Reca Buda ing Bamiyan

Reca Buda ing Bamiyan punika reca ingkang jaman rumiyin jumeneng lan dipunukir ing sisih satunggalipun jurang ing lembah Bamiyan, ing tengahipun Afganistan. Punika inggih monumèn ingkang kasungsun saking kalih reca Buda. Dunungipun reca kirang langkung 230 km arah lor-kilèn saking Kabul ing 2500 mèter sanginggiling siti.[1] Katonipun kamungkinan ageng reca-reca dipundamel nalika abad kaping 5 utawi abad kaping 6 lan inggih punika aworan antawisipun gagrag klasik mawi Seni Buda-Yunani.[2]

Sana Warisan Donya UNESCO
Sesawangan Budaya lan Peninggalan Arkéologi ing Lembah Bamiyan
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
JinisBudaya
Wewatoni, ii, iii, iv, vi.
Rujukan208
Tlatah UNESCOAsia-Pasifik
Sujarah prasasti
Prasasti2003 (Sési Twenty seventh)
Kabebayan2003-

Badan-badan utama dipuntatah kanthi langsung saking watu tebing, nanging detailnya dipundamel kanthi lendhut ingkang kacampur kaliyan damén lan dipunlapisi kanthi sajinis semen. Lapisan punika ingkang sapérangan ageng praktis sampun ical wiwit rumiyin, lajeng dipuncat saperlu mujudaken èksprèsi praupan, tangan lan lekukanlekukan jubah kanthi langkung jelas. Pérangan ngandhap tanga-tangan patung ugi kadamel saking campuran lendhut lan damen ingkang sami, déné dipunsengkuyung kaliyan kayu-kayu penopang. Dipunduga keras pérangan inggil praupan patung-patung dipundamel saking topeng-topeng kayu raksasa. Deretan bolongan ingkang saged dipuntingali ing photo minangka papan kanggé nyengkuyung steger kayu ingkang nyengkuyung lapisan semen njawi.

Sajarah

besut
 
Patung Buda Bamiyan

Amargi dumunung ing Jalur Sutra ingkang ngubungaken Tiongkok lan India kaliyan "donya barat", Bamiyan ngrembaka dados pusat agama lan filsafat. Laladan punika ugi minangka situs sapérangan biara Buda. LAjeng laladan punika ugi wigati amargi minangka papan berpadunipun budaya Barat lan Timur kanggé nyiptakaken bentuk-bentuk énggal Seni Buda-Yunani. Laladan punika minangka salah satunggaling pusat Buda ingkang ageng wiwit abad ke-2 SM dumugi mlebetipun Islam ing lembah punika nalika abad ke-9.[3] Para bhiksu ing biara-biara (wiyara) dumunung minangka pertapa ing gua-gua alit ingkang dipundamel ing pinggir-pinggir tebing sedawa lembah Bamiyan. Kathah saking para biarawan punika natah patung-patung ing salebeting gua-guanipun. Kathah patung-patung Buda wonten ing posisi jumeneng lan lenggah ingkang ukuranipun manéka jinis kapanggih ngadhep jurang, gua punika inggih kathah ingkang dipunhias kaliyan para biksu kanthi fresco ingkang manéka warni. Kalih patung ingkang utama inggih punika Buda ingkang posenipun ngadeg ingkang ukuranipun 55 lan 37 mèter, tuladha-tuladhanipun patung buddha madeg ingkang dipuntatah lan ingkang langkung ageng wonten ing donya. kakalih patung punika minangka marka tanah budaya kanggé pinten-pinten taun lan situs punika malah ugi dipunsenaraikaken wonten ing Pratélan Situs Warisan Dunia déning UNESCO.[4]

Salah sawijining tiyang ingkang minangka peziarah Buddhis saking Tiongkok ingkang namanipun Hsüan-tsang (Xuanzang) nglewati tlatah punika kinten-kinten taun 630 lan nyerat bilih Bamiyan minangka salah sawijining pusat Buda ingkang ngrembaka "kanthi langkung saking sedasa biara lan langkung saking satunggal èwu bhiksu"[5], tiyang punika inggih nyerat bilih kakalih patung Buda punika "dipunhias kanthi emas lan watu permata mulia" (Wriggins, 1996). [6]

Bahan wewaosan

besut
  • Cloonan, Michele V. "The Paradox of Preservation", Library Trends, Summer 2007.
  • Kassaimah, Sahar. "Afghani Ambassador Speaks At USC", IslamOnline, 12 March 2001.
  • Maniscalco, Fabio. World Heritage and War, monographic series "Mediterraneum", vol. 6, Naples 2007, Massa Publisher "Catalogo: MEDITERRANEUM". Massa Editore. Diarsip saka sing asli ing 2008-12-31. Dibukak ing 2009-12-06.
  • Noyes, James. "Bamiyan Ten Years On: What this Anniversary tells us about the New Global Iconoclasm", "Telos", 1 March 2010.
  • Weber, Olivier, The Assassinated Memory (Mille et Une Nuits, 2001)
  • Weber, Olivier, Tha Afghan Hawk: travel in the country of talibans (Robert Laffont, 2001)
  • Weber, Olivier, On the Silk Roads (with Reza, Hoëbeke, 2007)
  • Wriggins, Sally Hovey. Xuanzang: A Buddhist Pilgrim on the Silk Road. Boulder: Westview Press, 1996
  • Cithakan:Wayback
  • "Afghanistan 1969-1974: February 2001"
  • "Artist to recreate Afghan Buddhas". BBC News, 9 August 2005.
  • "Bamian Buddha Statues and Theosophy" Archived 2005-03-08 at the Wayback Machine.
  • "Japanese researchers make breakthrough on destroyed Bamyan paintings". Mainichi Shimbun, Japan, 2004-12-11.
  • "Pakistani, Saudi engineers helped destroy Buddhas" Daily Times, Sunday, 19 March 2006.
  • "The Rediff Interview/Mullah Omar, 12 April 2004"

Cathetan suku

besut
  1. http://whc.unesco.org/en/list/208
  2. http://www.bbc.co.uk/news/magazine-18991066
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-09. Dibukak ing 2013-01-17.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-08-11. Dibukak ing 2013-01-17.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2007-03-07. Dibukak ing 2013-01-17.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. http://www.guardian.co.uk/books/2012/may/18/buddhas-bamiyan-llewelyn-morgan-review