Salman Yoga S

Penyair Indonesia

Salman Yoga S utawi ingkang langkung misuwur kanthi nama S. Yoga inggih punika salah satunggaling sastrawan Indonésia ingkang miyos wonten ing Takengon, Acèh Tengah ing tanggal 5 Juli 1973, utawi ingkang sapunika yuswanipun 40 taun.[1] Yoga inggih lulusan saking sarjana Komunikasi dan Penyiaran Islam Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (UMY), lan piyambakipun ugi ngrampungaken program pascasarjana ing babagan Magister of Art ing salah satunggaling pawiyatan luhur ing Medan.

Salman Yoga S

Padamelanipun

besut

Salma Yoga inggih sampun naté dados Ketua II Himpunan Sastrawan Muda Indonesia (HISMI), lajeng mantan Ketua Sanggar Kagunan Lungun Ikatan Pemuda Dan Mahasiswa Lut Tawar Yogyakarta (IPEMAHLUTYO) lan Sanggar Kagunan Meukuta Alam Taman Pelajar Acèh Yogyakarta (ing taun 1995-1998). Sasampunipun rampung saking sekolahipun, Salman Yoga netepaken kanggé dumunung ing tanah laladan aslinipun ing Takengon. Kajawi mucal dados dhosèn ing satunggaling mata kuliah ing Universitas Gajah Putih Takengon (STAI-UGP) lan Perguruan Tinggi Muhammadiyah, piyambakipun ugi dados wong tani kopo. Salman Yoga ugi sampun naté dados Ketua I babagan Penelitian, Pengembangan dan Program Dewan Kesenian Takengon (DEKATE) ing taun 2002-2008, lajeng dados Ketua Himpunan Seniman dan Satrawan Muda Gayo (HSMG), ketua Teater Reje Linge Takengon, Ketua babagan Majelis Adat Dan Kebudayaaan Gayo Takengon (MANGO). Minangka dados sastrawan, Salman Yoga S, ugi kecathet namanipun ing buku “Leksikon Susastra Indonesia” [2] ingkang dados editor inggih punika Korri Layun Rampan (lan dipunwedalaken déning Balai Pustaka Jakarta ing taun 2000) saha kecathet wonten ing “Buku Pintar Sastra Indonesia” ingkang dipunserat déning Pamusuk Eneste ingkang dipunwedalaken déning Kompas Group ing taun 2001.

Asiling Karya

besut

Antologi puisi tunggalipun ingkang sampun dipunwedalaken inggih punika kanthi irah-irahan “Sajak-Sajak Rindu” (KKSBMIY, 1995) lan novèl “Tungku” (Banda Acèh, Aneuk Mulieng, 2006). Puisi, cariyos cekak, saha esainipun Salman Yoga ugi kapacak wonten ing antologi sesarengan kanthi irah-irahan ”Percikan Tawar Danau Laut Tawar”(stensilan.1998), ”Gendewa” (HISMI. 1999), ”Acèh Mendesah Dalam Nafasku”, (Kasuha. 1999), ”Pasar Kembang” Komunitas Sastra Indonesia UGM. 2000), ”Embun Tajali” Festifal Kesenian Yogyakarta (FKY. XIII) 2000), ”Antologi Puisi Dan Geguritan” Dewan Kesenian Sléman Yogyakarta. 2000), “Jakarta Dalam Puisi Mutakhir” (ed. Korri Layun Rampan, Dinas Kebudayaan Jakarta.2000), ”Dalam Beku Waktu“ (Koalisi NGO HAM Acèh dan ICCO Jakarta, 2002), “Takdir-Takdir Fansuri” Dewan Kesenian Banda Acèh (DKB. 2002), “Selama Rencong Adalah Tanda Mata” (Koalisi NGO HAM Acèh dan CSSP Jakarta. 2002), “Maha Duka Acèh” PDS HB Jassin Jakarta 2005, “8-9 Lalu Tsunami” (Panitia Acèh Bangkit Jakarta 2005), “Syair Tsunami” (ed LK Ara & Mustafa Ismail 2005), “Lagu Kelu” (ASA Banda Acèh & Japan-Acèh Net Tokyo, 2005), “Ziarah Ombak” (Institute for Culture and Sociaty, 2005), “Ulang Tahun Perkawinan” (Medan, Analisis, 2007).[3] Lajeng, karyanipun ugi wonten ingkang ing wujud kaset baca puisi kanthi irah-irahan “Langitpun Mulai Merapat” (KKSBMIY.1997), “Mencintai Acèh Dengan Asap Ganja” (Misty Studio Yogyakarta.1999). Déné karyanipun ingkang awujud visual baca puisi kapacak wonten ing “BELBES” produksi Dewan Kesenian Takengon (DEKATe, 2003) dan VCD “Ceh Kucak Gajah Putih” produksi YGP Takengon 2004. Naskah dramanipun ingkang kanthi irah-irahan "Aku Memanggilmu Ine" dipunpentasaken wonten ing Gedung Purna Budaya Yogyakarta (1999), Taman Budaya Banda Acèh (2000) lan Gedung Olah Kagunan Takengon (2001). “Kami Rindu Aman“ dipuntontonaken ing Gedung Taman Budaya Banda Acèh (2002), “Tungku” dipuntontonaken ing Gedung Graha Bakti Budaya Taman Ismail Marzuki (TIM) Jakarta (2003), Gedung Lembaga Indonesia Perancis (LIP) Yogyakarta (2003) lan Gedung RRI Jakarta (2003). “Wih” wonten ing Pista Monolog Nasional déning Dewan Kesenian Jakarta (DKJ) 11–19 Mèi 2005 ing TIM. Naskah teateripun ingkang kanthi irah-irahan "Kembali ke Tungku" ing sasi September lan Oktober 2012 dipuntontonaken ing tigang kitha ageng ing Indonesia awit saking wontenipun Hibah Kagunan saking World Bank saha Acèh Culture Institute.

Cathetan suku

besut
  1. [1] Salman Yoga S (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  2. [2] Salman Yoga S (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  3. [3] Archived 2012-02-05 at the Wayback Machine. Salman Yoga (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)