Pédherasi Bosni lan Hércégowina

Pédherasi Bosni lan Hércégowina (Federacija Bosne i Hercegovine, Федерација Босне и Херцеговине, Ngenani wuni iki rungokna ) iku siji saka loro èntitas pulitik péranganing nagara Bosnia-Herzegovina (siji èntitas liyané ya iku Republika Srpska). Kaloroné diwatesi déning garis wates antar èntitas.

Pédherasi Bosni lan Hércégowina
Federacija Bosne i Hercegovine
Федерација Босне и Херцеговине
Tlatah Pédherasi (kuning) sajeroning Bosnia-Herzegovina Distrik Brčko (pink) diduwèni bebarengan karo RS.2
Tlatah Pédherasi (kuning) sajeroning Bosnia-Herzegovina
Distrik Brčko (pink) diduwèni bebarengan karo RS.2
Kutha krajan
lan
Sarajevo
Basa resmi Basa Bosnia, Basa Kroasia and Serbian
Golongan ètnik (2002) Bosniak: 70%
Kroat: 28%
Serb: 1.4%
Others: 0.6%
Papréntahan Sistem Parlemèntèr
 •  Présidhèn Živko Budimir
 •  Mahamantri Nermin Nikšić
Èntitas Bosnia-Herzegovina Èntitas Bosnia-Herzegovina
 •  Kawangun 18 Maret 1994 
 •  Diakoni ing konstitusi BiH 14 Dhésèmber 1995 
Laladan
 •  Gunggung 26,110,5 km2
10,085 sq mi
 •  Banyu (%) N/A
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2007 3,064,413
 •  Cacah sirah 1996 2,444,6653
 •  Karapetan 117/km2
303,86/sq mi
Valuta Mark (BAM)
Zona wektu CET (UTC+1)
 •  Mangsa Panas (DST) CEST (UTC+2)

Pédherasi Bosni lan Hércégowina mligi dipanggoni déning ètnik Bosniak lan Kroat, mula iku kanthi ora resmi karan Pédherasi Bosniak-Kroat. Sanadyan mangkono, miturut kaputusan Mahkamah Konstitutional ing taun 2001, ètnik Serb uga dadi konstituèn katelu sajeroning Pédherasi. Semana uga marang ètnik Bosniak lan Kroat ing Republika Srpska. Pédherasi iki diwangun miturut Perjanjèn Washington kang ditandhatangani tanggal 18 Maret, 1994, kang nganakaké sawijining Déwan Konstituèn utawa (Ustavotvorna skupština/Ustavotvorbeni Sabor). Déwan iki nyambut gawé nganti sasi Oktober 1996.

Pédherasi iki duwé ibukutha dhéwé uga pamaréntahan, gendéra, lambang, présidhèn, parlemèn, pulisi, imigrasi, kator pos lan perusahaan penerbangan dhéwé (BH Airlines). Uga duwé bala dhéwé ya iku Vojska Federacije Bosne i Hercegovine, sanadyan ana ing ngisor pangawasan Mantri Pertahanan Negara Bosnia-Herzegovina, semana uga bala èntitas sijiné ya iku Vojska Republike Srpske. Tentara èntitas (kalebu Vojska Republike Srpske) kudu wis nggabung ing pungkasan taun 2005 lan Mantri Pertahanan èntitas kudu wis dibusak lan dadi siji ing tanggal 1 Januari, 2006. Ing tanggal 6 Juni, 2006 kaloroné wis dadi siji dadi Angkatan Bersenjata Bosnia-Herzegovina kang dikontrol déning Mantri Pertahanan Bosnia-Herzegovina.

SajarahBesut

Pédherasi Bosni lan Hércégowina dibangun miturut Perjanjèn Washington ing sasi Mèi 1994. Miturut perjanjèn iki, kombinasi tlatah kang dikuwasani déning wadyabala Kroat lan Bosniak (pérangan Kroat kalebu Republik Kroasia Herzeg-Bosnia) kang dipérang dadi 10 kanton otonom. Sistem kanton dipilih kanggo nyegah dominasi déning siji golongan ètnik marang ètnik liyané.

Ing taun 1995, wadyabala pamaréntah Bosnia lan wadyabala Kroat Bosnia saka Pédherasi Bosni lan Hércégowina ngalahaké wadyabala sempalan Provinsi Otonom Bosnia Kulon (pimpinan Fikret Abdic, lan tlatah iki banjur disawijèkaké marang tlatah Pédherasi.

Miturut Perjanjèn Dayton taun 1995, Pédherasi Bosni lan Hércégowina iku sawijining èntitas saka loro èntitas Bosnia-Herzegovina lan duwé tlatah 51% saka tlatah Bosnia-Herzegovina (èntitas liyané ya iku Republika Srpska duwé tlatah 49%).

Ing tanggal 8 Maret 8, 2000, Distrik Brčko ditemtokaké minangka èntitas otonom ing Bosnia-Herzegovina lan dumadi saka pérangan tlatah kaloro èntitas. Distrik Brčko saiki dadi tlatah kang didarbèni déning kaloro èntitas mau.

Pamérangan admisistratifBesut

 
Kanton-kanton Pédherasi Bosni lan Hércégowina.

Pédherasi Bosni lan Hércégowina dipérang sajeroning 10 kanton (utawa županija):

  1. Una-Sana, Unsko-Sanski Kanton
  2. Posavina, Posavski Kanton
  3. Tuzla, Tuzlanski Kanton
  4. Zenica-Doboj, Zeničko-Dobojski Kanton
  5. Bosnian Podrinje, Bosanskopodrinjski Kanton
  6. Bosnia Tengah, Srednjebosanski Kanton
  7. Herzegovina-Neretva, Hercegovačko-neretvanski Kanton
  8. Herzegovina Kulon, Zapadnohercegovački kanton
  9. Sarajevo, Kanton Sarajevo
  10. Canton 10, Kanton 10.[1]

Lima kanton (Una-Sana, Tuzla, Zenica-Doboj, Bosnian Podrinje lan Sarajevo) minangka kanton kang kang ndunungi mayoritasé ètnik Bosniak, telu (Posavina, West Herzegovina lan Canton 10) mayoritas ètnik Kroat, lan loro (Bosnia Tengah lan Herzegovina-Neretva) campuran, tegesé ana prosedur legislasi kusus kanggo nglindhungi konstituèn golongan ètnik.

Kutha-kuthaBesut

 
Kutha-kutha gedhé ing Pédherasi Bosni lan Hércégowina.

Pratélan kutha gedhé ing Pédherasi Bosni lan Hércégowina:

DhémografiBesut

     Serb Bosnia      Kroat Bosnia      Bosniak]] Pédherasi Bosni lan Hércégowina dumadi saka 51% saka tlatah Bosnia-Herzegovina, lan dadi papan 60% saka total populasi. Kabèh data bab populasi, kalebu distribusi ètnik, manawa akèk klèruné amarga kurangé data sènsus resmi.

1991Besut

Ing taun 1991, populasi Pédherasi Bosni lan Hércégowina ana 2,757,888 jiwa, kalebu: [1]

  • Bosniak = 1,436,498 (52.1%)
  • Kroat = 610,458 (22.1%)
  • Serb = 485,933 (17.6%)
  • Liya = 224,999 (8.2%)

1996Besut

Ing taun 1996, populasi Pédherasi Bosni lan Hércégowina ana 2,444,665 jiwa, kalebu: [2]

  • Bosniak = 1,773,566 (72.5%)
  • Kroat = 556,289 (22.8%)
  • Serb = 56,618 (2.3%)
  • Liya = 58,192 (2.4%)

GladriBesut

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Struktur Pédherasi Bosnia Hezegovina:

Pranala njabaBesut


Cithakan:Political Divisions of Bosnia and Herzegovina