Sobron Aidit ya iku sastrawan uga pengusaha.[1] Lair ana Belitung, Sumatra Kidul, ing 2 Juni 1934.[1] Séda ana Paris, Perancis, ing 10 Fèbruari 2007 amarga stroke.[1]

Sobron Aidit
Aidit, 1954
Lair(1934-06-02)2 Juni 1934
Tanjung Pandan, Belitung, Hindia Belanda
PatiFèbruari 10, 2007(2007-02-10) (umur 72)
Paris, Prancis
Jeneng pènSimon
PakaryaSastrawan, guru
BangsaPrancis
SukuMinangkabau, Melayu Indonesia
AnakWanita Tekun Pertiwi
DulurD.N. Aidit (kakak)

Latar Wuri besut

Bapaké asma Abdullah Aidit putrané Haji Ismail, pengusaha iwak kang lumayan suksès, duwé puluhan sero (papan kanggo nyekel iwak nèng sagara) lan pemasok iwak nèng pasar.[2] Abdullah ya iku tokoh kang duwé pawiyatan Islam ana Belitung, kang ngedhegaké Nurul Islam, cerak kawasan pecinan.[2] Abdullah naté mèlu grilya ana Sala lan Yogyakarta ing jaman révolusi.[2] Taun 1956, njabat DPR RI makili golongan angkatan 45.[2]

Ibuné asma Marisah.[2]

Cilikané, Sobron sekolah ana sekolah Landa, nanging tetep sregep ngibadah.[2] Bali sekolah, dhèwèké, D. N. Aidit, lan sadulur-seduluré sinau ngaji, diwulang Abdurrachim, adhi ipéné Abdullah.[2]

Pakaryan besut

Dhèwèké dadi guru ana SMA Utama Salemba dan THHK taun 1954-1963.[3]

Naté uga dadi juru warta Harian Rakyat (1955) lan Bintang Timur (1962).[3] Dadi pangurus Lembaga Persahabatan Indonesia-Tiongkok karo Dr. Prijono, banjur karo Djawoto lan Henk Ngantung (1955-1958).[3] Dadi pangurus Lembaga Persahabatan Indonesia-Vietnam karo S. M. Ardan, Wim-Umboh, lan liyané.[3]

Dhèwèké ngedhegaké Akademi Sastra Multatuli karo Prof. Bakri Siregar (1961-1963).[3]

Sobron lunga nèng Tiongkok awit dhawuhé Soekarno kanggo mulang sastra Indonesia ana Universitas Peking ing 1963.[1] Banjur dadi Guru Besar Sastra dan Bahasa Indonesia ana Institut Asing Beijing taun 1964.[3]

Dhèwèké ora bisa bali nèng Indonesia lebar ana kedadèn G30S taun 1965.[1]

Taun 1966-1976, ana Révolusi Kebudayaan ana Tiongkok kang antarané asipat anti kaum intelèktual.[4] Sobron banjur mandheg makarya, dikongkon lunga ana désa lan makarya bareng para tani.[4] Sawisé révolusiné rampung, taun 1979, dhèwèké bali nèng Beijing lan makarya ana Radio Peking minangka penyiar lan rédhaktur.[4]

Sawisé kontraké karo Radio Peking rampung, Sobron niyat lunga saka Tiongkok.[4] Taun 1981, dhèwèké menyang Paris.[4] Dhèwèké diwènèhi wulangan basa Prancis ana pusat penampungan pengungsi.[4] Ing taun 1982, dhèwèké karo kanca-kancané ngedhegaké Restoran Indonesia ana Rue de Vaugirard, Paris.[3][4]

Sobron ya iku pimpinan Yayasan Sajarah dan Budaya Indonesia (YSBI) lan kalawarti Kreasi.[5]

Ana Donya Panulisan besut

Sobron nulis rupa-rupa tulisan, wiwit saka urip-uripé wong cilik nganti cekelan uripé.[5] Mliginé, dhèwèké nulis babagan toléransi lan nresnani pepadha kaya nresnani awaké dhéwé.[5] Dhèwèké uga nyritakaké apa anané nalika ditékoni bab kedadén 1965.[5]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e Yophiandi, Arif; Firmansyah (10 February 2007). "Sobron Aidit Meninggal". Tempo.co. Dibukak ing 17 August 2016.
  2. a b c d e f g Adi, Yunantyo (28 April 2014). "DN Aidit dan Agama". elsaonline.com. Dibukak ing 21 August 2016.
  3. a b c d e f g Tanaera, D. (October 1992). "SOBRON AIDIT sastrawan engagé". lallement.com. Dibukak ing 21 August 2016.
  4. a b c d e f g "BSobron Aidit". tokohkita.com. 31 Maret 2007. Dibukak ing 13 September 2016.[pranala mati permanèn]
  5. a b c d Isa, Ibrahim (31 Maret 2007). "Berbagi Cerita - Sobron Aidit Sudah Direhab Masarakat". KabarIndonesia.com. Dibukak ing 17 August 2016.

Pranala njaba besut