Topèng Ireng inggih punika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawa saking Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah. Topèng ireng ugi asring dipunwastani Dayakan utawi Ndayakan manawi dipunandharaken déning ilatipun tiyang Jawa.[1] Topèng Ireng inggih kalebet salah satunggaling jogèd kréasi énggal, metamorfosis saking kesenian Kubro Siswo.[2]

Topeng Ireng Magelang
topeng ireng wanita

Sajarah besut

Asal usulipun sinten ingkang nyiptakaken kesenian Topèng Ireng ingkang sepisanan dèrèng dipunmangertosi dumugi jaman samenika.[2] Nanging, miturut cariyos ingkang sampun kawentar ing masarakat, kesenian Topèng Ireng sepisanan ngrembaka inggih wonten ing masarakat lèrèng Merapi Merbabu nalika taun 1960-an.[2] Ing wekdal menika, manawi umat Islam yasa masjid utawi langgar, sadèrèngipun mustaka utawi kubah dipunpasang, mila mustaka menika dipunarak rumiyin ngiteri désa wau.[2]Kirab menika dipunwonteni déning sadaya masarakat ing sakireng tengenipun mesjid mawi jejogèdan ingkang dipuniringi rebana lan sair puji-pujian.[2] Salajengipun tradisi jogèd kala wau kawentar dados kesenian Topeng Ireng.[2]

Kajaba kanggé siar agami Islam, pagelaran Topeng Ireng ugi nyariosaken kados pundi pagesangan masarakat désa ingkang mapan wonten ing pèrèng Merapi Merbabu.[2] Saking cara obahing awak ingkang teteg punika nedahaken kakiyatan fisik ingkang dipungadhahi masarakat désa nalika perang kaliyan kéwan-kéwan ing alas saha kekancan kaliyan alam kanggé njagi gesangipun piyambak.[2]

Saderengipun misuwur kanthi namaTopeng Ireng, seni pagelaran punika dipunwastani kesenian Dayakan.[2] kesenian menika dipunwastani dayakan amargi nyocokaken kaliyan busana ingkang dipunagem déning para penari.[2] Busana pérangan ngandhap saking para penari inggih kados busana adat suku Dayak.[2] Ing taun 1995, tembung Dayakan dipunanggep ngemot unsur SARA, mila namanipun dipun-gantos dados kesenian Topeng Ireng.[2] Nanging, wiwit taun 2005, nama Dayakan misuwur malih, saéngga kesenian punika kawentar kanthi kalih nama inggih, Topeng Ireng lan Dayakan.[2]

Ètimologi besut

Topeng Ireng saking tembung Toto Lempeng Irama Kenceng.[3] Toto tegesipun nata, lempeng tegesipun jejeg, irama tegesipun nada, lan kenceng tegesipun banter.[2] Awit saking punika, wonten ing pagelaran Topeng Ireng, para penarinipun sami baris jejeg mawingking, kairing musik kanthi wirama banter lan kanthi semangat.[2] Jogèd punika dados wujud pagelaran seni tradhisional ingkang saged nggabungaken siar agama Islam kaliyan ngèlmu pencak silat.[2]

Busana besut

 
klambi paraga topeng ireng

Jogèd Topeng Ireng padatanipun dipuntarikaken déning lare-lare alit sagrombolan mawi busana kados suku Dayak saking Kalimantan.[4] Déné busana ingkang dipunagem déning para penari inggih punika, klambi kados suku Dayak, rok rumbai-rumbai kados suku Indian, rerenggan wulu wonten ing sirah kados suku Cherokee Indian lan wulu-wulu lain ingkang njumbul manginggil.[4] Busana sanèsipun ingkang ugi nyleneh inggih saking sepatu boot utawi sepatu gladhiatoripun ingkang dipungandhuli atusan klinthingan.[5] Udakawis 200 iji klinthingan dipunpasang wonten ing sepatu para penari supados saged ngregengaken kanthi swara ingkang rame lan saged narik kawigatosanipun para pamiyarsanipun.[5] Déné pasuryanipun para penari dipuncet kanthi wujud bunder-bunder.[4]

Pagelaran Topeng Ireng besut

Saben wonten pagelaran Topeng Ireng, ingkang mesti bakal kaprungu déning para pamiyarsa inggih kanthi wontenipun swara brisik lan swara-swara gendhing ingkang dipunsekaraken.[5] swara kala wau asalipun saking gedrokan suku para penari ingkang wonten klinthinganipun, swanten jerit-jeritan saking para penari piyambak, iringan gendhing, saha swanten saking para pasindhen lan para pamirsanipun ugi.[5]

Jogèd Topeng Ireng sajatosipun gampil dipunsinaoni amargi obahanipun gampil, boten patiya angèl.[5] Boten wonten geraking badan ingkang njlimet, amargi ingkang dados wosing gati saking jogèd punika inggih saking kompak botenipun cara ewahing badan para penari.[5] Sansaya kathah penarinipun, mila kolaborasi ingkang badhé kacipta inggih ugi badhé langkung saé.[5] Amargi Topeng Ireng punika dipundamel minangka gabungan antawisipun syiar agami Islam lan ngèlmu pencak silat, mila obahan jogèd para penarinipun inggih ugi dipunpendhetaken saking obahan-obahan pencak silat ingkang sampun ngalami éwah-éwahan.[5] Ingkang dados ciri khas sanèsipun saking jogèd topeng ireng inggih punika saking obahan badanipun para penari ingkang boten namung satunggal obahan nanging wonten variasinipun.[5]

Iringan Tabuhan besut

Musik utawi tabuhan ingkang padatanipun dipun-ginakaken kanggé ngiringi pagelaran Topeng Ireng inggih punika wujud piranti musik ingkang prasaja, ing antawisipun gamelan, kendhang, terbang, bendhe, suling, lan rebana.[5] Tabuhan saking musik pangiring kaprungu saged nyawiji dados satunggal antawisipun owahing badan para penari kaliyan jeritanipun par penari ingkang katingal gregetipun, dinamis lan katingal religius.[5]

Uga delengen besut

Cathetan suku besut

  1. [1](dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2012)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p [2] Archived 2012-04-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2012)
  3. [3] Archived 2016-03-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 Oktober 2012)
  4. a b c [4](dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)
  5. a b c d e f g h i j k [5] Archived 2012-07-23 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)