Badan Pelaksana Kegiatan Usaha Hulu Minyak lan Gas Bumi
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Badan Pelaksana Kegiatan Usaha Hulu Minyak lan Gas Bumi (ingkang asring dipuncekak BPMIGAS) inggih punika lembaga ingkang dipunbentuk déning Pamaréntah Republik Indonesia ing tanggal 16 Juli 2002 dados pembina lan pengawas Kontraktor Kontrak Kerja Sama (KKKS) ing salebeting nindakaken kagiyatan eksplorasi, eksploitasi lan pemasaran migas Indonesia. Kanthi madegipun lembaga punika ingkang dipunatur kanthi UU No 22/2001 ngengingi Minyak lan Gas Bumi saha PP No 42/2002 ngengingi BPMIGAS, mila masalah ngawasi lan mbina kegiyatan Kontrak Kerja Sama ingkang sadèrèngipun dipuntindakaken déning PERTAMINA salajengipun dipuntangani langsung déning BPMIGAS minangka wakiling pamaréntah.[1] Badan punika dipunbubaraken déning Mahkamah Konstitusi kanthi kaputusan ing tanggal 13 Novèmber 2012 amargi dipunanggep boten jumbuh kaliyan UUD 1945.[2]
Wewenang
besutKangge nindakaken tugasipun, BPMIGAS gadhah wewenang kados makaten:
- mbina kerja sama kanggé mujudaken integrasi lan sinkronisasi kegiyatan operasional KKKS
- ngrumusaken kawicaksanan saking anggaran lan program kerja KKKS
- ngawasi kegiyatan ingkang paling baku operasional kontraktor KKKS
- mbina sadaya aset KKS ingkang dados kagunganipun nagara
- nindakaken koordiasi kanthi pihak lan utawi instansi ingkang wonten gegayutanipun ingkang dipunbetahaken nalikan nglampahaken Kegiatan Usaha Hulu
Susunan Organisasi
besut- Kepala BPMIGAS: R Priyono
- Wakil Kepala BPMIGAS: Hardiono
- Deputi Perencanaan: Haposan Napitupulu
- Deputi Pengendalian Operasi: Rudi Rubiandini
- Deputi Pengendalian Keuangan: A. Syakhroza
- Deputi Umum: J. Widjonarko
- Deputi Babagan Evaluasi dan Pertimbangan Hukum: Lambok H. Hutauruk[3]
- Wakil Kepala BPMIGAS: Hardiono
Kontraktor Kontrak Kerja Sama BPMIGAS
besutKontraktor Kontrak Ker Sama (KKS) kapérang dados perusahaan njawi lan lebet nagari, saha joint venture ing antawisipun perusahaan manca nagari lan lebet nagari. Pratélan punika badhé tansah ngrembaka ndhèrèk saking tender konsesi ingkang dipuntindakaken déning BP Migas saben taunipun.
BPMIGAS Bubar
besutIng tanggal 13 Novèmber 2012, Mahkamah Konstitusi mutusaken pasal ingkang ngatur tugas lan fungsi Badan Pelaksana Minyak lan Gas Bumi (BPMIGAS) ingkang dipunatur wonten ing UU Nomor 22 Tahun 2001 ngengingi Minyak lan Gas Bumi ingkang boten jumbuh kaliyan UUD 1945 lan boten gadhah hukum ingkang ngiket. Putusan MK kasebat dipunwiwiti saking pengajuan Judicial Review déning 30 tokoh lan 12 organisasi kemasarakatan (ormas), ing antawisipun inggih punika wonten Ketua Umum PP Muhammadiyah Din Syamsuddin, Lajnah Siyasiyah Hizbut Tahrir Indonesia, PP Persatuan Umat Islam, PP Syarikat Islam Indonesia, PP Lajnah Tanfidziyah Syarikat Islam, PP Al-Irsyad Al-Islamiyah, PP Persaudaraan Muslim Indonesia, Pimpinan Besar Pemuda Muslimin Indonesia, Al Jamiyatul Washliyah, Solidaritas Juru Parkir, Pedagang Kaki Lima, Pengusaha dan Karyawan (SOJUPEK), Kesatuan Aksi Mahasiswa Muslim Indonesia, lan IKADI. Sedaya pihak punika mbiji UU Migas saged mbikak liberasisasi kanggé ngemunah migas amargi kénging pangaribawa saking pihak asing. Para tokoh punika dipunbiyantu déning kuasa hukum Dr Syaiful Bakhri, Umar Husin, kanthi saksi ahli Dr Rizal Ramli, Dr Kurtubi, lan sanès-sanèsipun.[4] MK mutusaken pasal ingkang ngatur tugas lan fungsi BPMIGAS wonten ing UU nomer 22 taun 2001 ngengingi Minyak lan Gas Bumi kanthi tembung "melalui Badan Pelaksana" wonten ing Pasal 20 ayat (3), frasa "berdasarkan pertimbangan dari Badan Pelaksana dan" wonten ing Pasal 21 ayat (1), frasa "Badan Pelaksana dan" wonten ing Pasal 49 UU Migas boten jumbuh kaliyan UUD 1945 lan boten gadhah kukum ingkang ngiket. MK ugi ngandharaken Pasal 1 angka 23, Pasal 4 ayat (3), Pasal 41 ayat (2), Pasal 44, Pasal 45, Pasal 48 ayat (1), Pasal 59 huruf a, Pasal 61, lan Pasal 63 UU Migas boten jumbuh kaliyan UUD 1945 lan boten gadhah kekiyatan hukum ingkang ngiket.[5] Pamarentah mutusaken kanggé medalaken Perpres No 95/2012 kanggé mbiyantu Ékan Kerja Sementara Pelaksana Kegiatan Usaha Hulu Minyak lan Gas Bumi (SK Migas), dados tumindak ingkang kedah dipuntindakaken sabibaripun putusan Mahkamah Konstitusi wau.
Cathetan suku
besut- ↑ UU No. 22/2001 tentang Minyak dan Gas Bumi (dipunundhuh tanggal 3 Pebruari 2013)
- ↑ PP No. 42/2002 tentang Badan Pelaksana Kegiatan Usaha Hulu Minyak dan Gas Bumi Archived 2005-02-27 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 3 Pebruari 2013)
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2010-01-05. Dibukak ing 2013-02-03.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "BP Migas bubar". -. Gatra. 13 November 2012.[pranala mati permanèn]
- ↑ "BP Migas bubar". -. Antara. 13 November 2012.