Wong Bakumpai

(Kaelih saka Suku Bakumpai)

Suku Dayak Bakumpai (Walanda: Becompaijers/Bekoempaiers) inggih punika salah satunggaling subetnis Wong Dayak Ngaju[2] ingkang agama Islam.[3] Suku Bakumpai mliginipun dumunung ing pinggir Kali Barito ing Kalimantan Selatan lan Kalimantan Tengah inggih punika saking kutha Marabahan (minangka pusatipun) dumugi kutha Puruk Cahu, Murung Raya. Suku Bakumpai minangka suku énggal ingkang wonten nalika sensus taun 2000 lan minangka 7,51% saking penduduk Kalimantan Tengah, sadèrèngipun suku Bakumpai kagabung ing salebeting suku Dayak nalika sensus 1930.[4]

Suku Dayak Bakumpai
Suku Dayak Bakumpai
Gunggung cacah jiwa
(200.000.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Tengah:135.297.[1], Kalimantan Selatan: 20.609.[1]
Basa
Bakumpai, Ngaju, Banjar, Indonésia
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Berangas, Ngaju, Banjar

Suku Bakumpai asalipun saking pérangan hulu saking Distrik Bakumpai déné ing pérangan hilir minangka pemukiman tiyang Barangas (Baraki). Sisih lèr (hulu) saking wewengkon bekas Distrik Bakumpai inggih punika wewengkon Distrik Mangkatip (Mengkatib) minangka pemmukiman suku Dayak Bara Dia utawi Suku Dayak Mangkatip. Suku Bakumpai punapa suku Mangkatip minangka keturunan suku Dayak Ngaju saking Tanah Dayak.

Suku Bakumpai kathah pikantuk prabawa saking basa, budaya, hukum adat lan arsitèktur Banjar, amargi punika suku Bakumpai kanthi budaya lan hukum adat kalebet ing golongan budaya Banjar, nanging kanthi basa, suku Bakumpai gadhah gayutan celak kaliyan basa Ngaju.

Miturut situs "Joshua Project" suku Bakumpai cacahipun 41.000 jiwa. Populasi suku Bakumpai ing Kalimantan Selatan nalika sensus penduduk taun 2000 déning Badan Pusat Statistik cacahipun 20.609 jiwa. Ing Kalimantan Selatan, suku Bakumpai ingkang kathah piyambak dumunung ing kabupatèn Barito Kuala cacahipun 18.892 jiwa (taun 2000).

Kabupatèn/kutha ingkang wonten organisasi kerukunan suku Bakumpai:

Sapérangan ageng suku Bakumpai agamanipun Islam lan relatif sampun boten katingal religi suku kados kathah-kathahing suku Dayak (Kaharingan). Upacara adat ingkang gegayutan kaliyan sisa-sisa kapitadosan dangu, kados ritual "Badewa" lan "Manyanggar Lebu".

Miturut Tjilik Riwut, Suku Dayak Bakumpai minangka suku kekeluargaan ingkang kalebet golongan suku (alit) Dayak Ngaju. Suku Dayak Ngaju minangka salah satunggaling saking sekawan suku alit péranganing suku ageng ingkang ugi dipunwastani Dayak Ngaju (Ot Danum).

Mbok manawi wonten ugi ingkang nyukani nama rumpun suku punika kanthi nama rumpun Dayak Ot Danum. Pamaringan nama punika ugi saged dipunangge, amargi miturut Tjilik Riwut, suku Dayak Ngaju minangka keturunan saking Dayak Ot Danum ingkang mapan utawi dumunung ing hulu kali-kali ingkang wonten ing wewengkon punika, nanging sampun ngalami éwah-ewagan basa. Dados suku Ot Danum minangka induk suku, nanging suku Dayak Ngaju minangka suku ingkang dominan ing wewengkon punika. Silsilah suku Bakumpai;

Suku Dayak (suku asal), kapérang suku besar (rumpun):

  • Dayak Laut (Iban)
  • Dayak Darat
  • Dayak Apo Kayan / Kenyah-Bahau
  • Dayak Murut
  • Dayak Ngaju / Ot Danum, kapérang 4 suku alit:
    • Dayak Maanyan
    • Dayak Lawangan
    • Dayak Dusun
    • Dayak Ngaju, kapérang dados manéka suku kekeluargaan:
    • Dayak Bakumpai
    • Lan sanès-sanèsipun

Perbandingan gayutan suku Bakumpai kaliyan suku Dayak Ngaju, kados gayutan suku Tengger kaliyan suku Jawa. Suku Dayak Ngaju minangka suku induk tumrap suku Bakumpai. Organisasi suku Bakumpai inggih punika "Kerukunan Kulawarga Bakumpai" (KKB), minangka parté lokal Kalimantan nalika pemilu 1955.

Populasi Suku Bangsa Bakumpai besut

Populasi suku Bakumpai dipunprakirakaken kados punika:

Adedhasar sensus penduduk taun 2000 déning Badan Pusat Statistik (BPS), populasi suku Bakumpai ing Kalimantan Selatan cacahipun 20.609 jiwa, ingkang kasebar ing kabupatèn lan kutha, inggih punika:

Cathetan suku besut

  1. a b Sumber: Badan Pusat Statistik - Sensus Penduduk Tahun 2000
  2. Tjilik Riwut, Nila Riwut (2007). Kalimantan membangun, alam, dan kabudayan. NR Pub. ISBN 9792399526.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)ISBN 9789792399523
  3. Ukur, Fridolin (2000). Tuaiannya sungguh banyak: sejarah Gereja Kalimantan Evanggelis sejak tahun 1835. BPK Gunung Mulia. kc. 151. ISBN 9789799290588. ISBN 979-9290-58-9
  4. Riwanto Tirtosudarmo, Mencari Indonésia: demografi-pulitik pasca-Soeharto, Yayasan Obor Indonésia, 2007, ISBN 979-799-083-4, 9789797990831
  5. Wow! Basa Bakumpai Jadi Kebanggaan [pranala mati permanèn]
  6. Haug, Michaela (2009). Poverty and Decentralisation in East Kalimantan. Centaurus Verlag & Media KG. ISBN 382550770X.ISBN 9783825507701