Prabu Salya iya Salyapati iku ratu ing Mandaraka utawa Madras. Nalika isih enom jenengé Radèn Narasoma, dhèwèké iku putra pambayuné Prabu Mandrapati iya Mandradipa. Sasedulur ana loro, ya iku Salya (Narasoma) lan Dèwi Dèwi Madrim (ibuné Nakula-Sadewa). Prameswariné Prabu Salya sesilih Endang Pujawati iya Dèwi Setyawati, atmajané pandhita yaksa peparab Begawan Bagaspati ing pertapan Argabelah. Prabu Salya kalebu salah sijiné ratu kang digdaya, jalaran kasinungan aji Candhabirawa peparingé bapa marasepuhé ya iku Begawan Bagaspati. Dayané aji Candhabirawa iki yèn kawateg saka anggané Prabu Salya bisa metu buta bajang kang dhemen ngokop ludirané mungsuh. Sekawit buta bajang iku mung siji, nanging yèn buta bajang iku dipatèni banjur malih dadi loro, buta loro dipatèni bisa malih dadi papat, wolu, nem-belas, telungpuluh loro, suwidak papat saéngga suwé-suwé ing paprangan kebak buta. Mesthi waé mungsuhé Salya iya banjur mati dipangan buta. Carita tresnané marang Dèwi Pujawati uga asring dadi tuladha tresna éndah.

Prabu Salya

Carita Tresna lan Maratuwa

besut

Nalika isih enom, jenengé Narasoma. Nara artiné manungsa, soma artiné rembulan. Rupané pancèn nggantheng. Sawijining dina dhèwèké kepranan marang sawijining wanita, Dèwi Pujawati. Tresna nyawiji kanthi becik lan ora keplok sisih. Nanging, Narasoma rumangsa isin amarga Pujawati iku anaké raseksa, Bagaspati. Bagaspati kang wis dadi begawan ngerti dhèwèké kudu mati. Narasoma matèni maratuwané iku. Getih kang metu saka tatuné wernané putih, kang nandhakaké yèn Bagaspati wong jujur lan apik. Bagaspati ngetokaké sepata yèn mengko Narasoma bakal mati déning wong kang getihé putih. Nanging Bagaspati uga mènèhi aji-aji Candhabirawa utawa Candrabirawa.

Dadi Raja

besut

Sawisé dadi raja ing Mandaraka/Madras nggentosi kalenggahané ingkang rama Prabu Mandrapati, Narasoma ganti jeneng dadi Prabu Salya. Déné Pujawati uga dijenengi Setyawati. Prabu Salya lan Endang Pujawati pancèn silih setya. Salya janji ora bakal nresnani wanita liya. Seka jejodhoan iki gadhah anak lima:

Bharatayudha

besut

Ing Bharatayudha, dhèwèké mbélani Kurawa, nanging sajatiné dhèwèké luwih tresna marang Pandhawa.Ing lakon Karno Tandhing, Prabu salya kelakon ngusiri kréta perangé Adipati Karna kang perang tandhing lumawan Arjuna. Salya kang sadurungé wis rumangsa diéwak-éwakaké déning anak mantuné iku, gawé paéka. Nalika Karna menthang langkaping senjata pamungkas Kyai Kuntawijayadanu iya Kunta Wijayacapa, krétané digenjot sarosané karo Salya, saéngga pangembating jemparing ora bisa ngenani janggané Arjuna. Kamangka yèn ora dipaéka, mesthi guluné Arjuna bisa tugel temenan. Jemparingé Adipati Karna mung mbodholaké rikmané Arjuna kang banjur dienggoni topong. Kekaroné nutugaké anggoné perang tandhing lan nalika Arjuna nggenti nglepasaké senjata pamungkasé aran panah Kyai Pasopati, jemparing iku ngenani janggané Karna saéngga palastra ing Palagan Prabu Salya dhéwé akiré uga maju dadi senopatiné para Kurawa. Kasektèné gawé prajurit Pandhawa kocar-kacir. Kresna dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya golèk sisik melik piyé carané ngalahaké Salya. Prabu Salya ngaku yèn dhèwèké bakal kalah déning wong kang getihé putih. Yudhistira, kang getihé putih, maju. Aji Candhabirawa ora kuwat ngadhepi mungsuh wong kang getihé putih, mula banjur ilang musna bali marang mula bukané. Sabanjuré Salya tumekaning pati amarga disawat Jamus Kalimasada kang tinacepan Bramasta. Sekawit kacarita Puntadewa ora mentala, nanging ndilalah tangané kepanjingan yitmané Begawan Bagaspati saéngga astané kemlawé nyawat Prabu Salya nganggo pusaka Jamus kalimasada iku. Bareng wuninga yèn Prabu Salya palastra ana paprangan Dèwi Pujawati uga banjur mèlu béla pati. Kraton Mandaraka akiré diwènèhaké marang Nakula.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut