Tegesé: "Ingkang pinundhi Dèwi Matangi, tiyang bucalan lan rereged, ingkang kuwaos maring sadaya ingkang sampun tumitah."

Rujukan

besut
  1. a b c d e f g Kinsley, David R. (1997). Tantric visions of the divine feminine : the ten mahāvidyās. Berkeley: University of California Press. ISBN 0-520-20498-0. OCLC 35110166.
  2. a b c Frawley, David. (2003). Tantric yoga and the wisdom goddesses : spiritual secrets of Ayurveda (édhisi ka-2nd ed). Twin Lakes, WI: Lotus Press. ISBN 0-910261-39-3. OCLC 54524388. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung)
  3. a b Benard, Elisabeth Anne. (2002). Chinnamasta : the aweful Buddhist and Hindu tantric. Delhi: Motilal Banarsidass. ISBN 81-208-1065-1. OCLC 48834751.
  4. a b c Kinsley, David R. (1986). Hindu goddesses : visions of the divine feminine in the Hindu religious tradition (édhisi ka-1st pbk. print). Berkeley: University of California Press. ISBN 978-0-520-90883-3. OCLC 45843144.
  5. a b Foulston, Lynn. (2009). Hindu goddesses : beliefs and practices. Brighton [England]: Sussex Academic Press. ISBN 978-1-902210-43-8. OCLC 227205926.