Gréja Katulik

(Kaelih saka Greja Katulik)
Bagian saking sèri bab
Gréja Katulik
Organisasi

Paus: Fransiskus
Dewan Kardinal
Konsili Ekumenis
Kebijakan Episkopal •  Ritus Latin
Gréja-Gréja Katulik Wétan

Latar Wingking

Sajarah •  Kristianitas
Katulisisme •  Suksesi Apostolik
Papat Ciri Gréja
Angger-angger sepuluh
Panyaliban & Wungu Dalem Yesus
Mekrad •  Maria Dipunangkat dhumateng Swarga
Kritik dhumateng Gréja Katulik Roma

Teologi

Trinitas (Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci)
Teologi •  Apologetika
Rahmat Illahi • Sakramèn
Purgatorium •  Kaslametan
Dosa asal •  Para Suci •  Dogma
Kenya Maria •  Mariologi
Maria kagarba mulus tanpa ciri

Liturgi lan Peribadatan

Liturgi Katulik Roma
Ekaristi •  Divinum Officium
Taun Liturgi •  Kanon Alkitab

Ritus

Romawi •  Armenia •  Aleksandria
Bizantium •  Antiokhia •  Syria Wétan

Topik-topik Katulik

Ekumenisme •  Monastisisme
Donga •  Musik •  Seni Rupa

Gréja Katulik, ingkang ugi sinebat Gréja Katulik Roma,[note 1] punika Gréja Kristen paling ageng ing donya, lan gadhah 1,4 milyar anggota, inggih punika kinten-kinten setengah saking sedanten umat Kristiani[note 2] lan sepraenem saking populasi donya. Gréja Katulik punika satunggal komuni (pasekuton) saking Ritus Kilèn (Ritus Latin) lan 22 Gréja Katulik Wétan (dipunsebat gréja-gréja partikular), ingkang mbentuk 2.795 kauskupan ing 2008.

Otoritas kadonyan paling inggil Gréja punika wonten ing babagan iman, moral lan pamaréntahanipun inggih punika Sri Paus,[15] wekdal punika Paus Benediktus XVI, ingkang nyepeng otoritas paling inggil sesarengan kaliyan Dewan Biskop, ingkang dipunketuani piyambak.[16][17][18] Komunitas Katulik dumados saking panglados-umat katahbis (rohaniwan) lan umat awam; rohaniwan utawi umat awam saged ugi dados anggota saking komunitas-komunitas religius.[19]

Gréja punika ndefinisèkaken manawi misinipun inggih punika martakaken Injil Yesus Kristus, ngladosi sakramèn-sakramèn lan ngayahi karya amal.[20] Gréja punika nglampahi program-program lan lembaga-lembaga sosial ing donya, kalebet ugi sekolah-sekolah, universitas-universitas, griya-griya sakit, misi-misi lan perumahan, sarta organisasi-organisasi kados Catholic Relief Services, Caritas Internasionalis lan Catholic Charities ingkang mbiyantu kaum papa, kulawargi-kulawargi, tiyang-tiyang jompo, lan tiyang-tiyang sakit.[21]

Langkung suksesi apostolik, Gréja punika pitados bilih dhirinipun minangka kalajengan saking komunitas Kristiani ingkang dipunadegaken déning Yesus kaliyan nahbisaken Santo Petrus, satunggal pandhangan ingkang ugi dipunanut déning kathah sajarawan.[22] Gréja punika netepaken dhoktrin-dhoktrinipun liwat manéka konsili ekumenis, nulad para rasul sepindhahan ing Konsili Yerusalem.[23] Kanthi dhasar janji-janji Yesus dhumateng rasul-rasulipun ingkang kasebat wonten ing Injil, Gréja punika pitados manawi dipuntuntun déning Hyang Roh Suci lan amargi saking punika kalindhungi saking kasalahan dhoktrin.[24][25][26]

Kayakinan-kayakinan Katulik dipundhasaraken dhumateng deposit iman (nyakup Kitab Suci lan Tradhisi Suci) ingkang dipunwarisi saking jaman Rasul-Rasul, lan ingkang dipuninterpretasi déning Otoritas Pangajaran Gréja. Keyakinan-keyakinan kasebat karangkum wonten ing Kredo Nicea, lan kanthi resmi dipunrinci wonten Katekismus Gréja Katulik. Peribadatan Katulik ingkang formal, ingkang dipunsebat liturgi, dipunatur déning otoritas Gréja. Ekaristi, salah satunggal saking pitung sakramèn Gréja lan pérangan wigatos saking saben Misa Katulik utawi Liturgi Suci Katulik Wétan, punika pusat saking peribadatan Katulik.

Kanthi sajarah ingkang kalih èwu taun, Gréja punika minangka salah satunggal lembaga paling sepuh ing donya[27] lan gadhah peran wigatos ing salebeting sajarah peradaban Kilèn sabotenipun wiwit abad kaping 4.[28] Ing abad kaping 11, satunggal perpecahan ageng, ingkang sok dipunsebat Skisma Akbar, dumadi antawisipun Kristianitas Wétan lan Kilèn ingkang mliginipun dipunakibataken awit padudon babagan primasi kepausan. Gréja-Gréja Wétan ingkang tetep lan ingkang tembé wingking manunggal kaliyan Biskop Roma, Sri Paus, mbentuk Gréja-Gréja Katulik Wétan, lan Gréja-Gréja ingkang tetep wonten ing njawi otoritas kepausan limrahipun dipunsebat minangka Gréja-Gréja Ortodoks Wétan. Ing abad kaping 16, ugi minangka tanggepan dhumateng tuwuhipun Reformasi Protèstan ing Éropah Kilèn, Gréja punika nyelenggarakaken prosès reformasi lan renovasi internal, ingkang dipuntepangi minangka Kontra-Reformasi.

Senaos Gréja punika mratélakaken minangka "Gréja ingkang satunggal, suci, katulik, lan apostolik," dipunadegaken déning Yesus Kristus, panggénan tiyang saged manggih kapenuhan sarana kaslametan,[29][30] Gréja punika inggih ngakeni manawi Hyang Roh Suci saged migunakaken komunitas-komunitas Kristiani sanèsipun kanggé mbekta tiyang tumuju kaslametan.[31][32] Gréja punika pitados manawi panjenenganipun dipuntimbali déning Hyang Roh Suci kanggé ngupadosaken kamanunggalan umat Kristiani, satunggal obahan ingkang dipuntepangi minangka ekumenisme.[32] Tantangan-tantangan modhèren ingkang dipunadhepi Gréja punika nyakup bangkitipun sekularisme lan panentangan dhumateng sikap bab aborsi, euthanasia, kontrasepsi, lan moralitas sèksual.[33]

Cathetan suku

besut
  1. "Concise Oxford English Dictionary" (online version). Oxford University Press. 2005. Dibukak ing 10 April 2009.[pranala mati permanèn]
  2. Marthaler, Berard (1993). "The Creed". Twenty-Third Publications. Dibukak ing 9 Mèi 2008. kaca. 303
  3. a b McBrien, Richard (2008). The Church. Harper Collins. kaca. xvii. Vèrsi online cumawis ing mriki Archived 2009-08-27 at the Wayback Machine.. Pethikan: Pangginaan adjektiva "Katulik" minangka tambahan ing tembung "Gréja" mawi sipat divisif namung sasampunipun Skisma Wétan-Kilèn... lan Réformasi Protèstan... Ing salebeting kasus sepindhahan, Gréja Kilèn mawi nama Gréja Katulik, déné pihak Wétan migunakaken nama Gréja Ortodoks ingkang Suci. Ing kasus kaping kalih, pihak ingkang dumunung ing pasekuton kaliyan Biskop Roma mempertahankan adjektiva "Katulik", déné gréja-gréja ingkang mutusaken sesambetan kaliyan Kepausan dipunsebat Protèstan.
  4. Libreria Editrice Vaticana (2003). "Katekismus Gréja Katulik." Dipunaksès ing: 2009-05-01.
  5. Vatikan. Dhokumèn-dhokumèn Konsili Vatikan II. Diakses ing: 2009-05-04. Pènget: Tapak asta Paus katingal ing vèrsi Latin.
  6. Declaration on Christian Formation, dipunterbitaken déning Konferensi Waligréja Amérikah Sarékat, Washington DC 1965, kaca 13
  7. Whitehead, Kenneth (1996). ""How Did the Catholic Church Get Her Name?" Eternal Word Television Network. Dipunaksès ing 9 Mèi 2008.
  8. Conto: 1977 Pasetujon kaliyan Uskup Agung Donald Coggan saking Canterbury Archived 2011-07-20 at the Wayback Machine.
  9. Walsh, Michael (2005). Roman Catholicism. Routledge. kaca. 19. Vèrsi online sumadiya ing sini
  10. Beal, John (2002). "New Commentary on the Code of Canon Law". Paulist Press. Dibukak ing 13 Mèi 2008. kaca. 468
  11. The New Catholic Encyclopedia mratélakaken: "Wnten satunggal aspèk ingkang langkung tebih prekawis istilah Katulik Roma ingkang perlu dipunfahami. Gréja Roma saged dipun-ginakaken kanggé nyebat, sanès Gréja universal ingkang gadhah satunggiling primat inggih punika Biskop Roma, nanging kanggé nyebat Gréja lokal ing Roma, ingkang gadhah kaistiméwaan amargi uskupipun ugi njabat minangka primat kanggé sadaya Gréja."
  12. "Number of Catholics and Priests Rises". Zenit News Agency. 12 Fèbruari 2007. Dibukak ing 21 Fèbruari 2008.
  13. "CIA World Factbook". United States Government Central Intelligence Agency. 2009. Diarsip saka sing asli ing 2018-12-24. Dibukak ing 6 Juli 2009.
  14. "Major Branches of Religions Ranked by Number of Adherents". adherents.com. Diarsip saka sing asli ing 2019-01-06. Dibukak ing 2009-07-05.
  15. Schreck, kaca. 158–159.
  16. Paulus VI, Paus (1964). "Lumen Gentium bab 3, pérangan 22". Vatikan. Dibukak ing 9 Maret 2008.
  17. Hukum Kanon, kanon 331 lan 336
  18. Teaching with Authority, déning Richard R. Gaillardetz, kaca. 57
  19. Schreck, kaca. 153.
  20. Barry, kaca. 50–51.
  21. Barry, kaca. 98–99.
  22. Wilken, hal. 281, kutipan: "Sawetawis (Komunitas Kristiani) dipunadegaken déning Petrus, murid ingkang dipuntetepaken Yesus minangka pendhiri Gréja kagunganipun.... Kados makaten kadhudhukan kasebat kalembagakaken, para sajarawan ninjo malih lan ngakeni Petrus minangka paus sepindhahan Gréja Kristen ing Roma"
  23. Schreck, kaca. 152.
  24. Barry, kaca. 37, kaca. 43–44.
  25. (Mat. 16:18–19)
  26. (Yoh. 16:12–13)
  27. O'Collins, hal. v (pengantar).
  28. Ordandis, pengantar
  29. Konsili Vatikan, Kedua (1964). "Lumen Gentium paragraf 14". Vatikan. Dibukak ing 17 Dhésèmber 2008.
  30. Paragraf nomer 846 (1994). "Katekismus Gréja Katulik". Libreria Editrice Vaticana. Dibukak ing 27 Dhésèmber 2008.
  31. Paragraf nomer 819 (1994). "Katekismus Gréja Katulik". Libreria Editrice Vaticana. Dibukak ing 16 Mèi 2009.
  32. a b Kreeft, hal. 110–112.
  33. Shorto, Russel (8 April 2007). "Keeping the Faith". The New York Times. Dibukak ing 29 Maret 2008.
  1. Nami "Gréja Katulik" ngandhut kerancuan, amargi Gréja punika boten namung satunggal-satunggalipun lembaga ingkang mratélakaken dhiri minangka Katulik. Gréja punika sinebat lan nyebat piyambak kanthi sawatawis nama, miturut kondhisi ing saubengipun. Tembung Yunani καθολικός (katholikos), asal saking tembung "Katulik", tegesipun "universal".[1] Tembung punika ingkang kaping sepindhahan dipunagem kanggé nyebat Gréja Kristen ing wiwitan abad kaping 2.[2] Pasca Skisma Akbar, Gréja Kilèn ngagem nama "Katulik", sauntawis Gréja Wétan nganggé nama "Ortodoks".[3] Pasca Reformasi ing abad kaping 16, Gréja ingkang dumunung wonten ing salebeting pasekuton kaliyan Biskop Roma nganggé sebatan "Katulik" kanggé mbèntenaken saking manéka Gréja Protèstan.[3] Nami "Gréja Katulik", sanès "Gréja Katulik Roma", punika nama ingkang biyasa dipun-ginakaken Gréja punika wonten salebeting dhokumèn-dhokumènipun. Nami punika dipun-ginakaken ing judhul saking Katekismus Gréja Katulik.[4] Nami punika ugi ingkang dipun-ginakaken déning Paus Paulus VI nalika napakastani dhokumèn-dhokumèn Konsili Vatikan Kaping kalih.[5][6][7] Mligi ing nagara-nagara mawi penutur Basa Inggris, Gréja punika biyasa dipunsebat Gréja Katulik "Roma"; ing kesempatan-kesempatan tinamtu Gréja punika ugi nyebat dhiri piyambak nganggé sebatan wau.[8] Ing sawatawis wekdal, sebatan punika saged mbèntenaken Gréja punika kaliyan gréja-gréja sanès ingkang ugi nyatakaken dhiri minangka Katulik. Istilah punika dipun-ginakaken ing judhul dhokumèn-dhokumèn ingkang magepokan kaliyan sesambetan-sesambetan ekumenis. Sinaosa makaten, nama "Gréja Katulik Roma" boten dipunsenengi déning kathah umat Katulik ingkang nganggep minangka satunggiling labèl ingkang dipunsemataken déning pihak sanès ingkang gadhah makna manawi Gréjanipun namung salah satunggal saking sawatawis gréja katulik, lan gadhah makna manawi kasetyan dhumateng Sri Paus andadosaken karaos boten layak dipunpitados.[9] Ing gréja punika, nama "Gréja Roma", ing makna ingkang paling alit, tegesipun Kauskupan Roma.[10][11]
  2. Buku taunan kepausan 2007 mratélakaken manawi wonten 1,115 milyar umat Katulik ing donya.[12] Data CIA ugi mbabaraken kintenan ingkang sami.[13]
    Mbandhingaken cacahing kaanggotaan Gréja Katulik kaliyan statistik-statistik ingkang cumawis bab gréja-gréja Kristen sanèsipun nuwuhaken kangèlan-kangèlan metodologis amargi boten wonten dhéfinisi ingkang sami bab kaanggotaan kanggé sedanten dhénominasi Kristen. Wonten satunggal rentang estimasi ingkang nyebataken manawi warga Gréja Katulik minangka 50% [14] saking gunggung umat Kristiani ing donya.

Pratélan pustaka

besut

Pranala njawi

besut