Gunung Krakatau

pulo ing Indonésia

Krakatau iku gunung geni kang isih aktip lan dumunung ana ing Selat Sunda antara Pulo Jawa lan Sumatra. Gunung geni iki tau njeblug nalika tanggal 26 Agustus 1883. Jeblugané gedhé banget lan tsunami kang diakibataké nganti niwasaké watara 36.000 jiwa. Nganti tanggal 26 Dhésèmber 2004, tsunami iki minangka kang gedhé dhéwé. Suwara jeblugan Gunung Krakatau nganti kaprungu saka Alice Springs, Australia lan pulo Rodrigues cedhak Afrika, 4.653 kilomèter. Daya ledhaké kira-kira nganti ping 30.000-né bom atom kang njeblug ing Hiroshima lan Nagasaki ing pungkasané Perang Donya II.

Gunung Krakatau
Èlevasi813 metres (2,667 ft)
Prominèn813 metres (2,667 ft)
Isolasi21.71 kilometres (13.49 mi)

Jeblugan Krakatau njalari owah-owahan iklim global. Donya nganti peteng watara loro setengah dina akibat awu vulkanis kang nutupi atmosfer. Srengéngé suminar redhup nganti setaun lawasé. Hamburan awu katon ing Nurwègen nganti New York.

Jeblugan Krakatau iki sakbeneré isih kalah dibandhingaké karo jeblugan Gunung Toba lan Gunung Tambora ing Indonésia, Gunung Tanpo ing Niu Selan lan Gunung Katmal ing Alaska. Nanging gunung-gunung mau njeblug nalika populasi manungsa isih sethithik banget. Sauntara iku nalika Gunung Krakatau njeblug, populasi manungsa wis cukup padhet, sains lan tèknologi wis wiwit ngrembaka, telegraf wis tinemu, lan kabel ngisor sagara wis dipasang. Kacathet sajeroning sajarah yèn jeblugan Gunung Krakatau iku bencana gedhé pisanan ing donya sawiséh panemon telegraf ngisor sagara. Kamajuan mau, émané durung diimbangi déning kamajuwan ing babagan géologi. Para ahli géologi wektu iku malahan durung bisa mènèhi wedharan ngenani jeblugan mau.

Jeblugan 1883

besut
 
Dua pertiga saking pulo Krakatoa aslinipun sampun dipunbinasakaken déning letusan taun 1883.

Aktivitas seismik ing sekitar gunung Krakatoa iku intensif ing taun-taun sadurunge letusan ageng 1883, nanging sawetara letusan cilik wiwitanipun tanggal 20 Mei 1883. Gunung iku ngeluarake awan uap lan awu gedhé nganti pungkasan Agustus.[1]

Tanggal 27 Agustus, sawetara letusan gedhé ampir musnahake pulo kasebut. Letusan-letusan iku saéngga bisa dirungokake 3,110 km (1,930 mi) adohipun ing Perth, Western Australia, lan pulo Rodrigues cedhak Mauritius, sing adohé 4,800 km (3,000 mi). Gelombang tekanan saking letusan katelu lan paling dahsyat kasebut kedadosanipun kadaptar ing barograph sakjagad.[2] Pirang-pirang barograph nyathet gelombang kasebut pitung kali sajroning limang dinten: sekawan kali kalayan gelombang mundur saking gunung maring titik antipodal point, lan telung kali bali maring gunung; gelombang iku mlaku sakdonya kaping telu setengah. Awu dikirim dhuwuré nganti 80 km (260,000 ft). Kacathet yèn swanten letusan kasebut sangking dhuwuré ngantos tiyang ing radius 16 kilometres (10 mi) sampun tuli.[butuh sitiran]

Kasil gabungan saking pralampita lumpur geni, lebu gunung geni, lan tsunami gadhah asil peteng ing wilayah punika lan ing donya. Cacahing tiwas ingkang kacathet déning wewengkon Walanda punika 36,417, sanadyan wonten sumber ingkang nyebataken estimasi langkung saking 120,000. Wonten laporan ingkang kacathet kanthi rinci babagan kelompok-kelompok rangka manungsa ingkang ngambang menyang Seganten India ing atas rak-rak pumice gunung geni lan kesumurup ing pesisir wétan Afrika ngantos setunggal taun sabibar letusan. Suhu panas ing belahan bumi lor sampun tiba rata-rata 0.4 °C (0.72 °F) ing taun sabibar letusan.[3]


Uga delengen

besut

Sumber

besut
  • Majalah Hidayatullah edisi Agustus 2006.

Pranala njaba

besut
  1. Winchester 2003, kc. 154–166.
  2. Monique R. Morgan (January 2013). "The Eruption of Krakatoa (also known as Krakatau) in 1883". BRANCH: Britain, Representation and Nineteenth-Century History. Diarsip saka asliné ing 7 February 2019. Dibukak ing 5 February 2019.
  3. Bradley, Raymond S. (June 1988). "The explosive volcanic eruption signal in northern hemisphere continental temperature records" (PDF). Climatic Change (ing basa Inggris). 12 (3): 221–243. Bibcode:1988ClCh...12..221B. doi:10.1007/bf00139431. ISSN 0165-0009. S2CID 153757349. Diarsip (PDF) saka asliné ing 3 November 2020. Dibukak ing 29 November 2019 – lumantar Springer.