Dorado (/[unsupported input]dɒˈrd/) inggih punika salah satunggaling jinis rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Rasi lintang punika dipunparingi nama ing pungkasaning abad kaping enem welas lan sapunika ugi kalebet salah satunggal saking 88 rasi lintang modhérn. Nama "Dorado" inggih jumbuh kaliyan dolphinfish (Coryphaena hippurus), ingkang dipunsebat ugi dorado ing basa Spanyol. Dorado inggih ngewrat kathah awan ageng Magellanic, ingkang ugi badhé kaemut-emut kaliyan rasi lintang Mensa. Kutub eliptik kidul ungi mapan sesarengan ing rasi lintang punika.

DORADO

Peta Dorado
CekakanDor
GenitifDoradus
Asensio rekta5
Deklinasi−65
Area179 derajad pesagi (#72nd)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
14
Lintang
mawa planèt
5
Lintang padhang0
Lintang cedhak0
Lintang paling padhangα Dor (3.27m)
Lintang paling cedhakGJ 2036 ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Caelum
Horologium
Reticulum
Hydrus
Mensa
Volans
Pictor
Katon antara lintang +20° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January.
'

Sajarah

besut

Dorado inggih punika salah satunggal saking kalih welas rasi lintang ingkang dipunparingi nama déning Petrus Plancius saking asiling observasi Pieter Dirkszoon Keyser lan Frederick de Houtman,[1] lan rasi lintang punika sepisanan dipunketingalaken ing globe langit kanthi diameter 35 cm ingkang dipunwedalaken ing taun 1597 (utawi 1598)) ing Amsterdam déning Plancius kaliyan Jodocus Hondius. Rasi lintang Dorado ugi sepisanan dipungambaraken wonten ing atlas langit wonten ing Uranometria kagunganipun Johann Bayer ing taun 1603 kanthi nama Dorado. Dorado ugi nggambaraken sujarah satunggaling iwak lumba-lumba lan iwak pedhang.{{sfn|Staal|1988|p=244} Rasi lintang punika ugi dipungambaraken minangka iwak emas.[1] Rasi lintang punika ing abad laping pitulas lan wolulas ugi dipunmangertosi minangka Xiphias, ingkang tegesipun iwak pedhang.

Lintang-lintang

besut

Rasi lintang Dorado gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 179 drajat persegi lan ngewrat kalih lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. RAsi lintang punika mapan wonten ing garis lintang antawisipun +20° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing wekdal jam 9 dalu ing salebeting sasi Januari. Dorado ngewrat awan ageng Magellanic makaten ugi kanthi wontenipun South Eliptic Pole. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing Dorado inggih punika lintang alpha Doradus, satunggaling sistem lintang kanthi sub raksasa biru lan komponèn ingkang paling baku wonten ing lintang punika inggih gadhah konsèntrasi inggil saking silicon. Lintang ingkang padhang piyambak nomer kalih inggih punika beta Doradus, ingkang kalebet bintang variabel kanthi tipe spektral wiwit saking wernanipun jene ngantos gantos dados pethak lan kanthi tingkat padhangipun wiwit super raksasa ngantos raksasa pandhang sanget. Gamma Doradus inggih punika prototipe saking jinis lintang variabel kanthi tingkat padhangipun ingkang langkung variatif ingkang dipunjalari déning wontenipun non radial osilasi gelombang garavitasi. Lintang sanèsipun ingkang wonten ing Dorado inggih punika R Doradus, inggih punika raksasa variabel warna abrit ingkang dipunpitados minangkang lintang ingkang paling amba dipuntingali saking bumi. Lan ugi lintang HE 0437-5439.

Awan ageng Magellanic ngewrat kirang langkung 400 planit nebula, 700 kluster lintang kebika, 60 globular kluster lan atusan ngantos ewunan jinis raksasa lan super raksasa.Salah satunggaling nebula ingkang kapanggih wonten ing awan punika inggih Tarantula Nebula, ingkaxng ugi dipunmangertosi minangka NGC 2070 utawi '30 Doradus. Kanthi gadhah magnitudo 8, Tarantula Nebula dipunpitados saged dados satunggaling lintang. Tarantula Nebula mapan wonten ing papan ingkang tebihipun 180.000 taun cahya.

Dorado taksih kalebet kulawarga rasi lintang Johann Bayer, sesarengan kaliyan rasi lintang Hydrus, Volans, Apus, Pavo, Grus, Phoenix, Tucana, Indus, Chamaeleon lan Musca. Déné rasi lintang ingkang wonten ing sakitering Dorado inggih punika rasi lintang Caelum, Horologium, Hydrus, Reticulum, Mensa, Volans lan Pictor.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b Ridpath & Tirion 2001, kc. 140–141.
  2. Dorado Archived 2012-02-01 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 19 Pebruari 2013)
  • Ridpath, Ian; Tirion, Wil (2001), Stars and Planets Guide, Princeton University Press, ISBN 0-691-08913-2
  • Ridpath, Ian; Tirion, Wil (2007), Stars and Planets Guide, Princeton University Press, ISBN 978-0-691-13556-1 {{citation}}: Check |isbn= value: checksum (pitulung)
  • Staal, Julius D.W. (1988), The New Patterns in the Sky, McDonald and Woodward Publishing Company, ISBN 0-939923-04-1
  • Wilkins, Jamie; Dunn, Robert (2006), 300 Astronomical Objects: A Visual Reference to the Universe, Firefly Books, ISBN 978-1-55407-175-3