Candhi Kidal yaiku candhi Hindhu paninggalanè wangsa Singasari.[1] Candhi Kidal dumunung ing Désa Rejokidal, Kacamatan Tumpang, udakara 20 km sisih wétan kutha Malang.[1] Candhi Kidal tinemu dening wong Walanda ing taun 1925.[1] Iki kabukti kanthi kasimpené arca Siwa kang kuduné ana ing Candhi Kidal nanging arca iki kasimpen ing Royal Tripical Institute Amsterdam.[1]

Candhi Kidal A

Candhi Kidal bisa diarani candhi pamujan kang tuwa dhéwé ing Jawa Wétan, amarga ing papréntahan Airlangga (11-12 M) yaiku saka Karajan Kahuripan lan ratu-ratu Karajan Kadhiri (12-13 M) namung ninggal Candhi Belahan lan Candhi Jalatunda minangka petirtaan utawa padusan.[2] Candhi Kidal diyasa taun 1248 M, sawisé upacara ngubur Cradha kanggo Raja Anusapati minangka ratu Karajan Singosari.[2] Ancas saka pangyasa candhi iki yaiku kanggo ndharmakaké Raja Anusapati, supaya bisa olèh kamulyan minangka Syiwa Mahadewa.[2] Amarga diyasa nalika jaman transisi saka jaman emas papréntahan kraton-kraton Jawa Tengah tumuju kraton-kraton Jawa Wétan, ing Candhi Kidal tinemu corak yasan kang ngatonaké gabungan antarané corak candhi Jawa Tengah lan candhi Jawa Wétan.[2] Sabagéyan nimpuna ngarani Candhi Kidal dadi prototipe saka candhi ing laladan Jawa Wetanan.[2]

Yasan Candhi

besut

Sawisé dipugar taun 1986 nganti taun 1990, ukuran Candhi Kidal dawané 10,8 m, ambané 8,36 m, lan dhuwuré 12,26 m.[3] Déné dhuwur asliné udakara 17 mèter.[3] Kabèh yasan candhi kagawé saka watu andesit kanthi dimènsiné geometris vertikal.[2] Ing saubengé latar candhi ana susunan watu kang fungsiné kanggo pager.[2] Awak candhi ngadeg ing sadhuwuré batur (sikil candhi) kang dhuwuré 2 m.[2] Kanggo tekan selasar ing jubin sikil candhi, digawé undhak-undhakan watu ing ngarep lawang.[2] Sing narik kawigatèn ya iku undhak-undhakan mau digawé tipis-tipis saéngga saka adoh katon ora kaya undhak-undhakan kang sabeneré.[2] Undhak-undhakan watu iki uga dijangkepi pipi andha kang dhapuré ukel kaya ing candhi-candhi liyané.[2] Nanging, ing sisih kiwa-tengen undhak-undhakan kang sapisan ana badug, ya iku témbok cendhèk kang dhapuré siku lan nutupi sisih pinggir lan sapérangan sisih ngarep sikil undhak-undhakan.[2] Badug iki kang dadi ciri kas Candhi Kidal amarga ora ana ing candhi-candhi liyané.[2] Lawang candhi mandhep ngulon, dijangkepi bilik kanthi rerenggan kalamakara (sirah Kala) ing dhuwuré.[2] Hiasan sirah Kala iku katon medèni amarga mripate mendelik, lambéné kabukak sarta taring gedhé lan mbengkok.[2] Ing pojok kiwa lan tengen ana driji tangan kang mudra (sikap ngancem), saéngga sampurna banget kanggo sesawangan makluk sereng kang njaga yasan suci candhi.[2]

Ing pérangan sikil candhi minangka bujursangkar kang katon rada dhuwur mawa undhak-undhakan cilik-cilik.[4] Ukuran awak candhi luwih cilik tinimbang amba sikil sarta payon candhi, saéngga katon ramping. Ing pérangan sikil lan awak candhi ana rerenggan medalion.[4] Ing payon candhi ana telung pérangan mawa pérangan paling dhuwur nduwé lumah kang amba tanpa rerenggan kaya ta stupa. Saben lapisan disisakaké ruwang kang rada amba kanggo rerenggan.[4] Miturut carita, ing wiwitan nggawé yasan candhi, saben pojok lapisan payon candhi diwènèhi berlian cilik.[4]

Ana telung relief Garuda ing candhi Kidal, kang sapisan yaiku Garuda kang nggéndhong ula gedhé kang gunggungé ana telu.[5] Relief kapindho nggambaraké Garuda kanthi kendhi ing dhuwur sirahé lan relief kang katelu ya iku Garuda kang nyangga wong wadon.[5] Ing antarané telung relief mau, relief kapindho kang paling apik lan isih wutuh nganti saiki.[5]

Mitos Garudheya

besut

Ing kasusastran Jawa Kuno, ana mitos kang kawentar ing bebrayan, yaiku mitos Garudheya.[2] Sawijiné garuda bisa kasil mbébasaké ibuné saka dunya batur tukon kanthi tebusan banyu suci amerta (banyu panguripan).[2] Relief mitos Garudheya iki digawé kanggo ngganepi weling Anusapati kang kepèngin ngruwat Kèn Dèdès, ibu kang banget ditresnani. Mitos iki jangkep kababar ing relief saubengé sikil Candhi Kidal. Kanggo maca rélièf kudu nganggo tèhnik prasawiya (nglawan arah pandom jam), diwiwiti saka sisih kidul.[2]

Carita

besut

Kacarita, ana sawijiné resi arané Resi Kasyapa kang nduwé garwa loro ya iku Kadru lan Winata.[2] Satemené Kadru iku seduluran karo Winata nanging kekaroné asring padu amarga rebutan éntuk kawigatèn saka Resi Kasyapa.[2] Kekaroné padha prihatin amarga wis suwé durung bisa nduwé anak.[2]

Sawijining dina, Dewi Winata katekan déwa lan déwa mènèhi endhog marang Dewi Winata.[2] Déwa iku banjur weling supaya Dewi Winata njaga endhog iku apik-apik nganti tekan wayahé netes lan ngrumati makluk kang netes saka endhog iku.[2] Dewi Winata banjur nyimpen endhog mau ing panggonan kang primpen. Wayah iku uga, Dewi Kadru ngalami kadadéan kang padha.[2] Nganti tekan wayahé netes, endhog kang disimpen Kadru metu ula gunggungé telu, déné endhog kang disimpen Winata metu manuk kang gunggungé mungé siji.[2] Kadru lan Winata ngrumati anak-anak iku nganti padha gedhé.[2] Manuk mau dadi garuda kang dijenengi Garudheya, déné anak-anaké Kadru tuwuh dadi naga.[2]

Kadru iku sifaté kesèt lan wis krasa kesel ngrumati anak-anaké kang mbeling-mbeling amarga asring mumpet ing bulak-bulak.[3] Mula, tuwuh niyat ala ing atiné Kadru supaya bisa masrahaké anak-anaké marang Winata.[3] Winata diajak totohan déning Kadru.[3] Nanging, Kadru tumindak urik, saéngga Kadru kang menang lan Winata kudu gelem ngrumati anak-anaké Kadru saben dina.[3] Sabanjure Winata njaluk tulung marang Garuda supaya ngewangi dhèwèké ngrumati anak-anaké.[3]

Nalika wis gedhé Garudheya takon marang ibuné, Dèwi Winata, kénging ngapa kok dhèwèké lan ibuné kudu ngrumati sadulur kuwaloné.[3] Déné Kadru malah ora tau ngrumati anak-anaké iku. Sawisé dicaritani déning ibuné, Garudheya ngerti sujarahé. Mula banjur nggolèk cara supaya ibuné bisa ucul saka kasangsaran iku.[3] Lan cara supaya bisa nulungi ibuné ya iku kanthi nggawa banyu suci amerta kang kasimpen ing kahyangan lan dijaga para déwa.[3] Banyu iku asalé saka sagara susu.[3] Garudheya nyaguhi lan mangkat menyang kahyangan sawisé èntuk idin saka Winata.[3] Para déwa mesthi ora mènèhi idin marang Garudheya njupuk banyu amerta iku saéngga kadadèn perang antarané Garudheya lan para déwa.[3] Nanging, Garudheya bisa ngasoraké para déwa. Mula Bathara Wisnu mèlu cawé-cawé nglawan Garudheya.[3] Garudheya bisa dikalahaké déning Bathara Wisnu.[3] Nanging, sawisé Bathara Wisnu ngerti ancasé Garudheya nggolèk banyu amerta kanggo nulungi ibuné Wisnu ngidinké Garudheya nyilih banyu amerta iku kanggo ngeculaké ibuné nanging saraté Garudheya kudu gelem dadi tunggangané.[3] Saka iku Garuda dadi tunggangané Bathara Wisnu kaya kang katon ing patung-patung Wisnu lumrahé.[3] Kanthi banyu amerta iku akhiré Garudheya bisa ngeculaké Winata saka kasangsaran.[3]

Pamugaran

besut

Ing saubengé candhi ana sisa-sisa pondhasi saka sawijining témbok mubeng kang wis kasil didhudhuk manèh minangka kasil pamugaran taun 1990-an. Ana andha lumebu menyang komplèks candhi ing sisih kulon liwat témbok mau nanging angèl dipesthèkaké apa pancèn kaya ngono asliné. Yèn didelok saka lemah saubengé karo dhataran komplèks candhi, katon candhi komplèks Kidal rada menjero watara 1 mèter saka lumah saiki iki. Apa dhataran candhi minangka lumah lemah sabeneré amarga bencana alam kaya ta banjir utawa gunung mbledhos ora bisa dingertèni tenanan. Dideleng saka umuré, Candhi Kidal minangka candhi tuwa dhéwé ing antarané candhi-candhi periodhe sawisé Jawa Tengah (abad kaping 5-10 M). Perkara iki amarga periodhe Mpu Sindok (abad X M), Airlangga (abad XII M) sadurungé ora ninggal candhi, kajaba Candhi Belahan lan Jolotundo kang sabeneré dudu candhi nanging petirtaan. Sabeneré ana candhi kang luwih tuwa ya iku Candhi Kagenengan kang miturut versi Kitab Nagarakertagama dadi papan di-dhramakaké Kèn Arok. Nanging, candhi iki ora tau tinemu.

Cathetan suku

besut
  1. a b c d Candhi Kidal(diundhuh 9 Oktober 2012)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab Tentang Candhi Kidal[pranala mati permanèn](diundhuh 9 Oktober 2012)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Pesona Candhi Kidal(diundhuh 10 Oktober 2012)
  4. a b c d Candhi Kidal peninggalan Anusapati(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  5. a b c Budaya-Candhi Kidal(diundhuh 10 Oktober 2012)