Srimpi Rangga Janur
Srimpi Rangga Janur ya iku beksan Jawa klasik gagrag Ngayogyakarta. Beksan iki kacathet ing salah siji serat kang dibabar nalika jaman papréntahaning Sri Sultan Hamengkubuwana VII (1877–1921) lan dipitayani wis ana wiwit jaman Sultan Agung jumeneng nata.[1] Kawit 2017, Srimpi Rangga Janur resmi kaakoni déning Papréntahan Républik Indonésia minangka salah sawijining Warisan Budaya Dudu Barang sajeroning bab seni pagelaran.[2][3]
Jeneng lugu | ꦱꦿꦶꦩ꧀ꦥꦶꦫꦺꦴꦁꦒꦗꦤꦸꦂ |
---|---|
Instrumen | Gamelan |
Asal | Kraton Ngayogyakarta, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta, Indonésia |
Sejarah
besutSrimpi Rangga Janur kaamot ing sawiji serat kang dibabar nalika jaman Hamengkubuwana VII jumeneng nata, saha ing serat liyané asesirah Serat Kandha Bedhaya Utawi Srimpi kang dibabar nalika jaman Hamengkubuwana VIII kang kekaroné sumimpen ing Kridamardhawa, Kraton Ngayogyakarta. Tekan sapréné, Srimpi Rangga Janur kang diwetokaké ing Kraton Ngayogyakarta isih ngarujuk marang Serat Kandha Bedhaya Utawi Srimpi. Serat kang asli wis rusak, mula nganggo serat kapungkasan kang kaanané isih apik tur kena diwaca nganti pepak.[1]
Ing 1986, Kridha Beksa Wirama ngyasa manèh beksan iki.[4] Ing 23 Mèi 2014, Taman Budaya Ngayogyakarta, MG Sugiyarti, lan para empu beksan uga ngyasa manèh tur ndhokumèntasikaké Srimpi Rangga Janur ing Pendhapa Ndalem Téjakusuman. Bab iki kanggo nguri-uri beksan kraton kang wis suwé ora diwetokaké lan kanggo panalitèn wong-wong nimpuna kang nyinaoni babagan seni pagelaran. Ing 2017, wohing ngyasa mau ndadèkaké Srimpi Rangga Janur dadi Warisan Budaya Dudu Barang Indonésia sajroning bab seni pagelaran. Beksan iki sadurungé mung diwetokaké kanggo tetingalan wong-wong kraton waé, nanging sapréné bebrayan uga bisa mriksani beksan iki.[1]
Beksan
besutSrimpi Rangga Janur bineksa déning patang pambeksa putri lan patang wong kang nggawa piranti jebeng (tamèng)[5] kanthi wektu panyawisan udakara 60 menit. Beksan iki lelandhesan saka carita Mahabharata kang nyaritakaké paprangan antaraning Dèwi Srikandhi saka Cempalaarja lumawan Dèwi Larasati saka Magada. Kekaroné ora kalah tur ora menang, nanging tilar donya sedaya. Uga saben rong pambeksa nggawa jebeng gegambaran Dèwi Srikandhi lan Dèwi Larasati.[1]
Ing panyawisané diwiwiti karo kapang-kapang majeng (mlebu menyang pendhapa), jogèdan, èrèk, perangan, ayak-ayak, lan kapang-kapang mundur (metu saka pendhapa).[6]
Obahan
besutObahan ing Srimpi Rangga Janur ana sawenèh motif, ya iku motif obahan tasikan kanthi sikap awal mapan, motif obahan ngendhèrèk kanthi sikilé gedrug tengen dhoyong kiwa, nuli ngeneti menyang wuri, gedrug kiwa dhoyong tengen, lan gedrug kiwa seblak sampur tengen.[7] Uga motif obahan lèmbèyan kang diparagakaké kanthi jèngkèng banjur ngadeg kang utamané ngobahaké lengening pambeksa. Beksan iki kagolong srimpi kuna kang nganggo motif obahan kicat. Kicat ing Srimpi Rangga Janur iku motif obahan kang paling akèh diambali kang ngemu obahan sirah, tangan, awak, sikil, lan sampur.[8]
Ing Srimpi Rangga Janur uga ana pralihan saka obahan siji menyang obahan liyané. Pralihan obahané dumadi saka sendi, pendhapan, ngancap, nyamber, nglèrèk cathok udhet, ongkèk, trisig, kèngser, lan tinting. Pralihan iki bisa diweruhi nalika Gendhing Gonjangsèrèt kaganti dadi Gendhing Ketawang Rangga Janur, banjur kaganti dadi Gendhing Ayak-Ayak, kaganti dadi Gendhing Srepeg, kaganti dadi Gendhing Ayak-Ayak malih, lan kapungkasan kaganti dadi Gendhing Lipursari.[9]
Sandhangan
besutSandhangan ing Srimpi Rangga Janur kawitané nganggo paès ageng kang dumadi saka gelung bokor, paès prada, cundhuk mentul, lan ron. Nanging saiki kang ajeg dianggo ya iku rompi bludru mawa bordiran werna emas, sabuk, sinjang pola sèrèdan, lan kelat bahu, wondéné sandhangan pambeksa kang nggawa piranti jebeng uga padha karo pambeksa utama, nanging kawuwuhan gelung reja.[1]
Gendhing
besutAna sawenèh gendhing kang ngiringi Srimpi Rangga Janur kang kapérang dadi gendhing ketawang kanggo jogèdan, gendhing ayak-ayak kanggo kicat èrèk, lan gendhing srepeg kanggo paprangan.[10] Gendhing-gendhing iku nganggo laras sléndro pathet manyura kang dianggo saka wiwitan beksan tumeka pungkasaning beksan.[11] Nalika gendhing ketawang diunèkaké, tabuhan saben gong dadi tetenger kanggo mungkasi saben ragam obahan mawa 16 pétungan. Kajaba iku, ana instrumèn aran kemanak kang mung ana ing Srimpi Rangga Janur. Kemanak ancasé kanggo pamengku wirama kang ngasilaké rong uni, mak ning nong, saha kang nggawé swasana pagelaran dadi tenang lan agung. Pangendhang ancasé kanggo nata alon-bantering wirama, miwiti lan ngendheg iringan, saha kang ngganti gendhing. Uga pangeprak kang ancasé kanggo nyawijikaké iringan lan pagelaran.[12][1]
Papan
besutPagelaran Srimpi Rangga Janur diwetokaké ana ing pendhapa. Pendhapa kang dianggo duwé papat saka guru.[10] Sakawit, para pambeksa miwiti kanthi sikap kapang-kapang mlebu saka kiwa pendhapa, banjur mbeksa ing tengah-tengah papat saka guru. Sawisé mbeksa, pambeksa kanthi sikap kapang-kapang bali mundur liwat tengen pendhapa. Prosès mlebu–mbeksa–bali ing Srimpi Rangga Janur ndarbèni surasa laku telu kauripaning manungsa, ya iku lair, urip, lan mati utawi sangkan paraning dumadi.[13]
Rujukan
besutCathetan sikil
besut- ↑ a b c d e f "Srimpi Rangga Janur". Keraton Yogyakarta. 16 Juli 2019. Dibukak ing 4 Maret 2023.
- ↑ "DIY Borong Penghargaan Warisan Budaya Tak Benda dari Kemendikbud". Jogjakarta News. 5 Oktober 2017. Dibukak ing 4 Maret 2023.
- ↑ "Srimpi Rangga Janur". Warisan Budaya Takbenda Indonésia. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 4 Maret 2023.
- ↑ "Srimpi Rangga Janur". Direktorat Jenderal kekayaan Intelektual Indonesia. Dibukak ing 4 Maret 2023.
- ↑ Gandung (27 Sèptèmber 2021). Didik Sutrisno (èd.). "Perjalanan Sejarah Tari Serimpi Sebagai Tarian Pusaka". Poskota. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-04. Dibukak ing 4 Maret 2023.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 153.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 149-150.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 151.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 152–153.
- ↑ a b Indrasari 2020, kc. 150.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 156.
- ↑ Indrasari 2020.
- ↑ Indrasari 2020, kc. 155.
Kapustakan
besut- Indrasari, Rahma (Oktober 2020). "Estetika Tari Srimpi Rangga Janur pada Masa Sri Sultan Hamengku Buwono VIII di Kraton Yogyakarta". Joged. 16 (2).
Pranala njaba
besut- Srimpi Rangga Janur déning Kraton Ngayogyakarta ing YouTube