Kampung Naga punika sawijining perkampungan déning kelompok masarakat ingkang sanget ngugemi adat istiadat tilaranipun para leluhur, mliginipun adat Sunda [1]. Kados pemukiman Badui, Kampung Naga punika dados objèk kajian antropologi babagan gesanging masarakat padésan Sunda nalika masa éwah-éwahan saking prabawa Hindhu tumuju prabawa Islam wonten ing Jawa.

Kampung Naga

Lokasi lan topografi

besut

Kampung Naga kanthi administratif mapan wonten ing Kampung Nagaratengah, Désa Neglasari, Kacamatan Slawu, Kabupatèn Tasikmalaya, Jawa Barat. Kirang langkung 40 kilomèter utawi satunggal jam saking Kutha Tasikmalaya tumuji sisih kulon dhateng Kabupatèn Garut. Kampung Naga punika kampung budata ingkang dados salah satunggaling potensi wisata Kabupatèn Tasikmalaya kejawi potensi wisata sanèsipun. Visi Kabupatèn Tasikmalaya punika ndadosaken dhasar religi ingkang islami kanggé ningkataken majenging lan kasejahteraan saha kompetitif ing babagan agribisnis ndadosaken kabupatèn punika tumuwuh kanthi pesat [2].

Lokasi saking Kampung Naga punika boten tebih saking margi ageng ingkang ngubungaken kutha Garut kaliyan kutha Tasikmalaya. Kampung punika mapan wonten lembah ingkang subur. Batas kanggé wewengkon Kampung Naga punika saking sisih kulon dipunwatesi déning hutan ingkang keramat awit saking wonten jaten mau wonten makam para leluhur Kampung Naga. Ing sisih kidul dipunwatesi kaliyan pasabinan. lajeng sisih lor lan wétan dipunwatesi déning Kali Wulan ingkang sumber toyanipun saking Gunung Cikuray tlatah Garut.

Miturut data saking Désa Neglasari, wujud lumah lemah ing Kampung Naga punika wujud perbukitan kanthi produktivitas lemah ingkang subur. Wiyaripun lemah Kampung Naga satunggal hektar setengah, ingkang kathah piyambak kaginakaken kanggé griya-griya, pekarangan, kolam lan langkungipun kanggé tetanèn sawah ingkang dipunpanèn setaun kaping pindho.

Sistem Pamaréntahan

besut

Sistem Pamaréntahan ingkang wonten ing Kampung Naga punika sistem formal lan sistem nonformal. Sistem formal punika sami kaliyan kampung sanèsipun, inggih punika wonten kalurahan, Rukun Tetangga (RT), Rukun Warga (RW). Déné ingkang sistem nonformal punika Kampung Naga dipunpimpin déning Kuncen minangka ingkang gadhah tanggeljawab lan pemimpin ketua adat [1].

Religi lan Sistem Pengetahuan

besut

Penduduk Kampung Naga punika sadaya ngaku agami Islam, nanging kados masarakat adat sanèsipun ingkang taksih nyepengi adat istiadat lan kapitayan dhateng nenek moyangipun. Kanggé masarakat Kampung Naga anggènipun nglampahi agaminipun tangat sanget dhateng warisan nenek moyang kados ta salat 5 wekdal SUbuh, Dhuhur, Asar, Maghrib, lan Isya namung kalampahan nalika dinten Jumat. Piwulangan kanggé ngaji anak-anak punika ing malem dinten Senin lan Kemis, déné pengajian kanggé tiyang sepuh ing malem Jumat [1].

Cathetan suku

besut
  1. a b c [1] Archived 2013-01-03 at the Wayback Machine., (id) http://www.kalangsunda.net Archived 2015-08-03 at the Wayback Machine. Kampung Naga (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).
  2. [2], (id) Kampung Naga (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).