Wangsa Ayyubiyyah

Ayyubiyyah utawa Wangsa Ayyubiyyah ya iku wangsa Muslim saka bangsa Kurdi[1] kang nguwasani Mesir, Suriah, Yaman (kejaba Pegunungan Lor), Diyar Bakr, Makkah, Hijaz lan Irak lor nalika abad ka-12 lan 13.[2] Ayyubiyyah uga dikenali mawa Ayyubid, Ayoubites, Ayyoubites, Ayoubides utawané Ayyoubides.[2]

Wangsa Ayyubiyyah ana ing kajayané

Wangsa Ayubiyyah diyasa déning Salahuddin Al-Ayubbi kang bareng karo Shirkuh nelukaké Mesir kanggo Raja Zengiyyah Nuruddin saka Damaskus nalika taun 1169.[2] Jeneng iki asalé saka ramane Salahuddin, Najm ad-Din Ayyub.[2] Nalika taun 1171, Salahuddin nggulingaké Khalifah Fatimiyyah kang pungkasan.[2] Nalika Nur ad-Din mati ya iku taun 1174, Salahuddin nyatakaké perang marang anak, As-Salih Ismail, lan nguwasani Damaskus.[2] Ismail lumayu menyang Aleppo, lan ana ing kana dhèwèké terus berjuwang kanggo nglawan Salahuddin nganti dhèwèké seda taun 1181.[2]

Sawisé iku, Salahuddin njupuk alih kawasan njero nganti tekan Suriah, lan nelukaké Jazirah ing Irak Lor.[2] Panggayuhan kang gedhé dhéwé saka dhèwèké ya iku nalika menang lawan bala salib ana ing Peperangan Hattin lan panelukan Baitulmuqaddis taun 1187.[2] Salahuddin seda nalika taun 1193 sawisé napak astani prajanjèn karo Richard I saka Inggris kang mènèhi kawasan pasisir saka Ashkelon nganti tekan Antiokhia marang bala salib.[2]

Sawisé Salahuddin mati, anak lanangé padha rebutan pérangan kakaisaran, nganti tekan 1200, adhiné Salahuddin, Al-Adil, bisa njupuk kakuwasan kakaisaran.[2] Prosès kang padha nalika matiné Al-Adil taun 1218, lan Al-Kamil kang mati nalika 1238, nanging Ayubiyyah tetep kuwat.[2] Nalika taun 1250 Turanshah, Sultan Mesir Ayubiyyah kang pungkasan, dipatèni lan digantèkaké déning jéndral-batur tukon Mamluk Aibek, kang ngedegaké Wangsa Bahri.[2]

Cathetan sikil

besut