Betok
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Betok | |
---|---|
Iwak betok, Anabas testudineus | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Perciformes |
Famili: | Anabantidae |
Génus: | Anabas |
Spésies: | A. testudineus |
Jeneng binomial | |
Anabas testudineus (Bloch, 1792) |
Betok punika nama salah sawijining ulam utawi iwak ingkang kathahipun gesang wonten toya ingkang tawar kanthi nama Anabas testudineus [1][2]. Ulam punika ugi kawéntar kanthi nama sanès kados ta bethok utawi bethik (Jawa), puyu (Melayu), lan pepuyu (Basa Banjar). Wonten ing Basa Inggris dipunwastani climbinh gouramy utawi climbing perch, dhedhasar ulam punika saged manginggil dhateng dharatan [1].
Morfologi
besutUlam ingkang alit padatanipun dawanipun kirang langkung 25 cm, nanging kathahipun langkung alit. Ulam betok gadhah ukuran sirah ageng lan sisik ingkang kaku. Pérangan nginggil awak (dorsal) warni ireng radi coklat utawi radi ijo. Pérangan sisih (lateral) warni kekuningan mliginipun sisih ngandhap kanthi garis-garis ingkang melintang samar boten katata. Wonten ugi bintik ireng ing sakwingkingipun tutup angsang. Sisih wingking katutup angsang kanthi gerigi landhep kados eri.
Ulam betok gadhah kepala bunder, awak lonjong, sirip buntut bundar, padatanipun gadhah warna coklat utawi ireng radi ijo. Ulam punika gadhah waja ing rahang pérangan vomer ipun, operculum, lan properkulum ipun gadhah sisik, saha lateral line 2 ruas. Ulam betok enèm gadhah larik-larik peteng ing sisih wingkinging awak lan buntut kanthi satunggal oselus (bunderan) ageng kanthi ujung putih ing dhasar sirip buntut lan ingkang langkung alit ing sawingkinging tutup angsang [2].
Dawa maksimum ulam betok punika 25 cm, nanging padatanipun sampun matang gonad ing ukuran 10 cm. Ulam betok lanang gadhah sirip punggung langkung dawa tinimbang ulam wadon, nanging ulam betok wadon gadhah sirip dhadha lan sirip weteng ingkang langkung kandel tinimbang betok lanang. Ulam punika gadhah organ pernafasan tambahan (labyrinth) punika pelebaran epibranchial ing lekukan angsang kapisan [2].
Habitat
besutUlam betok punika kalebet ulam ingkang agresif lan saged kapanggihaken ing warna-warna paerairan. Habitat alami ulam punika wonten kali utawi lèpèn ingkang wonten suketipun, lepen alit, kolam, parit irigasi, rawa banjiran, lan tlatah perairan sanèsipun. Punika kadukung wonten organ pernafasan tambahan labyrinth ingkang damel ulam betok saged gesang wonten ing manéka wewengkon perairan. Wonten ing toya ingkang defisit oksigèn lan ulam sanès boten saged gesang nanging ulam betok saged. Nalika wanci dalu, ulam betok nilaraken wewengkon perairan tumuju daratan 180 cm saking toya.
Panyebaran
besutPanyebaran ulam betok ing donya punika cekap wiyar wiwit saking India, Tiongkok, Sri Langka, Cina siish kidul, Filipina, Asia Tenggara sanèsipun. Ugi wonten ing lariking garis Wallacea. Ulam punika kalebet ulam asli ing wewengkon Asia Tenggara, Sri Langka, Cina lan ulam introduksi ing wewengkon wétan (Papua Nugini). Ulam betok punika nyebar wonten ing kepuoan Indo-Australia.
Wonten ing Indonesia, ulam betok saged kapanggih wonten ing Sulawesi, daratan Sunda, Sumatra, kalimantan lan ulam introduksi ing Irian Jaya.
Cathetan suku
besut- ↑ a b [1] Archived 2012-11-28 at the Wayback Machine., (id) http://www.iftfishing.com Archived 2023-02-14 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 27 November 2012)
- ↑ a b c [2], (id) Ikan betok (dipun-akses tanggal 03 Dhésèmber 2012).