Kenthongan utawa ing basa liya diarani jidor ya iku piranti kothèkan kang digawé saka wit, pring utawa bahan kayu jati kang diukir. Mupangat kenthongan bisa kanggo pratandha (ing basa Indonésia alarm), kodhe komunikasi jarak adoh, morse, piranti adan, uga pratandha cilaka.[1] Wujud kenthongan kurang luwih 40cm lan dhuwur 1,5m-2m. Kenthongan asring dipigunakaké kanggo piranti komunikasi ing jaman biyèn tumrap pandunung kang ana ing laladan utawa pagunungan / Paredèn.[2]

Kenthongan kang dimupangatake kanggo thèték
Kenthongan

Sajarah

besut

Sajarah budaya kenthongan kang ana wiwit asal-usulé saka legenda Cheng Ho kang misuwur saka Cina nganakake panjebaran agama Islam. Ing Sajeroning panjebaran Cheng Ho nemu kenthongan lan didadèkaké piranti/piranti wicara ritual kaagamaan. Panemuan kenthongan mau digawa ing tlatah Cina, Koréa, lan Jepang. Kenthongan uga bisa tinemu wiwit awal Masehi.Ing Nusa Tenggara Kulon, kenthongan tinemu ing Raja Anak Agung Gede Ngurah kang kuwasa ing sakiteré kurang luwih abad XIX, uga migunakaké kenthongan kanggo ngumpulake rakyat. Ing Yogyakarta wiwit mangsa karajan Majapahit, kenthongann Kyai Gorobangsa asring dippigunakake kanggo ngumpulake utawa ngundang ing sajeroning masarakat.[1]

Kenthongan iku kagolong kesenian ing Banyumas. Sebenere kenthongan ora béda adoh karo calung, padha-padha digawé saka bahan dhasar pring. Kenthongan juga biyasa diarani "tek tek" laladan sing lagi anget-angeté majukna kesenian tek-tek ya iku Banyumas karo Purbalingga.Kegiatan kentongan awalé cuma kanggo kesenengane wong padha ronda, jumlahe 4-5 wong padha nganggo kentong muter keliling désa. siki kentongan wis dilombakna lan jumlah pemaine rata-rata 30an lan nganggo mayoret mbarang. dandanane wis ngejreng! racaké nganggo klambi sing mencereng supayane narik perhatian penonoton. mayorete ya uga kenya sing esih enom lan pinter joget. piranti-piranti sing digunakna antara lain kenthongan (piranti utama), bedug(cacahé 2), kecrek, calung, suling, angklung, teplak lan piranti-piranti liyané sing sengaja ditambahna supayane bisa gayeng. lagu sing sok dimaina ing grup-grup kentongan racaké lagu-lagu dangdut lan campur sari, sebenere kabèh lagu bisa diganti aransemene nanging tergantung pinter-pintere pemaine padha.

 
Kenthongan saka pring

grup-grup kentongan saiki wis madan profésional, saben tampil mesti njaluk bayaran sing lumayan. wis akèh grup sing tampil ning laladan-laladan liyané lan éntuk atur sapala sing meriah. grup-grup kentongan sing ana ning banyumas cacahé akèh banget, meh saben désa duwé grup kentongan. kanggo contoh bae grup Gandrung Laras sekang désa ciberung Ajibarang, grup Paijo Ajibarang, Debita, Singo laras, lsp..

angger kepéngin lewih ngerti karo kentongan bisa ditakokna maring dinas pariwisata banyumas ben olih penjelasan sing lewih lengkap.

Cathetan suku

besut
  1. a b Moertjipto, dkk. 1990. Béntuk-béntuk Peralatan Hiburan dan Kesenian Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Direktorat Sajarah dan Aji Tradisional, Proyek Inventarisasidan Pembinaan Aji-Aji Budaya.
  2. Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Laladan (Indonésia). 1985. Ensiklopedi Musik Indonésia Jilid 4. Jakarta: Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Proyek Inventarisasi, dan Dokumentasi Kebudayaan Laladan.