Papan Anggegana Hang Nadim

Papan Anggegana Hang Nadim (IATA: BTH, ICAO: WIDD)[1] utawi ingkan dipunkenal kanthi nama Papan Anggegana Internasional Hang Nadim inggih punika sawijining papan anggegana ingkang dumunung ing Kutha Batam, Kapuloan Riau. Papan anggegana punika pikantuk nama saking Laksamana Hang Nadim ingkang misuwur saking Kasultanan Malaka. Papan Anggegana punika gadhah landas pacu sakitar 4.025 mèter ingkang dadosaken papan anggegana punika minangka papan anggegana ingkang gadhah landasan pacu paling dawa ing Indonesia[2]. Kanthi kaanan makaten, Papan Anggegana Hang Nadim saged nampung wolu las pesawat ingkang ageng kaliyan jinis Boeing 767.

Papan Anggegana Hang Nadim

Panyebrangan féri sampun dados metode transportasi utama saperlu tindakan dhateng pulo-pulo sebrang, kalebet Singapura. Nanging samsaya dangu, panyebrangan migunakaken féri wiwit kirang efektif, saéngga kabangun Papan Anggegana Hang Nadim. Papan Anggegana punika kabukti cekap efektif lan wiwitanipun kakmbangaken minangka alternatif Papan Anggegana Internasional Changi ingkang dumunung wonten ing Singapura amargi papan anggegana punika gadhah landasan pacu ingkang dawa saperlu nampung pesawat-pesawat jinis Boeing 747. Nanging, papan anggegana punika ugi pikantuk saingan ingkang lumayan ketat saking papan anggegana-papan anggegana sanès ing Wewengkon Pertumbuhan Segitiga Sijori kados ta Papan Anggegana Internasional Senai ingkang dumunung ing Johor Bahru (saking nagara Malaysia) lan Papan Anggegana Internasional Changi Singapura ingkang dumunung ing Singapura.[3]

SajarahBesut

Papan Anggegana (1960-1965)Besut

Papan Anggegana Hang Nadim wiwit operasi nalika taun 1960 dipuntandhnai ingkang angka pisan saperlu ngadani perbaikan inggih punika pendamelan landasan pacu (runway) dawanipun 4.025 méter.

Papan Anggegana Nasional (1965-1970)Besut

Gangsal taun salajengipun kabuka kanthi resmi ing taun 1965 kanthi nglayani penerbangan domestik ingkang nglayani rute penerbangan langsung kados ta Papan Anggegana Kemayoran (Jakarta), Papan Anggegana Internasional Juanda (Surabaya), Papan Anggegana Internasional Husein Sastranagara (Bandung), Papan Anggegana Internasional Polonia (Medan), Pekanbaru, Papan Anggegana Tabing (Padang) lan Papan Anggegana Internasional Sultan Mahmud Badaruddin II (Palembang).[4]

Papan Anggegana Internasional (1970-1975)Besut

Gangsal taun salajengipun kabuka kanthi resmi nalika ing taun 1970 kanthi nglayani penerbangan internasional ingkang nglayani rute penerbangan langsung kados ta Papan Anggegana Internasional Senai ingkang dumunung ing Johor Bahru (saking nagara Malaysia) lan Papan Anggegana Internasional Changi Singapura ingkang dumunung ing Singapura.

Kabuka Umum (1975-sapunika)Besut

Gangsal taun salajengipun dipunresmikaken déning Bapak Jendral Présidhèn Republik Singapura inggih punika Dhoktor Benjamin Henry Sheares nalika taun 1975 kanthi nglayani penerbangan papan anggegana internasional ingkang miyos kanthi nama "Papan Anggegana Hang Nadim" kanthi ngalayani penerbangan internasional dipuntandhnai kanthi mendaraipun 6 pesawat udara kagunganipun Malaysia-Singapore Airlines, wonten ing landasan ingkang taksih darurat wujud lemah ingkang dipunperusahaan penerbangan saking Malaysia lan Singapura sarta anak perusahaanipun "Malaysian Airline System" (sapunika Malaysia Airlines) lan Singapore Airlines dipunbentuk, mbikak jaringan penerbangan dhateng Batam kanthi berkala.

Maskapé Penerbangan lan TujuanBesut

Perusahaan montor maburParanTerminal
Aviastar Tembilahan[5] Domestik
Firefly Kuala Lumpur-Subang Internasional
Citilink Medan, Padang, Palembang, Jakarta-Soekarno-HattaDomestik
Lion Air Bandung, Denpasar/Bali, Jakarta-Soekarno Hatta, Medan, Padang, Pekanbaru, Palembang, SurabayaDomestik
Pacific Royale Airways Jambi, Pekanbaru[6] Domestik
Sriwijaya Air Jakarta-Soekarno Hatta, Jambi, Medan, Surabaya, Padang Domestik
Sky Aviation Matak, Dumai, Rengat, Pangkal Pinang, Pekanbaru (wiwit 10 Agustus 2012) [7], Ranai (Mulai 10 Agustus) [7] Domestik
Wings Air Natuna, Palembang, Pangkalpinang, Pekanbaru Domestik

Cathetan sukuBesut

Pranala NJabaBesut