Ledjar Subroto
Ledjar Subroto utawa kondhang diceluk Ki Ledjar Subroto (éjaan anyar: Lejar Subrata, lair 20 Mèi 1938 ing Désa Sapuran, Wanasaba, Wanasaba lan séda 23 Sèptèmber 2017 ing RS Panti Rapih, Kutha Ngayogyakarta[1]) iku dhalang lan pangripta wayang kancil ing Yogyakarta.
Ledjar Subroto | |
---|---|
Lair | Djariman 20 Mèi 1938 Désa Sapuran, Wanasaba, Wanasaba |
Pati | 23 Sèptèmber 2017 RS Panti Rapih, Kutha Ngayogyakarta | (umur 79)
Bangsa | Indonésia |
Pakaryan | Dhalang |
Taun aktif | 1980-2017 |
Kondhang ing | Wayang kancil |
Biografi
besutJaman enom
besutLedjar Subroto duwé nama alit Djariman[2] (éjaan anyar: Jariman). Bapaké nama Budiman sing asalé saka Terban, Yogyakarta lan ibuné nama Sugiyah. Bapaké minangka panabuh gamelan uga pangajar karawitan. Dhèk umur 6 taun, dhèwèké tau diajak bapaké nututi lakuné kethoprak tobong, kethoprak sing anggoné gelaran kanthi mider-mider. Nalika ciliké iku, tanpa sebab, bapaké minggat saka omah. Ora ana sing ngerti ing ngendi lungané, nganti diarani wis séda. Ana panemu yèn inggaté bapaké amarga ibuné duwé dhemenan liya nama Mangun Beni. Ing tembé, konangan yèn bapaké lunga menyang Semarang, gabung ing grup wayang wong Ngèsti Pandhawa, lan duwé jeneng sesinglon Hadi Sukarta.[2]
Dhèwèké ngangsu kawruh ana ing sekolah rakyat (SR). Sawisudhané saka SR, dhèwèké katampa lumebu ing sekolah guru bantu (SGB), nanging banjur milih bali menyang SR ing klas enem manèh.[2] Dhèwèké tau dikongkon nggambar tokoh-tokoh wayang purwa. Gambarané mau banjur ditèmplèkaké ana ing témbok-témbok sekolahé. Saka nggambar mau, dhèwèké éntuk upah sing kena kanggo tuku kertas. Kajaba iku, dhèwèké uga nggambar sato-kéwan saka buku-buku sekolahé sing ngamot sawatara babak saka dhongèng si kancil.[2]
Ing Purwadadi, dhèwèké tau nyambut gawé marang sudagar mèbel nama Téja. Nalika ing omahé Téja, dhèwèké kapéncut marang kothakan wayang purwa darbèké bapaké Téja sing guru kasepuhan (kabatinan). Ing omahé Téja, dhèwèké dijaluki tulung nyungging gebingan wayang sing durung disungging lan ngambali nyungging wayang-wayang sing wis kucem. Saka pangalaman nyungging wayang mau, dhèwèké wanuh marang jagat wayang.[2]
Maguru marang Ki Narta Sabda
besutNalika umuré wis 17 taun, Djariman ora njarag mrangguli bapaké manèh. Nalika iku ing Magelang, bapaké pinuju nabuh bonang panerus ing sawijining gelaran. Déning bapaké, dhèwèké ditepungaké marang Ki Narta Sabda, nalika iku minangka juru kendhang, lan Ki Sastra Sabda, nalika iku minangka lurahé grup wayang wong Ngèsti Pandhawa. Déning Ki Narta Sabda, dhèwèké tau diajak mèlu menyang Semarang, nanging ora kaparangaké kulawargané.[2]
Nalika umuré 18 taun, dhèwèké gabung Ngèsti Pandhawa.[3] Ing kana, dhèwèké nyambut gawé minangka tukang sungging gebingan wayang ing griyané Ki Narta. Dhèwèké nyungging asésorisé busana wayang wong kaya ta: praba, irah-irahan, sabuk, lsp.[2] Dhèwèké uga nututi ing ngendi waé Ki Narta ndhalang lan tinugasan njupukaké wayang sing arep dimainaké Ki Narta.[1] Ayahan mau dilakoni dhèwèké nganti sédané Ki Narta Sabda ing taun 1985.[2] Bapaké lan Ki Narta ingaran wong loro sing akèh mangaribawani dhèwèké dadi dhalang.[3]
Saka Ki Narta, Djariman diwènèhi jeneng Lejar tegesé 'seneng' ing basa Jawa. Ki Narta njenengi mangkono amarga Djariman saben dinané katon seneng, kaya ora duwé susah.[1] Jaré, Djariman uga seneng guyon lan njalari senengé wong-wong ing sakiwa-tengené.[2]
Urip ing Yogyakarta
besutDhèwèké omah-omah pisanan karo wanodya nama Prapti. Saka omah-omah iki, dhèwèké diwènèhi jeneng maratuwané, Hadi Subrata, sing lestari nganti kondhangé dhèwèké diceluk Ledjar Subroto. Mangkonoa, dhèwèké wusana pegatan karo garwané mau.[2]
Ing taun 1964, dhèwèké omah-omah manèh karo wanodya nama Sukarjiyah sing uga sadulur misanané dhéwé. Sakloron mau tumuli padha ngalih menyang Yogyakarta ing taun 1970. Ing sakawit, uripé ing Yogyakarta ora gampang, nanging pangalamané mèlu Ki Narta ndhalang ing warna-warna papan ing Jawa Wétan njalari dhèwèké kuwat ing kaanan apa waé. Nalika jaman ombyaking ramalan NALO (National Lottery), kaprigelané nyungging kanggo ing nggawé lembaran-lembaran ramalan lan didol marang wong sing karanjingan marang nomer NALO. Dhèwèké uga tau nyambut gawé ing Toko Tjokrosoeharto ing Dalan Panembahan minangka juru sungging wayang. Nalika wanuh wong saka Bantul nama Biman sing nitipaké wayang marang dhèwèké saperlu didol, Ki Ledjar kajiwani mbukak bingkil tatah-sungging.[2]
Dhèwèké pidalem ing Dalan Mataram, Suryatmajan, Danurejan. Ing ngarep omahé, ana gladri kanggo mamèraké wayang-wayangé.[3] Saka omah-omahé, dhèwèké duwé putra telu.[4]
Yasa wayang kancil
besutRien Bertmas minangka dhalang wayang purwa saka Walanda sing ngangsu kawruh padhalangan ing Surakarta tau nuku wayang-wayangé Ki Ledjar. Saka panukué mau, Ki Ledjar rumangsa perluné manuhaké wayang marang wong akèh, ora mung marang para nimpuna wayang. Kala samana, carita-carita sato-kéwan kurang kawigatèn minangka sarana ndhidhik bocah. Dhèwèké uga ngawasaké prakara lingkungan urip sing tembé dadi kawigatèné pamaréntah lan nyengkuyung murih prakara mau bisaa dingertèni wong akèh. Saka lelimbangan iku, dhèwèké milih ngembangaké wayang kancil.[2]
Ki Ledjar wiwit nemeni wayang kancil ing taun 1980. Dhèwèké wiwit nggawéni tokoh-tokoh kéwan sing dijupuk saka dhongèng-dhongèng kancil di Jawa, carita Pelanduk Jenaka ing Malayu, lan carita enggonan liyané kanggo gelaran wayangé. Bareng Ki Sukisna, juru-kagunan lan dhosèn ing Univeritas Negeri Yogyakarta, Ki Ledjar tau nggarap iringan gendhing mungguh ing wayang kancil. Iringané wayang kancil mauné kaya iringané wayang purwa, nanging banjur diganti supaya trep ing wayang kancil.[1] Nalika nggelar tontonan wayang kancil, suwéné gelaran watara 45 menit nganti sajam. Tontontan suwé dhéwé sing tau digelar dhèwèké ya iku telung jam. Gelaran wayang kancil sing didhalangi dhèwèké wis ditontonaké tekan njaban rangkah.[2]
Awit saka pambudidayané ing nguri-uri wayang kancil, dhèwèké éntuk pangaji nama Penghargaan Gatra II saka kalawarta Gatra ing taun 1995 sing kawènèhaké ing tanggal 12 Dhésèmber 1995. Pangaji mau minangka aprésiasi marang juru kagunan profésional, pribadi, bebadan sing lelabuhané ngreksa, nuwuhaké, lan ngundhakaké drajat lan panguripan ing jagat kagunan. Dhèwèké uga éntuk Anugerah Kebudayaan 2016 ing Kategori Pelestari saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.[2] Ing Tong Tong Fair ing Den Haag, dhèwèké asring ngraméni kanthi mbukak bingkil wayang kancil kanggo wong lumrah.[5]
Ananto Wicaksono (putuné) lan Sarah Bilby saka Ostrali (muridé) ingaran sing marisi kaprigelané mayang kancil.[2]
Kajaba prigel mayang kancil, Ki Ledjar uga kondhang ndhalangi gelaran wayang sing gegayutan sajarahing Indonésia. Irah-irahan sing tau diusung kaya ta pérang révolusi Indonésia lan kapikuté Pangéran Dipanegara.[3]
Séda
besutKi Ledjar séda ing yuswa 79 taun ing RS Panti Rapih, Yogyakarta. Dhèwèké séda rikala tanggal 23 Sèptèmber 2017 udakara jam 11.55 WIK.[6] Layoné disarèkaké ing Taman Makam Seniman Budayawan Giri Sapto ing Imagiri, Bantul.[1]
Gladri
besutIng ngisor iki sawatara tokoh wayang kancil sunggingané Ki Ledjar.
-
Baya
-
Pak tani
-
Asu
-
Kéyong
-
Macan
-
Memedi sawah
-
Dhénoké pak tani
Rujukan
besut- ↑ a b c d e Nuri, Hamid (2017-10-08). "Sugeng Tindak Ki Ledjar Subroto: Pesene, Wayang Kancil Kudu Tetep Urip". Jaya Baya.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o Wildan, Muhammad (2016-10-11). "Ki Ledjar Subroto, Pelestari Wayang Kancil dari Yogyakarta". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2017-09-28. Dibukak ing 2017-10-11.
- ↑ a b c d Magfira, Sita (2012-07-31). "Ledjar Subroto: The Story of a Yogya-based Puppeteer & a Small but Smart Deer". Latitudes.nu. Dibukak ing 2017-10-11.
- ↑ Himawan, Furqon Ulya (2015-05-28). "Ki Ledjar Subroto, Energi Kehidupan dari Wayang Kancil". Media Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2016-02-04. Dibukak ing 2017-10-11.
- ↑ "Beroemde Javaanse poppenspeler: Ki Ledjar Subroto overleden". Indonesiënu.nl. 2017-09-25. Diarsip saka sing asli ing 2017-10-03. Dibukak ing 2017-10-11.
- ↑ Kusuma, Wijaya (2017-09-24). "Sang Pelestari Wayang Kancil Itu Kini Telah Tiada". KOMPAS.com. Dibukak ing 2017-10-11.