Basoeki Abdullah

Basoeki Abdullah (Sala, 27 Januari 19155 November 1993) iku pelukis legendaris Indonésia. Pelukis iki putu saka Wahidin Sudirohusodo, tokoh Perobahan Kebangkitan Nasional Indonésia. Jenengé ditulis nganggo rong éjaan, ya iku “Basoeki” nganggo ejaan Van Ophuysen lan “Abdullah” nganggo aturan jaman saiki. Alesané, Lukisané asring wujud gambar-gambar kang ngepénakaké mata, ya iku sesawangan lan wanodya ayu.

Basuki Abdullah (lair ing Sala, 27 Januari 1915) inggih punika pelukis aliran réalisme romantis kang kondhang ing Indonesia. Katah tokoh lan negarawan sampun dilukis, ya iku; Bung Karno, Ratu Sirikit lan Raja Bhumibol, Ratu Juliana, Imelda Marcos, Raja Malaysia Ambul Halim Muazzam, Nyonya Romulo, Pak Harto, Bu Tien Suharto, lan Nyonya Hartini.[1]

Riwayat Urip besut

Miyos ing Sala, 27 Januari 1915, Basuki Abdullah ya iku anak nomer loro saking Raden Abdullah kang dados pelukis pemandangan, keponakan Dr. Mangunhusodo kang dados dokter keraton Kasunanan, lan cucu tokoh penggerakan Boedi Oetomo, Dr. Wahidin Sudirohusodo saka garis bapak. Tahun 1933 bakda lulus seka HIS, Basuki jeneng undanganè, banjur neruske Sekolah Seni Lukis ing Negeri Belanda. Kang merga sekolah ning kana, dhéwékè berkembang lan nemuakè bentuk lukisan. Pelukis Popo Iskandar nyebut, yen Basuki iku pelukis kang nduwe aliran réalisme campuran romantis. Basuki seneng ngelukis alam, kajaba manungsa, kèwan, pemandangan, wanadya, lan jaran. Dhéwékè seneng karo warna ireng, kang kadang digabung karo warna sawo mateng.

Basuki suwi manggon ning Thailand, mergo sibuk ngelukis. Ing riwayat urip, Basuki wis rabi ping telu, ya iku sing pertama karo Maria Michélé (Maria Abdullah) seko Belanda, banjur cerai. Sing kepindha, karo wanadya seko Thailand, nanging cerai. Lan garwa terakhir, Nataya saka Thailand. 13 tahun urip ning Thailand, April 1974 dheweke bali ing Indonesia, lan mundar-mandir Jakarta-Bangkok. Nanging tetep balik lan urip ing Indonesia.[1]

Biografi besut

Wiwit cilik, Basoeki wis seneng nglukis. Ora mokal seneng nggambar amarga ramané, Abdullah Surosubroto, iku uga pelukis. Basoeki sinai ing HIS Katulik lan Mulo Katulik ing Sala. Kanthi pambiyantu saka Pastun Koch SJ, Basoeki Abdullah nampa beasiswa kanggo nerusaké pasinaon ing Akademi Seni Rupa ing Den Haag, Walanda. Dhèwèké ngrampungaké sinauné sajeroning telung taun lan olèh nugraha Sertifikat Seni Royal Internasional (RIA).

Ing jaman Jepang, Basoeki Abdullah mèlu Gerakan Poetra utawa Pusat Tenaga Rakyat. Ing obahan iki dhèwèké olèh tugas ngajar seni lukis. Murid-muridé antarané Kusnadi lan Zaini. Saliyané iku, Basoeki uga aktif ing Keimin Bunka Sidhosjo (punjer kabudayan Jepang ing Indonésia) bareng karo Affandi, Soedjojono, Otto Djaja, lan Basoeki Resobowo. Ing jaman révolusi, Basoeki manggon ing New Kerk, Amsterdam. Nalika Ratu Yuliana jumeneng nata dadi ratu ing taun 1948, Basoeki menang sayembara lukis lan ngalahaké 87 pelukis Éropah. Wiwit iku, Basoeki Abdullah kondhang. Ing taun 1974, Basoeki Abdullah manggon ing Jakarta.

Basoeki kawin kaping papat. Garwa sepisanan ya iku Yosephin (wong Walanda), banjur karo Maya Michel, So Mwang Noi, lan pungkasané Nataya Narerat.

Priyayi iki tilar donya disédani déning maling ing omahé. Saréyané ana ing Mlathi, Kabupatèn Sléman, Jogjakarta.

Seni besut

Lukisané manut ilèn naturalis lan gawé kang sarwa éndah. Saliyané nglukis, Basoeki Abdullah uga prigel nari lan kadhang kala main wayang wong didhapuk dadi Rahwana utawa Anoman.

Pameran besut

Sawenèh paméran kang tau dilakoni déning Basuki Abdullah:[1]

  • Pameran Lukis Jakarta, 1945
  • Pameran Lukis Bangkok, 1973

Pendhidikan besut

Sawenèh pendidikan kang tau dilakoni déning Basuki Abdullah:[1]

  • HIS Surakarta
  • Sekolah Seni Lukis ing Negeri Belanda

Rujukan besut

  1. a b c d Apa dan Siapa sejumlah orang Indonesia 1981-1982. Jakarta: Grafiti Pers. 1982. kc. 5.

Pranala njaba besut

Cithakan:Pelukis Indonésia