Topèng Panji ya iku topèng kang wujudé niru wewatekaning para paraga ing carita Panji. Carita Panji njiwani sawenèh beksan tradhisional ing Indhonésia, kaya déné Beksan Topèng Malang lan Beksan Topèng Cirebon. Topèng Panji kapérang dadi telung rupa, ya iku topèng kanggo para ksatriya, dèwi, lan buta.[1][2][3] Ing taun 2019, kaprigelan lan kalantipan seni kriya Topèng Panji mlebu ing Warisan Budaya Takbenda Indhonésia.[4]

Sawetara paraga ing carita Panji. Ing ndhuwur kapacak topèng Panji Asmarabangun (ksatriya), Dèwi Sekartaji (dèwi), lan Rahwana (buta).

Wedharan

besut

Carita Panji iku carita kang kaloka saka Jawa kang wis sumebar ing Nuswantara, malah tumeka ing sawenèh nagara ing Asia Kidul-Wétan, kaya ta Kamboja, Malaysia, lan Thailand. Ing Jawa, carita iki diremeni déning bebrayané, mula bebrayan ing nguni asring nyaritakaké carita Panji sarana pagelaran, kaya ta pagelaran wayang bèbèr lan beksan topèng. Awit saka iku, Topèng Panji akèh digawé. Topèng iki ana telung rupa, ya iku topèng kanggo para ksatriya, buta, lan dèwi.[1][5]

Topèng Panji

besut

Ksatriya

besut

Wewatekaning paraga ksatriya ing carita Panji nduwé sipat lan pangaribawa kang becik tumrap kauripaning umat manungsa. Para ksatriya iku antarané Panji Asmarabangun, Panji Laras, Gunung Sari, Gunung Sagara, Jati Pitutur, Jati Mirada, Kudha Talirsa, lan Wulung. Topèng rupa ksatriya titikané ana ing jamang, alis, mripat, irung, lambé, lan werna kulit.[6] Topèng rupa iki nduwé jamang aran jamang rujèn jalaran jamangé kaya untu graji, nanging sayektiné ora landhep temenan. Ora kabèh ksatriya nganggo jamang, ana siji ksatriya kang ora nganggo, ya iku Wulung. Wateké Wulung iki bisa disurasani lakuning urip manungsa kang milih urip prasaja.[7]

Gagrag alisé para ksatriya dumadi saka alis menjangan ranggah kang ateges ndarbèni watek kuwat lan alis nanggal sepisan kang ateges ndarbèni watek grapyak. Gagrag mripaté para ksatriya lumrahé dumadi saka leyepan kang awujud sipit, lan kedhelèn kang awujud rada amba tinimbang leyepan. Kekaroné ndarbèni watek jujur lan lugu. Kang katelu, ingaran plorokan kang awujud amba binuka kanthi watek waspada. Sakabèhing gagrag irungé aran walimiring utawa cara Jawané mbangir kang ateges ndarbèni watek jujur. Uga sakabèhing gagrag lambéné aran prèngèsan kang ateges ndarbèni kawicaksanan. Werna topèng iki ana manéka werna lan ndarbèni tegesé dhéwé-dhéwé, kaya ta werna putih (suci), ijo (kasuburan, katentreman), biru (winasis, pracaya dhiri), jingga (grapyak), lan kuning (sumringah).[8][9]

Topèng[10] Jeneng Jamang Alis Mripat Irung Lambé Werna
  Panji Asmarabangun Rujèn Menjangan Leyepan Walimiring Prèngèsan Putih
  Panji Laras Rujèn Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Prèngèsan Ijo
  Gunung Sari Rujèn Menjangan Leyepan Walimiring Prèngèsan Putih
  Guntur Sagara Rujèn Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Prèngèsan Ijo
  Jati Pitutur Rujèn Menjangan Kedhelèn Walimiring Prèngèsan Biru enom
  Jaya Mirada Rujèn Nanggal sepisan Kedhelèn Walimiring Prèngèsan Jingga
  Kudha Talirsa Rujèn Nanggal sepisan Plorokan Walimiring Prèngèsan Kuning
  Wulung Rambut Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Prèngèsan Putih

Dèwi

besut

Wewatekaning paraga dèwi ing carita Panji nduwé sipat grapyak, rupa ayu, lan fèminim. Para dèwi iki antarané Dèwi Sekartaji, Dèwi Ragil Kuning, lan Dèwi Kumada Ningrat. Sungsunan topèng iki padha karo topèng rupa ksatriya.[11] Topèng rupa iki nduwé jamang aran jamang rujèn lan jamang njanur. Jamang njanur iki wujudé tipis lan bisa disurasani kang nganggo jamang iki ndarbèni solah kang prasaja. Sakabèhing gagrag alisé para dèwi aran nanggal sepisan kang ateges ndarbèni watek grapyak. Uga sakabèhing gagrag mripaté para dèwi aran leyepan kang ateges ndarbèni watek jujur lan ora sujana. Uga sakabèhing gagrag irungé aran walimiring kang mèmper kaya pangot wulèn, kang ateges ndarbèni watek jujur.[12] Gagrag lambéné aran prèngèsan kang ateges ndarbèni kawicaksanan, lan mingkem kang ateges ndarbèni watek seneng njaga rahasia. Topèng iki ana rong werna, ya iku putih kang ateges suci lan resik, saha kuning kang ateges sumringah, semanak, lan pracaya dhiri.[13][14]

Topèng[15] Jeneng Jamang Alis Mripat Irung Lambé Werna
  Dèwi Sekartaji Rujèn Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Prèngèsan Putih
  Ragil Kuning Njanur Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Prèngèsan Kuning
  Kumada Ningrat Rujèn Nanggal sepisan Leyepan Walimiring Mingkem Kuning

Wewatekaning paraga buta ing carita Panji nduwé sipat ala lan angkara, kosokbaliné watek paraga ksatriya. Rupa topèng iki digawé ala lan medèni, béda karo rupa ksatriya kang bagus lan grapyak. Para buta iku antarané Rahwana, Jurang Jogrog, Kala Regu Culung, lan Klana Séwandana. Sungsunan topèng iki uga padha karo topèng rupa ksatriya lan dèwi.[16] Topèng iki nduwé jamang aran jamang rujèn lan jamang rujèn buta. Ora kabèh buta nganggo jamang, ana siji buta kang ora nganggo, ya iku Kala Regu Culung kang buthak endhasé. Wateké Kala Regu Culung iki bisa ditegesi prasaja lan lugu, nanging sipaté ala. Gagrag alisé para buta dumadi saka alis menjangan ranggah kang ateges ndarbèni watek kuwat nanging mangrusak lan alis nanggal sepisan kang ateges ndarbèni watek grapyak, nanging julig. Sakabèhing gagrag mripaté aran plorokan kang ndarbèni watek waspada, medèni, tur sujana. Gagrag irungé luwih gedhé tinimbang darbèné ksatriya, dumadi saka pangotan lan térongan kang kekaroné ateges ndarbèni watek seneng ngapusi.[17] Gagrag lambéné akèh-akèh untuné nduwé siyung kang ateges ndarbèni watek nggragas lan akèh akal kang ala. Nanging, ana siji paraga kang ora nduwé siyung, ya iku Klana Séwandana kang lambéné nganggo wujud prèngèsan. Senajan ta wujud prèngèsan iku ngemu teges wicaksana, nanging ing wuri dhèwèké akèh akal alané. Topèng iki ana rong werna, ya iku abang tuwa kang ateges angkara, nesu, lan bebaya, saha biru ateges kaku lan sumelang.[11][18]

Topèng[19] Jeneng Jamang Alis Mripat Irung Lambé Werna
  Rahwana Rujèn Nanggal sepisan Plorokan Pangot Siyungan Abang tuwa
  Jurang Jogrog Rujèn Nanggal sepisan Plorokan Térongan Siyungan Biru tuwa
  Kala Regu Culung Buthak Nanggal sepisan Plorokan Pangot Siyungan Abang tuwa
  Klana Séwandana Rujèn Buta Menjangan Plorokan Pangot Prèngèsan Abang tuwa

Uga delengen

besut

Rujukan

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b Subiyantoro 2020, kc. 2.
  2. Suwasono 2021, kc. 148.
  3. "Topeng Panji Gaya Yogyakarta". Musiyum Sanabudaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-12. Dibukak ing 12 Fèbruari 2023.
  4. "Topèng Panji Yogyakarta". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-12. Dibukak ing 12 Fèbruari 2023.
  5. "Topeng Panji Harus Dilestarikan". Kompas.com. 16 Sèptèmber 2014. Dibukak ing 12 Fèbruari 2023.
  6. Subiyantoro 2020, kc. 4.
  7. Subiyantoro 2020, kc. 5–6.
  8. Subiyantoro 2020, kc. 6–7.
  9. Prayoga 2022, kc. 6.
  10. Subiyantoro 2020, kc. 4–5.
  11. a b Subiyantoro 2020, kc. 9.
  12. Subiyantoro 2020, kc. 10.
  13. Subiyantoro 2020, kc. 11.
  14. Prayoga 2022, kc. 7.
  15. Subiyantoro 2020, kc. 9–10.
  16. Subiyantoro 2020, kc. 7.
  17. Subiyantoro 2020, kc. 8.
  18. Prayoga 2022, kc. 8–9.
  19. Subiyantoro 2020, kc. 7–8.

Kapustakan

besut

Jurnal

Buku

  • Holt, Claire (1967). Art in Indonesia: Continuities and Change. Ithaca, New York: Cornell University Press. ISBN 978-080-1401-88-6.

Pranala jaba

besut