Kadal wit ijo
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kadal-pohon Hijau | |
---|---|
Dasia olivacea dari Tabir Barat, Merangin, Jambi | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Reptilia |
Ordho: | Squamata |
Subordho: | Sauria |
Famili: | Scincidae |
Génus: | Dasia |
Spésies: | D. olivacea |
Jeneng binomial | |
Dasia olivacea (Gray, 1839) | |
Kadhal wit ijo (Dasia olivacea) ya iku sajinis kadal anggota suku Scincidae. Kéwan iki sajeroning basa manca kaloka minangka Olive Dasia utawa Olive Tree Skink (Ingg.), utawa Olivfarbener Baumskink (Jerman).
Pengenalan
besutKadhal kang awake gempal, dawa awak saka moncong nganti silet (SVL, snout-vent length) maksimal 115 mm, awak total nganti pucuk nganti mencapai 292 mm. Geger wernané zaitun utawa cokelat-zaitun, kanti belang belang samar dumadi saka bintik-bintik ireng (kadang-kadang kanti warna cerah utawa keputihan ing tengahé) kang mbelèrèt melintang. Ndas kanti bintik-bintik ireng kang luwih jelas; rong bintik ireng serupa mata ana ing mburi ndas. Pojok pelupuk mata wernané kuning terang. Sisi ngisor awak ijo terang keputihan utawa kekuningan. Anak kang entes netes warnané cokelat kekuningan utawa rodok abang kanti belang-belang ireng kang jelas lan suthang warnané ireng; buntut kekuningan.[1]
Perisai-perisai supranasal pisah (ora bersing gungan) satu sama liya. Perisai-perisai prefrontal lumrahé pisah, longko bersinggungan. Perisai supralabial (lambé nduwur) 7 iji, kang kaping 5 lan kaping 6 ing ngisor mata; infralabial 8 iji. Perisai nuchal sapasang. Bolongan kuping cilik; timpanum manggon ing njero.[1]
Sisik-sisik ing tengah awak sajeroning 28 nganti 30 deret (nganti 32 deret, kanggo spésimèn Sumatra); sisik ing pérangan dorsal duwé 3, 5 utawa 7 lunas lemah. Ing tengah geger, 41 nganti 46 sisik ana ing antarané perisai parietal (ndas mburi) nganti pucuk buntut (sejajar celah silét). Ing pérangan ventral, 45–58 sisik ana ing antarané perisai mental (dagu) nganti celah silèt. Suthang endèk; kanti 17 nganti 21 lamella ana ing ngisor jari kaping 4 suthang mburi.[1]
Kebiasaan lan perkembangbiakan
besutKadal kang asring tinemu ing wewengkon dataran endèk lan perbukitan nganti 1.200 m dpl. Kaya jenengé, kadal iki berasosiasi kanti pewitan; urip ing pang-pang wit lan cecawangané nganti marang tajuk wit, mligi kang ana ing pérangan pingir alas, alas gegrumbulan, kebon pomahan, lan taman-taman. Arang mudun tekan lemah, kajaba yèn mèh pindhah marang wit kang liya. Memangsa aneka jinis gegremet lan artropoda liyané, kadal iki gawé teritorial kang dipertahanaké saka gangguané sapadha jinisé lan kadal-kadal kang liya.[1][2]
Aktif ing wayah awan (diurnal), ing wayah wengi kadal-wit ijo ndhelik ing selan wit-witan epifit ing kayu wit, utawa turu ing njero klika kang nglèthèk. Kadal diwasa ngendhog 6 nganti 14 iji; bisa nganti 3 utawa 4 ambalan sajrone setaun. Endhog-endhog cilik ukurane 18–19,5 × 10–12 mm iku disèlèhake ing antarané serasah kang bosok ing oyot wit-witan epifit utawa ing selan cecawangan wit. Anak kadal kang nembé netes awake antara 32 nganti38 mm.[1][2]
Penyebaran
besutDasia olivacea nyebar wiwit saka KapuloanNikobar, Burma, Thai lan d, Kamboja, Laos, Vietnam, Ujung Malaya, Singapura, Filipina, Sumatra (kalebu Simeulue, Nias, Sing kep, Kep. Sembi lan), Jawa, lan Kalimantan (kalebu Natuna [3], Sabah lan Sarawak[2]).
Lokasi jinis: Prince of Wales' Is lan d (= Pulau Pinang, Malaysia).[3]