Panulisé tembung peprenahan

Panulisé tembung peprenahan diwiwiti nganggo aksara murda. Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan, kaya ta ibu, bapak, bibi, pakdhe, mbakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, éyang, simbah, Ian sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa).

Panulisé tembung peprenahan diwiwiti nganggo aksara murda. Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan kaya ta, ibu, bapak, bibi, pakdhe, mbakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, eyang, simbah, Ian sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa).

PanuliséBesut

Contoné:

  1. Kala wingi Ibu tindak dhateng Surabaya piyambakan.
  2. Lajeng kersanipun Bapak sapunika kados pundi?
  3. Minggu wingi Pakdhe uga tindak Semarang.
  4. Wah, Kakang wis mulih,… olèh-olèhé apa Kang?

Panulisé tembung ibu, bapak, pakdhe lan kakang utawa kang ing ukara-ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda jalaran tembung-tembung mau minangka tembung sesulih (sesulih madyama purusa) utawa minangka tembung panyapa. Ananging peprenahan sing ora dianggo tembung sesulih utawa panyapa, panulisé diwiwiti nganggo aksara cilik, ora perlu nganggo aksara murda.

Contoné:

  1. Kala wingi ibunipun laré punika ugi tindak mriki.
  2. Tiyang wau èstunipun taksih kaprenah pakdhe kalihan laré punika.
  3. Kowé wis tampa Iayang saka bapakmu durung, Ti?
  4. Sésuk aku arep mboncèng kakangmu waé kok.

Tembung ibunipun, pakdhe, bapakmu, Ian kakangmu ing ukara-ukara iki dudu tembung sesulih Ian uga dudu tembung panyapa, ananging mung minangka araning peprenahan. Mulané, panulisé tembung-tembung mau ora perlu diwiwiti nganggo aksara murda.

Sabanjuré, tembung peprenahan sing dikanthèni jeneng utawa araning wong, drajat, pangkat, kaiungguhan, utawa sesebutan sing dikanthekaké ing saburiné tembung peprenahan mau uga diwiwiti nganggo aksara murda.

Contoné:

  1. Sajengkaringsun, katentremaning praja mangsa borong Kakang Patih!
  2. Laré punika putranipun Pak Marta ingkang pambajeng.
  3. Mat, layang iki aturna marang lbu Lurah!
  4. Adhik arep takdadahaké Mbah Dhukun, kowé mèlu ora?

Panulise kakang lan patih, pak lan Marta, ibu lan Iurah, mbah lan dhukun ing ukara-ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda.[1]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 5–6. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut