Perusahaan Gas Negara
PT Perusahaan Gas Nagara (Persero) Tbk disingkat PGN (Cithakan:Bei) ya iku BUMN kang bergerak ing babagan transmisi lan distribusi gas bumi.
Type | Publik (Cithakan:Bei) |
---|---|
Industry | Transmisi dan distribusi gas bumi |
Founded | 1859 (I.J.N. Eindhoven & Co) |
Headquarters | Kantor Pusat Jl. KH Zainul Arifin No. 20 Jakarta-11140, Indonésia |
Key people | Hendi Prio Santoso (Direktur Utama) |
Products | Gas bumi |
Website | www.pgn.co.id |
Sajarah
besutAwalé pengusahaan gas ing Indonésia ya iku perusahaan gas swasta Walanda kang jenengé I.J.N. Eindhoven lan Co ngadeg nalika taun 1859 kang ngenalaké penggunaan gas kutha ing Indonésia kang digawé saka batu bara. Nalika taun 1958 perusahaan mau dinasionalisasi lan diowah dadi PN Gas kang seterusé ya iku tanggal 13 Mèi 1965 berubah dadi Perusahaan Gas Nagara. Tanggal ikilah kang sebanjuré dipèngeti minangka dina dadi PGN ing saben tahuné. Perusahaan iki wiwit nyaluraké gas alam nggantikaké gas buatan saka batu bara lan lenga kang ora ékonomis nalika taun 1974. Konsumené ya iku sektor rumah tangga, komersial lan indhustri. Penyaluran gas alam kanggo pertama kali dilakokaké ing Cirebon taun 1974, banjur disusul katurut-turut ing wewengkon Jakarta taun 1979, Bogor taun 1980, Medan taun 1985, Surabaya taun 1994, lan Palembang taun 1996.
Andhedhasar kinerjané kang terus ngalami peningkatan, mangka nalika taun 1984 statusé berubah dadi Perum lan nalika taun 1994 statusé ditingkatkan lagi dadi Persero kanti penambahan ruang lingkup usaha kang luwih amba ya iku saliyané ing babagan distribusi gas bumi uga ing babagan kang luwih marang sektor hulu ya iku ing babagan transmisi, ing ngendi PGN kanti fungsi minangka transporter.
PGN banjur ngleboni babak anyar dadi perusahaan terbuka ditandai kanti kacatheté saham PGN nalika tanggal 15 Dhésèmber 2003 ing Bursa Efek Indonésia.
Bisnis PGN
besutDistribusi gas bumi
besutPGN ngoperasikaké jalur pipa distribusi gas kang dawané nganti 3.750 km, nyuplai gas bumi marang pembangkit listrik, indhustri, usaha komersial kalebu restoran, hotèl lan rumah sakit, sarta rumah tangga ing wewengkon-wewengkon kang paling padat penduduké ing Indonésia. PGN éntuk keuntungan saka pangadolan gas marang konsumen.
Transmisi Gas Bumi
besutJalur pipa transmisi gas bumi PGN kasusun saka jaringan pipa kanti tekanan dhuwur sedawané sakiwa-tengené 2.160 km kang ngirimaké gas bumi saka sumber gas bumi marang stasiun panampa pembeli. PGN nampa Toll Fee kanggo ngirim gas jumbuh karo Perjanjian Transportasi Gas (GTA) kang berlaku suwéné 10 nganti 20 taun. Unit Bisnis Strategis
Kanggo ngawasi kagiyatan operasional transmisi lan distribusi, PGN mbagi area bisnisé dadi papat Unit Bisnis Strategis kanti fokus géografis dhéwé:
- SBU Distribusi Wewengkon I, nyakup area Sumatera Selatan nganti Jawa Barat (kalebu Jakarta)
- SBU Distribusi Wewengkon II, nyakup area Jawa Timur
- SBU Distribusi Wewengkon III, nyakup Sumatera Utara, Riau (Pekanbaru) lan Kapuloan Riau (Batam)
- SBU Transmisi, nyakup jaringan transmisi ing Sumatera Selatan lan Jawa
Skliyané iku anak perusahaan PGN, PT Transportasi Gas Indonésia, ngemunah bisnis transmisi gas bumi kanggo jaringan Grissik-Duri lan Grissik-Singapura. Anak Perusahaan lan Perusahaan Afiliasi
- PT Transportasi Gas Indonésia: transmisi gas bumi
- PT PGAS Telekomunikasi Nusantara (PGASCOM): telekomunikasi
- PT PGAS Solution: konstruksi
- PT Nusantara Regas: terminal penyimpanan lan regasifikasi nganmbang
- PT Saka Energi Indonésia: kagiyatan ing babagan hulu
- PT Gagas Energi Indonésia: kagiyatan ing babagan hilir
- PT Gas Energi Jambi: perdagangan, konstruksi lan jasa
- PT Banten Gas Synergi: jasa, transportasi, perdagangan lan pertambangan (Afiliasi)
Saham PGN
besutBebarengan karo akèhé privatisasi BUMN ing Indonésia, pamaréntah terus nglakokaké pangadolan saham BUMN iki. Saiki pamaréntah amung nguwasani 51 persèn saham PGN wondéné 49 persèn turahané dikuasai publik.
Nalika pertengahan Januari 2007, informasi ketelatan komersialisasi gas via pipa transmisi SSWJ saka manajemen PGN dadi penyebab utama anjloké rega saham BUMN iku nganti 23% sajeroning sadina. Sentimen négatif ing pasar modal iku kaitané karo kecurigaan yèn PGN lan pamaréntah nutup-nutupi ketelatan proyèk mau kang kuduné wis operasi nalika Dhésèmber 2006, nanging ditunda nganti Januari 2007 lan katunda maning nganti Maret [1]. Akibaté PGN kenoi denda déning Pertamina ya iku US$ 15.000 per dina awit 1 November 2006[2].
Nalika taun 2011, komposisi saham pamaréntah nganti 57% lan turhane publik 43% [3]
Pranala njaba
besutCathetan sikil
besut- ↑ "BEJ dan Bapepam Diminta Selidiki Anjloknya Saham PGN". Media Indonésia. 2007-01-14.[pranala mati permanèn](Kaunduh 14/2/13)(Kaunduh 14/2/13)
- ↑ "PGN Bayar Denda". Kompas Cybermedia. 2007-01-16. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-29. Dibukak ing 2013-02-14.(Kaunduh 14/2/13)
- ↑ Komposisi saham PGN