Si Tjonat

Si Tjonat (EYD: Si Conat) yaiku filem bandit Indhiya Nèderlan (saiki Indonesia) taun 1929 sing disutradharani Nelson Wong lan diprodhuseri Wong lan Jo Eng Sek. Adhedhasar novel dening F.D.J. Pangemanan, filem iki nyeritake lanang pribumi sing uwal menyang Batavia (saiki Jakarta) sawise mateni kancane lan dadi bandit. Filem bisu sing luwih ditujokake marang pamirsa etnis Tionghoa iki entuk macem-macem tanggapan lan pendapatan sing ora cetha.

Si Tjonat
DisutradaraniNelson Wong
Diprodhuseri
  • Nelson Wong
  • Jo Eng Sek
AdhedhasarTjerita Si Tjonat
déning F.D.J. Pangemanan
Dibintangi
  • Lie A. Tjip
  • Ku Fung May
  • Herman Sim
Perusahaan
prodhuksi
Batavia Motion Picture
Tanggal metu
  • 1929 (1929) (Indhiya Nèderlan)
NagaraIndhiya Nèderlan
BasaBisu

Sanadyan ditujukake minangka filem serial, sekuele ora tau digawe; omah prodhuksine, Batavia Motion Picture, sawise iku ditutup. Nanging, sawetara filem karo genre sing padha dirilis sawise iku, sing kalebu Si Pitoeng, sing disutradharani lan dibintangi karo wong sing padha. Filem iki diduga ilang saka peredaran.

AlurBesut

Tjonat, wong pribumi, mateni kancane lan uwal menyang Batavia (saiki Jakarta), ibu kutha Indhiya Nèderlan, banjur kerja karo wong Walanda. Tjonat lantas ngerampok wong kasebut lan ngerayu nyaine. Tjonat ninggalake omah kasebut lan dadi rampog. Nalika takon Lie Gouw Nio (Ku Fung May), putri saka petani Tionghoa-Indonesia, supaya dadi bojone, Lie nulak. Amargi nesu, Tjonat nyuba nyulik dheweke namung digagalake karo Lie, Thio Sing Sang (Herman Sim), sing nguasain mbela dhiri.[1]

ProdhuksiBesut

 
Si Tjonat adhedhasar Tjerita Si Tjonat (1900).

Si Tjonat disutradharai Nelson Wong, sing ngeprodhuseri filem iki bareng karo rekan bisnise Jo Eng Sek. Kalorone ngedegake Batavia Motion Picture taun 1929.[2] Wong sadurunge nyutradarai siji filem fiksi, Lily van Java (1928), sing didanai karo pegawe General Motors tingkat dhuwur ing Batavia, David Wong.[a][3] Jo Eng Sek, sing nduweni toko, durung sapisan ngeprodhuksi filem.[4]

Crita Si Tjonat adhedhasar novel Tjerita Si Tjonat, karya agung reporter F.D.J. Pangemanann lan mula-mula diterbitake taun 1900.[5] Cerita iki kebukti populer ing kalangan pemaca etnis Tionghoa.[4] Novel iki asring diangkat ing pamentasan panggung dening grup sandiwara Betawi ing wujud lenong.[b][5] Crita iki dipilih dening Jo Eng Sek.[6]

Filem bisu iki direkam nganggo kamera ireng putih lan nampilake Ku Fung May lan Herman Sim.[7] Sim, wong Tionghoa, sadurunge melu ing industri perfileman ing Shanghai, Tiongkok.[8] Ku Fung May malahan durung duwe pengalaman akting. Adegan mbela dhiri uing filem iki terinspirasi karo filem-filem Hollywood sing wektu iku waktu itu misuwur ing Indhiya Nèderlan.[6]

Rilis lan tanggapanBesut

Si Tjonat dirilis taun 1929. Sanadyan fiksi, filem iki dipasarake minangka crita bener.[7] Filem iki menika salah sijining filem domestik sing ditargetkake karo pamirsa etnis Tionghoa, sawise Lily van Java lan Setangan Berloemoer Darah (kalorone 1928). Sejarawan filem Misbach Yusa Biran nyatakake nek film iki isa dideleng saka dominasi etnis Tionghoa ing tim prodhuksi lan pemerane.[c] Penonton pribumi uga nikmati filem iki, utamane adhegan-adhegan aksine.[4] Kritikus filem Indonesia Salim Said nyatakake yen film iki berorientasi komersial.[9]

Cacahing penjualan ora jelas. Said nyatakake yen film iki sukses ing pasaran,[10] sakwetara iku Biran – ngerti yen Batavia Motion Picture dibubarke ora suwe sawise Si Tjonat dirilis – nyatakake yen filem iki gagal.[8] Ulasane uga beragam. Pada umume, pers ngekritik penekanan alur pambunuhan lan angkara. Sak wentoro iku, ing majalah Panorama, Kwee Tek Hoay nyatakake yen filem iki "lumayan uga",[d][4] berfokus ing akting Sim, utamane kabisan mbela dhirine.[8]

Sanadyan awale Si Tjonat direncanakake dadi filem serial, produksi filem kaloro kehambat sawise Batavia Motion Picture ditutup.[10] Jo Eng Sek narik dhiri saka industri perfileman, banjur bali taun 1935 kanggo prodhuksi Poei Sie Giok Pa Loei Tay.[11] Wong tetep aktif ing industri iki bareng kakak-adhine, Joshua lan Othniel. Karo jeneng Halimoen Film, mereka melu maneh ing filem film Si Pitoeng (1931).[12] Lie A. Tjip lan Ku Fung May ora maneh melu ing filem liyane.[13] Sawetara film nyeritake babagan bandit, kalebu Si Ronda (1929) besutan Lie Tek Swie lan Si Pitoeng besutan Wong Kakak-Adhi lan Rampok Preanger (1929) yang dirilis ora suwe sawise Si Tjonat.[14]

Si Tjonat isa dadi kagolong filem ilang. Antropolog visual Amerika Sarekat Karl G. Heider nyatakake yen kabeh filem Indonesia sing digawe sadurunge 1950 ora ngerti meneh kabradaan salinane.[15] Nanging, Katalog Film Indonesia sing disusun JB Kristanto nyebutake yen sawetara filem isih disimpen ing Sinematek Indonesia lan Biran nyatakake yen sajumlah filem propaganda Jepang isih ana ing Dinas Informasi Pamrentah Walanda.[16]

Cathetan penjelasBesut

  1. Dudu sedulur
  2. Crita iki tetep populer nganti era sawise kamerdikaan Indonesia taun 1945 Toer 1982, kk. 28–9.
  3. Kelompok etnis Tionghoa lan pribumi dipisahke dening hukum lan budaya. Pamrentahan kolonial Walanda ngaberlakukake undhang-undhang sing ngebagi tingkatan penduduk Indhiya Nèderlan dadi telu, wong Tionghoa ana ing antara wong Walanda (kelas dhuwur) lan pribumi (kelas ngisor). Dening budaya, peranakan Tionghoa cenderung nyatukakek dirine karo dharatan Tiongkok, dudu budaya pribumi kayata Sunda utawa Jawa. Snadyan etnis Tionghoa menika minoritas ing Indhiya Nèderlan, mereka nduweni standar urip sing luwih dhuwur tinimbang pribumi Sukma 1999, kk. 171–172.
  4. Teks asline: "... atoerannja loemajan djoega".

ReferensiBesut

  1. Filmindonesia.or.id, Si Tjonat; Said 1982, k. 18; Sen 2006, k. 123
  2. Filmindonesia.or.id, Si Tjonat; Biran 2009, k. 234; Said 1982, k. 17
  3. Biran 2009, k. 82.
  4. a b c d Biran 2009, k. 93.
  5. a b Toer 1982, kk. 28–9.
  6. a b Sen 2006, k. 123.
  7. a b Filmindonesia.or.id, Si Tjonat.
  8. a b c Biran 2009, k. 94.
  9. Said 1982, k. 18.
  10. a b Said 1982, k. 19.
  11. Biran 2009, kk. 94, 152.
  12. Biran 2009, k. 113–4.
  13. Filmindonesia.or.id, Ku Fung May; Filmindonesia.or.id, Lie A Tjip
  14. Biran 2009, kk. 105, 113.
  15. Heider 1991, k. 14.
  16. Biran 2009, k. 351.

KutipanBesut

  • Biran, Misbach Yusa (2009). Sejarah Film 1900–1950: Bikin Film di Jawa (ing basa Indonesian). Jakarta: Komunitas Bamboo working with the Jakarta Art Council. ISBN 978-979-3731-58-2. Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)CS1 maint: ref=harv (link) CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  • Heider, Karl G (1991). Indonesian Cinema: National Culture on Screen. Honolulu: University of Hawaii Press. ISBN 978-0-8248-1367-3.CS1 maint: ref=harv (link)
  • "Ku Fung May". filmindonesia.or.id. Jakarta: Konfiden Foundation. Diarsip saka sing asli ing 2013-06-09. Dibukak ing 9 June 2013. Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • "Lie A Tjip". filmindonesia.or.id. Jakarta: Konfiden Foundation. Diarsip saka sing asli ing 2013-06-09. Dibukak ing 9 June 2013. Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • Said, Salim (1982). Profil Dunia Film Indonesia (ing basa Indonesian). Jakarta: Grafiti Pers. OCLC 9507803. Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)CS1 maint: ref=harv (link) CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  • "Si Tjonat". filmindonesia.or.id. Jakarta: Konfiden Foundation. Diarsip saka sing asli ing 2012-07-21. Dibukak ing 21 July 2012. Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • Sukma, Rizal (1999). Indonesia and China: The Politics of a Troubled Relationship. New York: Routledge. ISBN 978-0-203-16535-5.CS1 maint: ref=harv (link)
  • Toer, Pramoedya Ananta, ed. (1982). Tempo Doeloe: Antologi Sastra Pra-Indonesia (ing basa Indonesian). Jakarta: Hasta Mitra. OCLC 9797224. Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)CS1 maint: ref=harv (link) CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)

Pranala jabaBesut