Samodra Pasifik

segara

Cithakan:Lima Samodra Samodra Pasifik utawi Lautan Pasifik (saking basa Spanyol Pacifico, tegesipun tenang) mujudaken kumpulan toya paling ageng sa donya. Cakupan samodra punika kinten-kinten watawis saprotigan lumahipun Bumi, kanthi jembar 179,7 yuta km² (69,4 yuta mi²). Panjangipun watawis 15.500 km (9.600 mi) saking Laut Bering ing Arktik ngantos dumugi batasan es wonten Laut Ross Antartika ing tlatah kutub kidul. Samodra Pasifik saking kilèn mangetan paling wiyar inggih punika wonten ing 5 derajat garis lintang lèr, watawis 19.800 km (12.300 mi) saking Indonésia ngantos dumugi ing pasisir Kolombia. Wates sisih kilèn samodra punika limrahipun dipunwiwiti saking Selat Malaka. Titik paling andhap lumah Bumi—Palung Mariana— inggih dumunung wonten ing Samodra Pasifik. Samodra punika dumunung antawis Asia lan Australia ing sisih kilèn, Amérika ing sisih wétan, Antartika ing sisih kidul lan Samodra Arktik ing sisih kalèr.

Samodra Pasifik dipunpirsani saking pasisir ing pérangan tengah Chili

Samodra Pasifik ngandhut watawis 25.000 kepulauan (langkung saking sadaya jumlah kapuloaning tlatah sanèsipun ing donya manawi kagabung), ingkang mayoritas dumunung wonten ing pérangan kidul khatulistiwa. (Pirsani: KapuloanPasifik.)

Wonten ing batasan ireguler Samodra Pasifik tinemoaken kathah seganten, ingkang paling ageng inggih punika Laut Sulawesi, Laut Koral, Laut Cina Timur, Laut Jepang, Laut Cina Selatan, Laut Sulu, Laut Tasman lan Laut Kuning. Selat Malaka nggandèngaken Samodra Pasifik kaliyan Samodra Hindia ing sisih kilèn, lan Selat Magellan nggandhèngaken Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ing sisih wétan.

Penjelajah Portugis Ferdinand Magellan minangka tiyang ingkang maringi nama Samodra Pasifik. Kanggé sapérangan pelayaranipun saking Selat Magellan ngantos dumugi Filipina, Magellan èsty ngraosaken katenangan seganten wau. Nanging, Samodra Pasifik inggih boten tansah tenang.. Wonten panggènan ingkang Samodra Atlantik langkung wiyar, Samodra Pasifik dados ciut. Bab punika njalari asring kadadosan lindhu. Kathah angin puyuh lan topan ingkang ngrisakaken pulo-pulo ing Pasifik lan tanah ing tlatah Pasifik dipunkebaki déning gunung latu lan asring dipunguncang déning lindhu. Tsunami, ingkang dipunsebabaken déning lindhu saking dhasar seganten, saged ngrisakaken pulo lan ngleburaken sadaya wangunan ing kitha.

Samodra Pasifik
Samodra Pasifik

Dasar samodra

besut

Titik paling inggil lan paling andhap

besut
  • titik paling andhap:-10.924 m (-35.840 kaki). ing dhasaripun Palung Mariana
  • titik paling inggil: lumahing seganten 0 m

Ciri khas perairan Pasifik

besut

Cuaca

besut

Géologi

besut

Bawana

besut

Sajarah lan ékonomi

besut

Bibliografi

besut
  • Barkley, R.A., Oceanographic Atlas of the Pacific Ocean (1969)
  • Cameron, I., Lost Paradise (1987)
  • Couper, A., Development in the Pacific Islands (1988)
  • Crump, D.J., ed., Blue Horizons (1980)
  • Gilbert, John, Charting the Vast Pacific (1971)
  • Lower, J. Arthur, Ocean of Destiny: A Concise History of the North Pacific, 1500-1978 (1978)
  • Oliver, D.L., The Pacific Islands, 3d ed. (1989)
  • Ridgell, R., Pacific Nations and Territories, 2d ed. (1988)
  • Soule, Gardner, The Greatest Depths (1970)
  • Spate, O.H., Paradise Found and Lost (1988)
  • Stanley, David, Moon Handbooks South Pacific (2004)
  • Terrell, J.E., Prehistory in the Pacific Islands (1986).
Adhedasar teks domain publik saking US Naval Oceanographer Archived 2002-04-14 at the Wayback Machine.
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.