Beksan Srimpi
Beksan Srimpi inggih punika babagan ingkang dados sebatanipun tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta. Semanten ugi kaliyan bedhaya saha dados sebutan kanggé tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta.[1] Miturut RM. Wisnu Wandhana, srimpi inggih punika beksan putri ingkang dipunbeksaaken déning sekawan putri, minangka pralambang saking grama, angin, toya, kaliyan bumi.[2] Miturut Baoesastra Djawa, srimpi ateges lelangen beksa, ingkang mbeksa tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi simpi punika gadhah ateges dasanama saking wanda sekawan.[3] Kajawi bedhaya, srimpi inggih dados beksa ingkang dipuntarekaken wonten ing pura, saha dados lelangen beksa klasik ingkang dipunngleluri amargi beksan punika kalebet beksan pusaka kraton. Beksan srimpi punika gadhah cariyos ingkang sami kaliyan beksan Bedhaya Sanga, ingkang nyariyosaken babagan akal kaliyan nepsu tiyang manungsa ingkang perang. Wonten ing sanèsipun, Kadipaten Pakualaman nyariosaken manawi beksan srimpi punika beksan ingkang dipunpentasaken wonten ing adicara sepekenan utawi gangsal dinten bibar adicara pawewahan ageng boyongan putri Pakualam dhateng Pakualaman. Beksan srimpi punika dipunpentasaken kanggé adicara mangayubagya resepsi kados tradisi Kasunanan Surakarta.[4]
Mula-bukanipun Beksan Srimpi
besutSrimpi miturut saking Kasultanan Ngayogyakarta inggih punika lelangen beksan klasik ingkang dipunbeksakaken kaliyan tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi beksan srimpi punika gadhah ateges wanda sekawan. Miturut saking Dr. Priyono, beksan srimpi punika dhumateng saking tembung impi. Tembung "impi" punika amargi para pamirsa ingkang mirsani beksan srimpi, ingkang dangunipun dumugi satunggal jam, kados dipunbeta dhateng donya impi, amargi sadaya pambeksanipun langkung alus. Miturut Kangjeng Brongtodiningrat, srimpi punika pralambang saking sekawan unsur mata angin, kados grama, toya, angin, saha bumi. Wonten ing Kasultanan Ngayogyakarta, beksan srimpi punika sami sepuh kaliyan beksan bedhaya saha dipundadosaken beksan pusaka kraton ingkang adhiluhung. Beksan Srimpi punika cariyosipun kapendhet saking cariyos Bedhaya Sanga. Wonten ing sanèsipun, Srimpi gadhah cariyos babagan ingkang dados pralambang grama, angin, toya, saha bumi. Para pambeksa srimpi awujudaken batak, gulu, dhada, saha buncit.[5]
Miturut kaliyan Dr. Priyono, Srimpi ingkang dipunbeksa nalika samanten dipunwiwiti wonten ing pamaréntahanipun Sultan Agung antawis 1613-1646. Beksan Srimpi punika namung dipunpéntasaken wonten ing dalem Kraton kanggé ritual kanagaran dumugi jumenengan Sultan. Wonten ing taun 1755, Kraton punika pecah dados kalih inggih punika kraton Kasultanan Ngayogyakarta kaliyan kraton Kasunanan Surakarta, amargi inti saha cariyos beksan srimpi punika taksih sami. Wonten ing Kasultanan Ngayogyakarta, beksan srimpi kagolongaken dumados Serimpi Babul Layar, Serimpi Dhempel, Serimpi Genjung, bènten wonten ing Kasunanan Surakarta ingkang anggolongaken beksan srimpi dumados Serimpi Anglir Mendung kaliyan Serimpi Bondan. Sajatosipun, beksan Srimpi punika sampun dangu dipunpentasaken wonten ing Kraton, amargi beksan punika saweg dipunmangertosi kaliyan masarakat taun 1970-an.[5]
Miturut R.M. Wisnu Wardhana perang ingkang dipuncariyosaken wonten ing beksan Srimpi inggih punika falsafah gesang piyantun Jawi. Cariyos beksan Srimpi kados kabecikan kaliyan kabatilan ingkan boten saged bibar. Perang wonten ing beksan Srimpi punika langkung katingal amargi sadaya pambeksa Srimpi ingkang nyariyosaken prajurit kalih sami tarung kaliyan prajurit sanèsipun ngagem keris alit utawi cundrik, jemparing, jebeng, utawi pistol. Wonten ingkang kaping sepindah, sadaya penari ingkang mbeksa srimpi ngagem rasukan kados temanten Jawi, inggih punika dodot kaliyan gelung bokor mengkurep. Sapunika, rasukanipun para pambeksa beksan Srimpi langkung nuweni éwah-éwahan, inggih punika ngagem jarik parang rusak kaliyan sered kiwa, saha rasukan ingkan boten mawi lengen.[5]
Beksan Srimpi
besutSrimpi miturut saking Paku Alaman, gadhah jinis ingkang kathah, amargi srimpi punika beksan ingkang dados beksan induk kados bedhaya. Wonten ing pèriode Paku Alam ingkang kaping satunggal dumugi Paku Alam ingkang kaping sanga,[4] beksan srimpi ingkang remen dipunpentasaken inggih punika:
Srimpi Gandrung Winangun
besutSrimpi Gandrung Winangun inggih punika beksan srimpi ingkang taksih gadhah kéblat saking beksan Srimpi ing limrahipun. Beksan Srimpi Gandrung Winangun dipunbeksakaken kaliyan putri ingkang cacahipun sekawan, saha dipuniringi kaliyan gendhing ingkang namanipun Gandrung Winangun. Beksan Srimpi Winangun sajatosipun beksan ingkang dados tradisi saking Kasultanan Ngayogyakarta ingkang dipunterasaken kaliyan Kadipatèn Pakualaman[4]
Srimpi Ela-ela
besutBeksan Srimpi Ela-ela sajatosipun sami kaliyan srimpi sanèsipun. Beksan Srimpi Ela-ela dipunbeksaaken kaliyan putri ingkang cacahipun sekawan, saha dipuniringi kaliyan gendhing Ela-ela. Beksan Srimpi Ela-ela punika sajatosipun beksan tradisi saking Kasultanan Ngayogyakarta ingkang dipunterasaken kaliyan Kadipatèn Pakualaman.[4]
Srimpi Nadheg Putri
besutBeksan Srimpi Nadheg Putri inggih punika beksan ingkang kasebat wonten ing naskah Langen Wibawa, wonten ing Pamaréntahanipun K.G.P.A.A. Paku Alam IV. Naskah ingkang kaserat kaliyan basa Jawi, miturut data kodikologis dipunserat kaliyan sekawan panyerat. Ingkang nyerat kaping sepindah wonten ing taun 1866, inggih punika wonten ing wekdal Paku Alam IV jumeneng (taun 1864 dumugi 1878). Ingkang nyerat kaping kalih dumugi kaping sekawan boten nyerat tarikh utawi wekdal, amargi taksih nyebataken raja ingkang jumeneng, inggih punika Haryo Prabu Suryadilaga utawi Paku Alam V, ingkang jumeneng taun 1878 dumugi 1900. Wonten ing lebetipun naskah Langen Wibawa, wonten kathah wedhana renggan]] utawi tulisan ingkang dipunsukani gambar-gambar ingkang nyariosaken babagan seni jogèd. Salah satunggalipun wedhana renggan nyariosaken 8 tiyang ingkang saweg beksa, ingkang dipunubet manéka warna kéwan saha tuwuhan. Beksan ingkang dipunceriosaken inggih punika beksan Srimpi Nadheg.[4]
Srimpi Mangunkung
besutBeksan Srimpi Mangunkung dipunkinten beksan srimpi ingkang sampun ical, amargi sadaya sumber saha manéka warna naskah ingkang nyariosaken babagan beksan punika boten wonten. Beksan Srimpi Mangunkung dipunkinten kairing kaliyan gending Mangunkung.[4]
Srimpi Sangupati
besutSrimpi Sangupati inggih punika beksan ingkang sampun dados beksan tradisi saking Pura Pakualaman. Beksan punika gadhah sumber saking tradisi beksan Kasunanan Surakarta. Srimpi Sangupati dipunpentasaken kaliyan putri ingkang cacahipun sekawan kanggé atur raos kinurmatan dhumateng sadaya ksatriya ingkang sampun gadhah raos kendhel merangi walandi. Beksan Srimpi Sangupati dipunciptaaken kaliyan I.S.K.S. Paku Bawana X, saha dipunparingaken dhumateng wayahipun K.G.P.A.A. Paku Alam VIII dumados bebungah. Beksan Srimpi Sangupati dumugi sapunika dipunleluri kaliyan Pura Pakualaman.[4]
Srimpi Lagu Dhempel
besutBeksan Srimpi Lagu Dhempel utawi Srimpi Dhempel inggih punika beksan ingkang dados tradisi saking Pura Pakualaman, saha gadhah yuswa ingkang sami kaliyan Srimpi Gambirsawit. Beksan Srimpi Lagu Dhempel dipunpentasaken kaliyan putri ingkang cacahipun sekawan. Miturut kaliyan cariyosipun beksan srimpi sanèsipun, sadaya srimpi dipunbeksaaken kanthi pasangan saha ungkur-ungkuran, amargi beksan punika boten nyariosaken ingkang menang utawi nggejejer saha ingkang kalah utawi seleh.[4]
Srimpi Gambir Sawit
besutBeksan Srimpi Gambir Sawit inggih punika beksan srimpi ingkang dados tradisi saking Surakarta. Beksan punika nyariosaken perang antawis babagan ingkang saé saha ingkang kirang saé, ingkang leres saha ingkang luput. Sedaya putri ingkang beksa Srimpi Gambir Sawit ngginakaken keris saha dhadhap.[4]
Srimpi Sukarsih
besutKados Srimpi Gambir Sawit, Beksan Srimpi Sukarsih inggih punika beksan ingkang dados tadisi saking Kasunanan Surakarta, saha dipunleluri kaliyan Pura Pakualaman. Putri ingkang beksa Srimpi Sukarsih punika cacahipun sekawan saha ngginakaken pistol.[4]
Srimpi Anglirmendhung
besutKados beksan Srimpi Gambir Sawit saha beksan Srimpi Sukarsih, beksan Srimpi Anglirmendhung inggih punika beksan srimpi ingkang dados tradisi saking Surakarta. Amargi ingkang dados kabèntenan saking beksan Srimpi Anglirmendhung,inggih punika sadaya putri ingkang beksa boten ngagem keris utawi pistol, langkung ngagem sampur.[4]
Srimpi Ludira Madu
besutBeksan Srimpi Ludira Madu inggih punika beksan srimpi ingkang kados srimpi sanèsipun. Wonten ing kaping pisan, beksan Srimpi Ludira Madu gadhah asma Srimpi Ludira Madura, ingkang ateges trah katurunan Madura. Trah Madura ingkang kasebat inggih punika Sinuhun Paku Buwono V.[6] Sajatosipun beksan Srimpi Ludira Madu punika kacipta kaliyan Sinuhun Paku Buwono V ingkang dados putra makutha Kasunanan Surakarta, ingkang misuwur kanthi gelar Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Sanèsipun cariyos ingkang dados mula bukanipun beksan Srimpi Ludira Madu inggih punika cariyos kanggé mengeti Ibu saking trah keturunan Madura, inggih punika putri Adupati Cakraningrat saking Pamekasan. Wonten ing beksan punika, kacariyosaken ibu ingkang bijaksana. Sedaya cariyos punika kasebat wonten ing kandha saha gendhingipun ingkang ngiringi.[7]
Cathetan suku
besut- ↑ Anton M. Moeliono via Soedarsono, dkk. 2000. Misteri Serimpi. Yayasan Untuk Indonesia
- ↑ RM Wisnu Wardhana.1981. Macam-macam Jogèd Tunggal, Beksan, dan Jogèd Sakral Gaya Yogyakarta dalam Mengenal Jogèd Klasik Gaya Yogyakarta. Percetakan Ofset Liberty
- ↑ Kodhe basa ora trep.Poerwadarminta.1939.Baoesastra Djawa. J. B. Wolters Uitgevers Maatschappij
- ↑ a b c d e f g h i j k Nyi M.T. Probomatoyo. 2011. "Warnasari Sistem Budaya Kadipaten Pakualaman". Trah Pakualaman Hudyana
- ↑ a b c Sejarah Srimpi(dipunundhuh tanggal 19 Juli 2012)
- ↑ Srimpi Ludira Madu(dipunundhuh tanggal 25 Juli 2012)
- ↑ Sejarah Srimpi(dipunundhuh tanggal 25 Juli 2012)