Semèn ya iku zat kang kanggo ngraketaké watu, bata, batako, utawa bahan yasan liyané.[1]
Tembung semèn asalé saka tembung caementum (basa Latin),kang tegesé ngethok-ngethok dadi luwih cilik lan ora aturan dhapuré.[2]
Sanajan tau misuwur ing jamané, semèn made inNapoli iki wis ora diprodhuksi manèh.[2] Semèn iki ora diprodhuksi sawisé ambruké karajan Romawi, kurang luwih abad pertengahan nalika taun 1100-1500M.[2] Semèn resèp ramuan pozzuolana iki wis ora diprodhuksi manèh.[2]
Sajeroning owah gingsiring pradhaban manungsa ing babagan wewangunan, kerep ana carita yèn para leluhur ing jaman biyèn bisa ngraketakè watu-watu kang gedhé mung nganggo putihendhog, ketan lan liya-liyané.[2] Nanging uga bisa yasa wewangunan kaya ta yasan-yasan kang fénomènal.[2] Contoné Candhi Barabudhur utawa Candhi Prambanan ing Indonésia, kreteg ing Cina kang miturut legendha mung nggunakaké ketan kanggo ngraketaké.[2] Saliyané iku ana uga kang nggunakaké aspal alam kaya ta ing pradhaban ing Mahenjo Daro lan Harappa ing India utawa wewangunan kuna kang tinemu ing Pulo Buton
Bener lan orané, carita, legendha iku nuduhaké yèn semèn wis dikenal wiwit jaman biyèn.[2] Sadurungé nganti dadi wujud kang kaya saiki, kanggo nèmpèlaké lan ngraketaké wewangunan mung nggunakaké campuran watu kapur lan awuvulkanis.[2] Kang sepisanan tinemu ing jaman Karajan Romawi, panceré ing Pozzuoli, cerak teluk Napoli, Italia. Bubuk iku banjur dijenengi pozzuolana.[2]
Ing abad kang kaping 18 (ana uga sumber kang nyebutaké kurang luwih taun 1700-an M), John Smeaton ya iku insinyur kang asalé saka Inggris nemu ramuan kuna kanggo ngraketaké material yasan iki.[2] Dhèwèké nggawé adhonan saka campuran watu kapur lan lemah lempung nalika nggawé lan yasa menara suar Eddystone ing pinggir pasisir Cornwall, Inggris.[2]