Blangkon Ngayogyakarta
Blangkon Ngayogyakarta inggih punika minangka tilaran leluhur ingkang dipun rasuk wonten mustaka, Blangkon minangka tutup utawi iket mustaka tiyang kakung saking tradhisi busana Jawi.[1] Limrahipun kadamel saking kain polos ingkang dipun rajut utawi nganggé corak rerenggan (bathik).[2] Caranipun kain dipun lempit, dipun gangsuli, lan dipun jait supados ketingal kados topi ingkang saged langsung dipun anggé.[3][4] Blangkon Ngayogyakarta limrahipun gadhah pola Kumitir, Sidamukti, Asih Winarna, Wahyu Tumurun, Sekar Jagad, Gadhung Mlathi, Modhang, malah ugi Cèlèng Kewengèn.[5] Motif puniki nggambaraken tiyang ingkang tansah ngupayakaken gesang. Blangkon Ngayogyakarta kadamel nganggé lempitan kain ingkang kathah.[6] Blangkon gagrag Ngayogyakarta taksih dipun asilaken, sesarengan kalihan desain kas lan sedaya simbul, makna lan pangaji ingkang wonten ing ngriku.[7]
Sujarah
besutWonten ingkang mastani blangkon minangka bauran budaya Hindhu sarta Islam.[8] Pedagang Gujarat keturunan Arab ingkang ngrasuk agami Islam mlebet ing Indhonésia. Asring nganggé sorban, kain panjang ingkang dipun blebet wonten ing mustaka minangka iket. Lajeng marahi tiyang Jawi rikala puniku kanggé migunakaken kain iket ing mustaka. Blangkon asalipun saking tembung "blangko" ingkang tegesipun cumawis dipun anggé.[9] Ing jaman rumiyin, blangkon punika wujudipun boten bunder, nanging kados iket mustaka kanthi cara pangiket ingkang jlimet. Nut lampahing jaman, sampun wonten inovasi damel iket mustaka cumawis ingkang dipun wastani blangkon. Blangkon awujud kain pesagi panjang ukuran 105 cm x 105 cm. Kain puniki dipun lempit sepalih dados segitiga lajeng dipun wungkus ing mustaka.[10]
Sujarahipun dipun wiwiti rikala Kasultanan Mataram kapérang dados kalih perangan inggih punika Kasultanan Ngayogyakarta lan Kasunanan Surakarta. Ing taun 1755 ing Jatisari, kekalihipun inggih Sultan Hamengkubuwana I lan Sunan Pakubuwana III, ingkang paman sarta kaponakan, damel pasarujukan kanggé ngrembakakaké budaya ingkang anggadhahi ciri piyambak minangka tenger miyos saking kalih keraton ingkang bènten. Ngayogyakarta bakal nuruti cengkorongan miterat tradhisi Mataram déné Surakarta bakal mbentuk ciri énggal ingkang taksih adhedhasar kabudayan lami. Pramila bèntenipun boten naming wujud blangkon lan cara rasukanipun, nanging ugi wonten ing limban bathik, ringggit, kalihan beksan.[11]
Sekawan Téyori Mila Bikanipun Blangkon
besutPaling boten wontensekawan cariyos bab asal-usul blangkon, kalebet sinten ingkang sepisanan ingkang damel.[12]
1. Aji Saka
Cariyos kang kapisan nyebutaken paraga Aji Saka, panguwasa Tanah Jawi, ingkang naté damel blangkon puniki. Miterat ing legendha Aji Saka kasil ngawonaken Prabu Dewata Cengkar, panguwasa raksasa Tanah Jawi. Aji Saka ngalahaken lawanipun kanthi nggelar tutup mustaka ngantos nutupi satanah Jawi. Nanging, cariyos kasebat boten nyariyosaken kanthi cetha ukuran, wiyar, lan jinis tutup mustaka.
2. Ki Ageng Giring
Dipun cariyosaken yèn sujarah wontenipun blangkon diprakarsani déning Ki Ageng Giring ingkang minangka sesepuh kulawarga Karaton Mataram. Ing jaman rumiyin para panyebar agami Islam ingkang mlebet ing Tanah Jawi gadhah rikma ingkang panjang. Tiyang-tiyang sami rikuh magas rikmanipun amargi nganggep rikma puniku peparingipun Gusti, mila panjenenganipun bakal nulak kekuwatan yèn dipun pagas. Déné ing budaya Jawi boten wonten tiyang jaler ingkang rikmanipun panjang. Pramila Ki Ageng Giring nggagas kanggé nutupi rikmanipun mawi iket. Nut lampahing jaman, iket puniki ugi gantos aran dados blangkon.
3. Sudhagar saking Gujarat
Wonten ugi téyori yen pakulinan nganggé blangkon asalipun saking bauran utawi campuran budaya Hindhu kalawan Islam déning tiyang Jawi. Sudhagar Gujarat asring mbungkus mustaka kanthi kain ingkang wiyar lan panjang (sorban).
4. Baya Ékonomi
Cariyos sanès yèn wiwitanipun blangkon miyos amargi baya ékonomi. Ing jaman kina, kain dados barang langka utawi awrat dipun panggihi. Pana kawontenan makaten, para pangrèh praja kraton paring dhawuh marang para seniman supados damel blangkon utawi ikat mustaka.
Jinis
besutBlangkon puniku kathah jinisipun ing antawisipun wonten kalih jinis blangkon ingkang cekap tinepung ing bebrayan, inggih punika blangkon Surakarta kalihan Blangkon Ngayogyakarta, bèntenipun ingkang saged katingal wonten mondholan satunggaling punuk wonten sisih wingking utawi geger. Wontenipun mondholan wonten ing blangkon punika amargi adatipun bebrayan Jawi nalika semanten anggadhahi rikma ingkang panjang, satemah mondholan wonten ing wingkingipun blangkon punika dipun ginakaken kanggé gangsuli rikma. Sanadyan sampun boten dipun anggé saben dinten, blangkon taksih asring pinanggihi ing upacara manténan adat Jawi utawi pèngetan dinten Kartini ing pawiyatan. Bèntenipun blangkon Surakarta kalihan blangkon Ngayogyakarta wonten ing mondholan ing wingking blangkon.[13] Blangkon Surakarta katingal warata (trèpès), déné blangkon Ngayogyakarta anggadhahii bendholan ing wingking blangkon kados tigan.[11] Mondholan ing wingking ugi dipun gayutaken kalih filosofi tiyang Jawi ingkang lantip nyimpen wewadi, boten remen mbikak awonipun tiyang sanès utawi awakipun piyambak, supados tansah ngatos-atos nanging boten ateges omong-omongan, nanging minangka bukti budi pakerti luhuripun tiyang Jawi.[14][15]
Rujukan
besut- ↑ http://jurnal.fkip.unila.ac.id/index.php/PES/article/view/3064
- ↑ Cisara, Anugrah (2018). "Blangkon dan Kaum Pria Jawa". Gelar Jurnal Seni dan Budaya. 16: 164–167.
- ↑ GNFI, Kawan (2021-01-14). "Ndhudhuk Mirungganing saha Makna Filosofis Suwaliking Blangkon (saking Basa Indhonésia)". Good News From Indonesia. Dibukak ing 2023-02-12.
- ↑ Toekio, Soegeng (1980). Tutup Kepala Tradisional Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 27.
- ↑ Hasan, Ibrahim (2021-09-01). "Mbah Odhèn Juru Damel Blangkon Kraton (saking Basa Indhonésia)". Merdeka.com. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Detik, Tim (2022-03-31). "Blangkon Jawi Tengah lan Ngayogya Bènten Gagrag ngantos motif (saking Basa Indhonésia)". Detik Jateng. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ WBTB, Admin (2017-01-01). "Warisan Budaya Blangkon Yogyakarta". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-16. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Inty Nahari (2019). Akulturasi Budaya Mataram pada Bentuk Blangkon Warok Ponorogo. Seminar Nasional Sandyakala
- ↑ Agung, KR (2016-11-04). "Rahasia ing Suwaliking Blangkon (saking Basa Indhonésia)". KR Jogja. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Daniswari, Dini (2022-01-15). "Sujarah Blangkon Sarta Bèntenipun Antara Ngayogyakarta kalihan Surakarta (saking Basa Indhonésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ a b Armansyah (2022-09-14). "Ampun Kelintu Bèntenipun Blangkon Sala kalihan Ngayogya (saking Basa Indhonésia)". Nusantara TV. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-16. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Tifani (2022-07-13). "4 Téyori Asal-Usul Blangkon Tutup Mustaka Kas Jawi (saking Basa Indhonésia)". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Romadhona, Defara Milenia (2022-12-19). "Rasukan Adat Ngayogyakarta (saking Basa Indhonésia)". Orami Magazine. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Agus, KR (2016-06-23). "Mondholan Ngayogya lan Sala sarta Wedharan Bentènipun (saking Basa Indhonésia)". KR Jogja. Dibukak ing 2023-02-16.
- ↑ Primasasti, Agnia (2022-05-20). "Blangkon Sala Lumawan Blangkon Ngayogya, Punapa Bèntenipun? (saking Basa Indhonésia)". Pamaréntah Kitha Surakarta. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-16. Dibukak ing 2023-02-16.
Pranala Jaba
besut- [Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.]
- [Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.]
- [Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.]
- [Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.]