Iwak Baung
Kalamangsa: Late Miocene–Recent
Hemibagrus planiceps
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Siluriformes
Famili: Bagridae
Génus: Hemibagrus
Bleeker, 1862
Spésies tipe
Bagrus nemurus
Valenciennes, 1840
Sinonim
  • Macropterobagrus
    Nichols, 1925
  • Brachymystus
    Fowler, 1937

Baung utawa Beong punika nama golongan iwak ingkang kalebet dhateng marga Hemibagrus, suku Bagridae [1]. Ulam punika nyébar wonten ing India, Cina kidul lan Asia Tenggara. Namanipun ulam baung saben tlatah punika bènten-bènten kados iwak eri, baong, baon (Mly.), bawon (Btw.), senggal utawi singgah (Sd.), tagih utawi tageh (Jw.), niken, siken, tiken, tiken bato (Kalteng), lan sanèsipun. Ulam baung taksih satunggal kerabat kaliyan iwak lélé, nama marganipun Hemibagrus ingkang saking Basa latin Hemi ateges setengah lan bagrus ingkang dipunpendhet saking pelafalan Muhazab ''bagre'' awit pituturan Yunani pagros (nama jinising ulam laut) [1].

Morfologi

besut

Wujudipun ulam baung punika dawa, lunyu, boten gadhah sisik, kepala ageng lan depres kanthi tigang pasang sungut ing kiwa tengen tutuk lan sepasang malih ing lubang pernafasan. Kajawi punika dawanipun sungut rahang nginggil dumugi sirip dubur. Wonten ing sirip dhadha lan punggung gadhah eri patil. Ulam baung gadhah sirip lemak(adipose fin) ing sakwingkingipun sirip punggung [1].

Panyebaran

besut

Distribusi ekologis ulam baung punika perairan tawat, kali utawi lèpèn, tlaga ugi wonten ing muara lèpèn lan padatanipun kapanggihaken wonten ing tlatah banjir. Ulam baung ugi saged gesang wonten ing kolam kanthi dhasaripun wujud wedhi lan watu. Ing Jawa Kulon, ulam baung kathah kapanggihaken wonten ing Lepen Cidurian lan Jasinga Bogor amargi toyanipun cethèk (45 mèter) kanthi kecerahan 100 % [1].

Ulam punika remel damel gerombolan wonten ing dhasaring perairan lan damel sarang wujud bolongan ingkang lunak kanthi ilining toya ingkang kalem. Ulam baung remen ugi kaliyan papan-papan ingkang boten katingal lan boten aktif medal saking sarang sadèrèngipun dinten peteng. Nalika sampun dalu, ulam punika pados mangsa nanging namung wonten ing kiwa-tengené sarang. Distribusi géografis ulam baung punika wonten perairan Indonesia, Hindia Timur, Indocina, lan Thailand[1].

Jinis kelamin

besut

Jinis kelamin ulam baung punika saged katingal kanthi cara nyigar weteng lan ningali gonad lan ciri-ciri morfologis. Gonad ulam baung wadon lan ulam baung ingkang lanang mapan wonten ing rogga weteng pérangan dorsal intestin. Gonad ulam ulam saged katingal manawi ukuran ulam punika kirang langkung 20 cm. Awit saking punika ulam baung ingkang langkung alit saking ukuran mau saged kabédakaken kanthi ningali lubanging genital.

Penyakit

besut

Penyakit ingkang asring nyerang ulam baung punika ichthyopthirius multifiliis utawi langkung kawentar kanthi nama white spot (bintik putih) [1].

Panganan

besut

Kebiasaan mangan ulam baung punika asifat noktural, inggih punika aktivitas kagiyatan gesangipun langkung kathah wonten ing wanci dalu, Kajawi punika, ulam baung remen ndelik wonten ing liang-liang pinggirin lèpèn papan gesangipun. WOnten ing alam, ulam baung kalebet kéwan pemakan menapa kemawon utawi omnivora. Nanging wonten ugi ingkang nglebetaken ulam punika dhateng golongan kéwan ingkang mangan daging (karnivora) amargi ulam punika langkung kathah mangan kéwan-kéwan alit kados ta ulam-ulam alit, urang-urang alit, remis, insekta, moluska, lan suket.

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f [1][pranala mati permanèn], Ikan baung (dipun-akses tanggal 07 Dhésèmber 2012).