Annelida
Kalamangsa: Cambria - Kini
Glycera sp.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Superfilum: Lophotrochozoa
Filum: Annelida
Lamarck, 1809
Kelas
Kelas Polychaeta
Kelas Clitellata
Kelas Myzostomida
Kelas Archiannelida
Kelas Oligochaeta

Kelas Hirudinea

Annelida utawa cacing gelang yaiku golongan cacing kanthi awak awujud sègmèn-sègmèn.[1] Annelida iku kéwan kang wis duwé gronggongan awak sajati (kéwan selomata) kang struktur awaké paling prasaja.[1] Tembung Annelida asalé saka basa Yunani, yaiku tembung annulus kang tegesé cincin lan oidos kang tegesé bentuk.[2] Dadi, Annelida yaiku cacing kang dhapuré cincin. Cacing iki urip ing banyu tawar, banyu sagara, lan ing dharatan.[2]

Ciri-Ciri Umum

besut

Ciri-ciri umum Annelida, yaiku:

  1. Simetri bilateral, dhapuré kaya gelang (anellus = cincin)[3]
  2. Nduwèni gronggongan awak (Triploblastik Selomata)[3]
  3. Ros awak (segmen) diarani Metameri kang dadi piranti ekskresi yaiku nefridium (lubang réprodhuksi), otot, lan pembuluh darah[3]
  4. Sistem pencernaan jangkep utawa sampurna[3]
  5. Sistem peredaran darah tertutup[3]

Ciri-Ciri Awak

besut

Bentuk

besut

Annelida duwé awak kang simetris bilateral.[2] Dinding awaké kapérang dadi telu, yaiku endoderm, mesoderm, lan ektoderm.[2] Ing pérangan jaba awak ditutupi lapisan kutikula kang tipis.[2] Ing lapisan jaba uga ana sèl sensoris utawa sèl panarima rangsang.[2] Awak Annelida simetri bilateral lan awujud sègmèn-sègmèn. Saben sègmèn katon kaya cincin saéngga awak Annelida mèmper kaya rantaman cincin.[1]

Ukuran

besut

Dawa awak Annelida yaiku watara 1 mm nganti 3 m. Tuladha Annelida kang dawané nganti 3 m yaiku cacing lemah kang tinemu ing Australia.[1]

Struktur lan Fungsi

besut

Annelida duwé sègmèn ing pérangan jaba lan jero awaké. Antarané sègmèn siji lan sègmèn liyané ana singgetané kang diarani septa. Pembuluh getih, sistem èkskresi, lan sistem saraf ing antarané sègmen duwé gegayutan lan bisa nembus septa.[1] Rongga awak Annelida kaisi cuwèran kang mrabawani kanggo obahé Annelida.[1] Obahé Annelida uga njalari kontraksi otot. Ototé kawangun saka otot mubeng (otot sirkuler) lan otot ndawa (otot longitudinal). Sistem pencernaan Annelida wis jangkep, yaiku lambé, faring, esophagus, usus, lan anus.[1] Cacing iki wis duwé pembuluh getih, saéngga sistem peredaran getihé katutup. Getihé ngandhut hemoglobin kang awerna abang.[1] Pembuluh getih kang ngubengi esophagus duwé struktur kang luwih ngotot. Pembuluh getih iki kanggo mompa getih menyang saawak. Sistem saraf Annelida yaiku sistem saraf tangga tali.[1] Ganglia utek dumunung ing ngarepé faring ing pérangan anterior awak. Ekskresi ditindakaké déning organ ekskresi, yaiku nefridia, nefrostom, nefrotor. Nefridia yaiku organ ekskresi wujud saluran, nefrostom yaiku corong kang ana siliané, lan nefrotor yaiku pori-pori papan metuné regetan.[1]

Cara Urip lan Habitat

besut

Akèh Annelida kang urip bébas, ana uga kang urip parasit kanthi cara nèmpèl ing awak vèrtebrata kalebu manungsa.[1] Annelida urip ing dhasar sagara lan banyu tawar.[1] Sawatara jinis liyané urip ning lemah lan ing papan-papan kang lembab.[1] Ana uga Annelida kang urip ing luwangan lemah kang digawé dhéwé.[1]

Réprodhuksi

besut

Réprodhuksi Annelida yaiku kanthi cara sèksual minangka gamèt.[1] Sawatara jinis Annelida bisa réprodhuksi asèksual yaiku kanthi cara fragmèntasi, banjur nindakaké regenerasi.[1] Organ kelamin lanang (testis) lan organ kelamin wadon (ovarium) ana kang mapan ing siji individu lan ana kang misah ing individu liya (gonokoris).[1]

Klasifikasi

besut

Annelida kapérang dadi telung kelas, yaiku Polychaeta (cacing rambut akèh), Oligochaeta (cacing rambut sithik), lan Hirudinea.

Polychaeta

besut

Polychaeta (basa Yunani, poly = akèh, chaetae = rambut kaku) yaiku Annelida kang rambuté akèh.[4] Awak Polychaeta dibedakaké dadi pérangan sirah (prostomium) karo mripat, anténa, lan sensor palpus.[4] Polychaeta duwé sapasang struktur kaya dayung diarani parapodia (tunggal = parapodium) ing saben sègmèn awaké.[4] Fungsi saka parapodia yaiku kanggo piranti obah lan ngandhut pembuluh getih alus, saéngga bisa uga kaya angsang kanggo ambegan.[4] Saben parapodium duwé rambut kaku kang diarani seta kang kasusun saka kitin.[4] Habitat Polychaeta ing sagara. Tuladha cacing iki yaiku Eunice viridis (cacing wawo) lan Lysidice oele (cacing palolo) kang asring dikonsumsi wong-wong ing Maluku.[3] Tuladha liyané yaiku Sabellastarte indica (cacing kipas), Nereis virens, lan Marphysa sanguinea.[1]

Oligochaeta

besut

Oligochaeta (ing basa Yunani, oligo = sithik, cjaetae = rambut kaku) yaiku Annelida kang rambuté sithik.[4] Oligochaeta ora nduwé parapodia, nanging duwé seta ing sègmèn awaké.[4] Tuladha Oligochaeta kang kawentar yaiku cacing lemah.[4] Jinis cacing iki antarané cacing lemah Amérika (Lumbricus terrestris), cacing lemah Asia (Pheretima), cacing abang (Tubifex), lan cacing lemah raseksa Australia (Digaster longmani).[4] Oligochaeta mangan organisme liya kang urip ing jero lemah kanthi cara ndhudhuk lemah.[4] Cara ndhudhuk lemah iki bisa mawuraké lemah.[4] Mupangat liya saka cacing iki yaiku kanggo bahan kosmetik, obat, lan campuran pangan kang ngandhut protéin dhuwur kanggo kéwan ingon-ingon.[4] Oligochaeta urip ing dharatan utawa ing banyu tawar, asifat hermafrodit, saéngga ing jero awaké ana ovarium lan testis.[5] Ing sawatara sègmèn, epidermise dadi kandel kang banjur diarani klitellum.[5] Nalika réprodhuksi, ing pérangan klitellum ngetokaké kokon.[5] Kokon iki kang mengkoné netes dadi individu anyar.[5] Déné respirasi dilakokaké kanthi cara difusi liwat kabèh lumah awaké.[5]

Hirudinea

besut

Hirudinea yaiku kelas Annelida kang cacahé sithik.[4] Kéwan iki ora nduwé arapodium utawa seta ing sègmèn awaké.[4] Dawa awak Hirudinea manéka warna, saka 1 cm nganti 30 cm.[4] Awaké gèpèng kanthi pucuk anterior lan posterior lancip.[4] Ing anterior lan posterior ana piranti kanggo ngisep kang gunané kanggo nèmpèl lan obah.[4] Hirudinea kalebu kéwan ektoparasit ing lumah awak inangé. Inangé yaiku vèrtebrata kalebu manungsa.[4]

Hirudinea kalebu cacing kang ngisep getih.[5] Déné kang kalebu kelas cacing iki yaiku bangsané lintah.[5] Tuladhané lintah yaiku (Hirudo medicinalis) lan pacèt (Haemadipsa javanica).[5] Lintah lumrahé urip ing laladan anyep, sadurungé ngisep getih, lintah nyuntikaké zat anastesi utawa bius menyang awak mangsané.[5] Saéngga nalika dicecep gatihé, mangsané ora krasa lara.[5] Lintah uga bisa ngasilaké zat antikoagulan (zat anti beku getih) kang diarani harudin.[5] Anané zat antikoagulan iki njalari getih reget kang dicecep ora mbeku.[5] Lintah duwé piranti isep kang cacahé loro ing pérangan anterior lan posterior.[5] Kanggo nyegah supaya kita ora dicokot utawa nalika dicokot lintah yaiku kanthi cara diwènèhi banyu mbako utawa uyah, bisa uga awaké dilèlèti balsem utawa lenga kayu putih.[5]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Phylum Annelida(diundhuh 28 September 2012)
  2. a b c d e f Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo (kaca 216)
  3. a b c d e f Annelida Archived 2012-10-11 at the Wayback Machine.(diundhuh 28 September 2012)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Tentang Annelida Archived 2015-09-15 at the Wayback Machine.(diundhuh 29 September 2012)
  5. a b c d e f g h i j k l m n Klasifikasi Annelida Archived 2012-05-15 at the Wayback Machine.(diundhuh 1 Oktober 2012)