Palung Mariana
Palung Mariana yaiku panggonan kang ana ing paling ngisor lan sisih kulon sagara Samodra Pasifik, tepate ana ing sisih wétan kapuloan Mariana ing 11° 21' Lor Latitude lan 142° 12' Wétan Longitude, cedhak karo Filipina lan Jepang.[1] Palung iki yaiku palung kang paling jero sadonya kang paling njero panggonane ana ing kerak bumi.[1] Paling ngisor saking palung iki ana ing pérangan paling njaba laut,luwih adoh saking dhuwuring gunung Everest ing dhuwur saking njoboné laut.[1] Jerone saking palung iki nganti 11,091 mèter (36,201 kaki) sak ngisor jaboné laut lan dawane palung nganti 255 km (1580 mil).[1] Kanggo bisa nonton kejeronane kaya ngono, upamané gunung Everest duwé dhuwur 8.848 mèter ana ing paling ngisor palung mau, dadi pucuk saking gunung Everest isih ana 2.076 mèter sak ngisore pérangan paling njobo laut. Utawa misalé kita mlumpat nganggur ing njerone, kita mbutuhake wektu 5 jam kanggo tekan paling ngisor.[1]
Palung iki yaiku dadi wates antarané 2 lempeng tektonik ketemu, zona subduksi yaiku lempeng Pasifik disubduksi sak ngisore lempeng Filipina.[2]
Awale diteliti ing taun 1951 karo kapal Angkatan Laut Britania, Challenger II, kang maringi jeneng titik paling jero saka palung kui mau Kedalaman Challenger.[2] Nganggo suworo gema, Challenger II ngukur jerone 5.960 fathom (10.900 m) ana 11° 19' U, 142° 15' T.[2] Suwarane mau dibolan-baleni nganti ping akèh nganggo "earphone" kanggo ngrungokake sinyal kang mbalek nalika "stylus" nglewati skala jero "graduated", sak liyané iku wektu ngukur cepete mesin gema-suara, sijiné panggonan kang diperluake saking prosès iki, ditangani karo "stopwatch".[2] Kanggo alasan iki dianggep cukop ati-ati kanggo ngurangi sak skala divisi (20 fm) nalika ngumumake resmi jerone kang anyar 5.940 fm (10.863 m).[2] Ing paling ngisor Palung Mariana, banyu duwé tekanan kang gedhéné 1.086 bar.[2]
Palung Mariana kang dadi panggonan paling jero ing donya, nyimpen sejuta misteri. Kalebu kéwan-kéwan unik kang bisa nahan urip ing kondisi ekstrim ing laut paling jero.[3] Jerone laut kanthi tekanan kang luwar biyasa gedhene iki, awalé dianggep mung dipanggoni karo spésies primitif, nanging katemoakake ing mburi nuduhke yaiku ana ing njerone laut kang paling jero isih dtemukake spésies kang durung bisa diidentifikasi. Sebagian yaiku makluk kang ukurane cilik, nanging dhèwèké bisa nahan urip ing kondisi lingkungan kang paling ekstrim.[3]
1. Stauroteuthis syrtensis[3] Ana ing panggonan kang jerone 2500 m. Nduweni ukuran nganti 50 cm.
2. Grimpoteuthis dumpo octopus[3] Ana ing panggonan kang jerone 300-5000m. Nduweni ukuran nganti 1,5m.
3. Mertensia Ovum[3] Nduweni ukuran 8 cm
4. Himantolophus paucifilosusp football fish[3] Ana ing panggonan kang jerone 1000-4000m. Kang wadon duwé ukuran nganti 45m.
5. Udentified Anglerfish[3] Ana ing panggonan kang jerone 1000-4000m. Nduweni ukuran nganti 15m.
6. Amphitretus Pelagicus Telescope Octopus[3] Ana ing panggonan kang jerone 100-2000m. Nduweni ukuran nganti 30 cm.
7. Stauroteuthis syrtensis Glowing Sucker Octopus[3] Ana ing panggonan kang jerone 700-25000m. Nduweni ukuran nganti 50 cm.
8. Paraliparis copei copei Blacksnout seasnail [4]
Ana ing panggonan kang jerone 200-1692m. Nduweni ukuran nganti 17 cm.
9. Munnopsis[4] Ana ing panggonan kang jerone 900-30000m. Nduweni ukuran nganti 15 cm.
10.Chondrochladia lampadiglobus ping-pong tree sponge[4] Ana ing panggonan kang jerone 2600-3000m. Nduweni ukuran nganti 50 cm.
11.Tiburonia granrojo The big red[4] Ana ing panggonan kang jerone 1500m. Nduwéni ukuran nganti 5m diameteré.
12.Benthocodon stomias boa Scally dragonfish[4] Ana ing panggonan kang jeroné 200-1500m. Nduwèni ukuran nganti 32 cm.
Salah sijiné laut kang paling jero ing donya, Palung Mariana ing Samodra Pasifik, kang nduwé jero 10,9 km ing ngisor saking lumah laut, balik dadi sumber kanggo diteliti.[5] Wektu iki peneliti kang kabawah maring Professor Ronnie Glud saking University of Southern Dhènemarken lan Scottish Association for Marine Science nyoba ngungkapke rahasia gantine iklim saking Palung Mariana.[5]
Glud kang ngadakake kerjasama maring Japan Agensi for Marine Earth Science and Technology nggawè panalitèn ngaggo sijiné instrumen kang tahan maring tekanan gedhé.[5] Instrumen ditambahi kaliyan program kang bisa neliti keadaane Palung Laut iku diluncurke saking kapal nganti obah tiba bébas mengisor.[5]
Dasare panalitèn ya iku péngin ngerti sepiro akèhé bahan organik kang dihasilké saking alga lan iwak ing lumah kang terakumulasi ing palung laut.[5] Sekabehe, bisa kang asalé saking konsumsi baktèri, tergradasi utawa kang wis kependem.[5] Dhèwèké ngomong, studi mau bisa mènèhi gambaran marang gunané laut ing siklus karbon kanthi global.[5] Nganti saiki, studi ngenani gunané laut ing siklus karbon nembé diteliti nganti jerone 4,6 km nganti 5,5 km.[5]
Observasi Glud kanthi spesifik mènèhi gambaran ngenani gunané palung laut.[6] Ngungkapaké hasilé studi, Glud maparké yèn manungsa duwé cadangan karbon ing jerone palung iki luwih gedhé saking kang di kira-kira sadurungé.[6] Tegesé, kitaduwéni karbon dioksida yang kapendem ing jero laut kathi konsèntrasi kang durung diketahui sadurungé.[6] Glud uga njelaske yèn didasarke hasil studine, palung laut iku terbukti duwé fungsi kanggo panggonan karbon terakumulasi.[6] Palung uga duwé aktivitas kang gedhé, tegesé luwih akèh karbon kang diowah déning bakteri ing panggonan palung iku.[6]
Proyek ambisius kang diinspirasi saking kepinginané Stephen Hawking iki arep bertualang ing lima palung laut kang paling jero ing donya kanthi gunakaké Virgin Oceanic.[7] Kapal kang dawané 5,5 mèter dikira-kira bisa nyelem kanthi jeroné 11 kilomèter ing lumah laut.[7]
Pancen tekanan ing jeroné laut kira-kira 1.000 atmosfer kira-kira setara maring 8.000 gajah kang ngadek ing dhuwur Mini Cooper.[7] Kapal selam kang ora tahan bisa nyiut utawa nyusut.[7] Nganti saiki, kapal selam kang isiné manungsa nembé bisa nyelem nganti jero 0.500 mèter.[7] Alhasil, separo saking Palung laut namung dieksplorasi maring kapal selam robot, lan sebagiané malah durung pernah dijamah déning manungsa.[7] Ing Palung Mariana, kang dikenal paling jero ing donya, nembé Don Walsh lan Jacques Piccard ing taun 1080 ngadakaké panalitèn.[7]
Gagasan pyoyek iki asalé saking Steve Fosset-sahabat Branson kang ngrencanakaké nyelem dewekan ing Palung Mariana.[7] Branson seterusé ngumpulaké ilmuwan saking Scripps Institution of Oceanography, University of Southern California, University of Hawaii, lan Monterey Bay Aquarium Research Institude.[7] Branson nggandeng Graham Hawkes (kang nduwé Hawkes Technologies Ocean) kanggo ngrancang lan nggawé jet kapal selam iki.[7] Para ilmuan antusias maring peluang kang bakal dilakoni jet kapal selam Virgin Oceanic.[7]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e [http://www.indonesianmaritimenews.com/médhia.php?module=detailberita&id=327-palung-laut-terdalam-di-dunia[pranala mati permanèn] www.indonesianmaritimenews.com Palung laut terdalam di donya (diundhuh 14 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f [1][pranala mati permanèn] (diundhuh 10 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j [2] Archived 2011-04-01 at the Wayback Machine. (diundhuh 9 Juli 2011)
- ↑ a b c d e [3][pranala mati permanèn](diundhuh 9 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h [4] (diundhuh 10 Juli 2011)
- ↑ a b c d e [5](diundhuh 10 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k [6][pranala mati permanèn](diundhuh 10 Juli 2011)