Christian Pelras
Christian Pelras (lair 17 Agustus 1934; umur 90 taun) inggih punika satunggaling etnolog Perancis ingkang ahli babagan Indonésia, mliginipun pulo Sulawesi. Sapunika piyambakipun nyepeng kalungguhan minangka dirèktur panaliti kehormatan.
Pendidikan
besutSasampuning mungkasaken pendidikan kasusastran klasik, Pelras sinau bab Sosiologi lan Etnologi wonten ing Paris. Piyambakipun langkung rumiyin sinau bab Basa Indonésia wonten ing Sekolah Basa lan Kabudayan Timur, lajeng wonten ing Indonésia, amargi béasiswa saking pamarèntah Indonésia. Piyambakipun nguwaosi basa Inggis, Walanda, Occitan, Jerman, Breton, Bugis, Italia lan Portugis.[1]
Karièr
besutChristian Pelras miwiti karièripun minangka panaliti wonten ing taun 1962 nalika piyambakipun kagabung wonten ing Pusat Panalitèn Antropologi Musée de l’Homme. Piyambakipun mimpn sawijining panalitèn babab sawijining komunitas Galia wonten ing Finistère pérangan kidul. Panalitèn punika maringi piyambakipun sawijining gelar thèse de troisième cycle.
Wonten ing taun 1964, piyambakipun kagabung kaliyan CNRS, ing pundi piyambakipun megawé wonten ing sangandhaping pimpinan André Leroi-Gourhan. Wonten ing CNRS piyambakipun dipundhawuhi ing Pusat Dokumentasi lan Panalitèn Asia Tenggara lan Nagara-Nagara Kapuloan (CEDRASEMI), ingkang dipunpimpin déning Georges Condominas. Pelras nyambut damel ing mrika dumugi Pusat mau dipuntutup wonten ing taun 1984.
Christian Pelras lajeng dipuntunjuk minangka pimpinan unit panalitèn, amargi panalitènipun, piyambakipun lajeng dipunpromosikaken dados Direktur Panalitèn. Wonten ing taun 1991, piyambakipun dipuntunjuk dados salah satunggaling Direktur LASEMA. Piyambakipun njabat dumugi taun 1994, lajeng kapilih dados Anggota Penasihat pusat panalitèn mau.
Christian Pelras miwit masa pénsiunipun nalika taun 1999.
Panalitèn
besutTaun 1959 Pelras iwiti panlitèn-panalitènipun bab tenunan nagara-nagara kapuloanwewengkon mau. Panalitèn-panalitèn lapangan kanthi urut-urutan mbekta piyambakipun dhateng Jawa, Bali, Malaysia, dhateng Sulawesi Selatan, Lombok, Acèh, lan ugi ndhèrèkaken piyambakipun manggihaken suku Batak, Minangkabau lan Suku Melayu. Piyambakipun ugi naté ngunjungi Ternate, Timor lan Flores.
Christian Pelras dugi wonten ing nagari Suku Bugis ingkang kapisanan nalika taun 1967, panalitèn bab diaspora suku punika wonten ing Malaysia lan Singapura nyamektakaken piyambakipun dhateng mrika. Piyambakipun nyerat kathah cathetan panalitèn bab suku Sulawesi Selatan punika. Wonten ing taun 1996, piyambakipun nerbitaken buku 'Manusia Bugis, ingkang wonten ing versi basa Inggrisipun kanthi irah-irahan The Bugis '.[2][3]
Pelras ugi nindakaken panalitèn tumrap suku-suku Sulawesi sanèsipun, kados ta: Bajau, Makassar, Kajang, Mandar lan Toraja. Piyambakipun nindakaken panalitèn saking Tiyang Kuala ing Malaysia, sur les («Tiyang Kuala») lan Tiyang Seletar (« suku bakau »).
Sadanguning nliti, piyambakipun ngunjungi méh sedaya wewengkon Indonésia, Malaysia lan pérangan kidul Thailand, saking lelampahan - lelampahan mau, piyambakipun gadhah pemahaman ingkang wiyar bab kaanan wewengkon nagara-nagara kepulauan.
Pratélan Pustaka
besut- 1967, « Lamak et tissus sacrés de Bali, leur signification et leur place dans le rituel », Objets et Mondes
- 1971, « Hiérarchie et pouvoir traditionnels en pays Wadjo’ (Célèbes) », Archipel’’, 1
- 1972, « Notes sur quelques populations aquatiques de l’Archipel nusantarien », Archipel, 3
- 1972, « Contribution à la géographie et à l’ethnologie du métier à tisser en Indonésie », in J. Thomas et L. Bernot (éds.), Langues et techniques, Nature et Société
- 1975, « Introduction à la littérature bugis », Archipel, 10
- 1979, « L’oral et l’écrit dans la tradition bugis », ASEMI, 10
- 1982, « Les Sciences Sociales en Indonésie », CEDUST
- 1984 (en collaboration avec H. Balfet), « Recherche d’une méthode d’analyse ethnologique de la cuisine », in Technique et Culture, 1
- 1987, « Le ciel et les jours. Constellations et calendriers agraires chez les Bugis (Célèbes, Indonésie) » in B. Koechlin et al. (éds), De la voûte céleste au terroir, du jardin au foyer, Éditions de l’EHESS
- 1992, « Les voyages de Sawérigading au monde des morts et la représentation bugis de l’au-delà », Eurasie, 2
- 1996, The Bugis, Blackwell Publishers, Oxford
- 2001, "Religion, tradition, and the dynamics of Islamization in South Sulawesi", in Alijah Gordon (Ed), The propagation of Islam in the Indonésian- Malay Archipelago, Malaysian Sociological Research Institute, Kuala Lumpur
- 2001, Goulien, commune bretonne du Cap-Sizun. Entre XIXe siècle et IIIe millénaire, Presses Universitaires de Rennes
Cathetan suku
besut- ↑ http://cip.cornell.edu/DPubS?service=UI&version=1.0&verb=Display&handle=seap.indo/1106969443
- ↑ http://www.goodreads.com/author/show/824199.Christian_Pelras
- ↑ sulawesi.cseas.kyoto-u.ac.jp/lib/pdf/DiasPradadimara.pdf