Amir Sjarifuddin
Mr. Amir Sjarifoeddin Harahap (ejaan baru: Amir Syarifuddin Harahap) (lair ing Medan, Sumatera Lor, 27 April 1907 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 19 Dhésèmber 1948 ing umur 41 taun) ya iku tokoh Indonésia, mantan mantri lan nayakotama ana ing wiwitan ngadege nagara Indonésia.[1]
Mr. Amir Sjarifoeddin | |
| |
Nayakotama Indonésia ke-2
| |
---|---|
Mangsa jabatan 3 Juli 1947 – 29 Januari 1948 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Sutan Syahrir |
Diganti déning | Mohammad Hatta |
Mangsa jabatan 14 November 1945 – 29 Januari 1948 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Imam Muhammad Suliyoadikusumo |
Diganti déning | Mohammad Hatta |
Mangsa jabatan 2 September 1945 – 12 Maret 1946 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Tidak ada,Jabatan baru |
Diganti déning | Mohammad Natsir |
Miyos | Medan, Sumatra Lor, Hindia Nèderlan | 27 April 1907
Tilar donya | Dhésèmber 19, 1948 Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia | (umur 41)
Kabangsan | Indonésia |
Partai pulitik | PSI PKI |
Profèsi | Pulitikus |
Agami | Kristen |
Kulawarga
besutBapaké, Djamin gelar Baginda Soripada (1885-1949), ya iku jaksa ing Medan. Ibune, Basunu Siregar (1890-1931), saka kulawarga Batak kang kang wis mbaur karo masarakat Melayu-Islam di Deli.[1] Bapaké keturunan kulawarga kepala adat saka Pasar Matanggor ing Padang Lawas Tapanuli.[1]
Wiyata
besutAmir sekoalah ana ing ELS utawa sekolah dhasar Walanda ing Medan taun 1914 nganti tekan rampung sasi Agustus 1921.[2] Amarga undangan saka sepupune, T.S.G. Mulia kang nembé waé diangkat dadi anggota Volksraad lan sinau ana ing kutha Leiden taun 1911, Amir banjur lunga menyang Leiden.[2] Ora suwé Amir banjur watawis taun 1926-1927 Amir dadi anggota pengurus perhimpunan siswa Gymnasium ing Haarlem.[2] Saksuwene iku Amir uga aktif mèlu ana ing diskusi-diskusi kelompok kristen kaya ing CSV-op Java kang saiki dadi GMKI (Gerakan Mahasiswa Kristen Indonésia).[2] Amir manggon ing omah guru pangugem agama Kristen Calvinis, Dirk Smink.
Nanging nalika September 1927, sawisé lulus ujian tingkat kapindho, Amir bali menyang kampunge amarga ana masalah kulawarga, sanadyan kanca-kanca rakete ngandhani supaya ngampungake sekolahé ing Leiden. Banjur Amir lumebu ing sekolah kukum ing Batavia, numpang ning omahé Mulia (misanane) kang wis dadi direktur sekolah pendidikan guru ing Jatinegara. Sawisé iku Amir pindhah menyang asrama pelajar Indonesisch Clubgebouw, Kramat 106, dhèwèké manggon bareng salah siji senior sekolahé, ya iku Mr. Mohammad Yamin.
Perjuwangan
besutNalika arep invasi Jepang menyang Hindia Walanda, Amir ngupaya nyarujuki lan numindaki garis Kuminis Internasional supaya kaum kiwa bisa ngajak aliansi nganggo kakuwatan kapitalis supaya mbubarake Fasisme. Iki ana gegayutane karo pagaweyan pulitik Muso karo tekané menyang Hindia Walanda ing taun 1936.
Amir banjur dihubungi karo anggota-anggota kabinèt Gubernur Jenderal, ngajak kabèh kakuwatan anti-fasis supaya makarya bareng dinas rahasia Walanda kanggo ngadhepi serangan Jepang. Rencana iku ora éntuk atur sapala kang akèh. Kanca-kanca kang padha-padha aktivis kapitayane isih durung balik manèh amarga polemik ing awal taun 1940-an, sarta ora mudheng karo strategi nglawan Jepang. Dhèwèké péngin nganggo taktik liyané, bareng karo Jepang kanthi pangarep-arep supaya Jepang bakalan mènèhi kamardhikan marang Hindia Walanda sawisé kolonialis Walanda dikalahake. Garis Amir iki kabukti bener.
Ing sasi Januari 1943 Amir katangkep fasis Jepang ing satengahing gelombang-gelombang panangkepan kang ana ing Surabaya. Kadadeyan iki bisa dinyana minangka kabongkare jaringan organisasi anti fasisme Jepang kang ana gegayutane karo Amir. Apa manèh saka turahan golongan iki Amir suk mben bakalan dadi Mantri Pertahanan, barengan karo kanca-kancané rakete kang ngrewangi. Nanging identifikasi wigati saka kedadeyan Surabaya iku, hukuman paling abot diwènèhake menyang tilas para pandhegan Gerindo lan Partindo Surabaya saka sidhang pangadilan kang dianakake ing taun 1944.
Dokumen NEFIS (Netherlands Expeditionary Forces Intelligence Service), instansi rahasia kang dipandhegani Van Mook, ing tanggal 9 Juni 1947 nulis babagan Amir; "dhèwèké duwé prabawa kang gedhé ing kalangan massa lan wong kang ora tepung tembung wedi". Walanda kayane ngerti yèn pahargiyan kang mambu klenik marang dhèwèké ing kalangan Pesindo asalé saka carita para kanca tahanane. Dhèwèké disiksa fisik lan moral, nanging dhèwèké malah ngguyu nalika para panyiksa nggantung Amir kanthi sikil kang ana ing dhuwur.
Ing sajeroning Persetujuan Renville tanggungjawab kang abot ini ana ing kaum Kuminis, Amir minangka negosiator utama saka Républik Indonésia. Kabinet Amir Sjarifuddin mundur kanthi sukarela lan tanpa perlawanan, nalika disalahake prakara persetujuan Renville déning golongan Masyumi lan Nasionalis.
Jabatan
besut- Mantri ing Kabinet Presidensial, Kabinet Sjahrir I, Kabinet Sjahrir II, Kabinet Sjahrir III
- Nayakotama: 3 Juli 1947 – 29 Januari 1948, membéntuk Kabinet Amir Sjarifuddin I lan Kabinet Amir Sjarifuddin II
Cathetan suku
besut- ↑ a b c indonesia.faithfreedom.org[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c d "/edicahy/sejarah-indonesia/sjarifuddin.htm". Diarsip saka sing asli ing 2001-06-17. Dibukak ing 2001-06-17.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |