Faqih Usman

KH. Faqih Usman iku salah sawijining ngulama Islam ing Indonésia nalika jaman kamardikan. Panjenengané uga tinepung minangka aktivis, pulitisi saka parté Masyumi lan mantri agama ing jaman Prèsidhèn Soekarno kang duwé latar wuri saka wong dagang. Ing jaman Orde Lama, mèh kabèh mantri agama nduwé latar wuri pondhok pesantrèn, malah kepara wis kyai. Faqih Usman kalebu mbédani amarga sanajan naté ngangsu kawruh ing pesantrèn, panjenengané luwih asring urip dadi wong dagang nganti kadhapuk dadi mantri agama kaping pindho.[1]

Kyai Haji
Faqih Usman
Fakih Usman Suara Rakyat 2 Apr 1952 p1.jpg
Faqih Usman ing taun 1952
Mentri Agama Indonésia 7
Linggih
3 April 1952 – 30 Juli 1953
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéWahid Hasyim
Kang sawiséMasjkur
Rerincèn dhiri
Lair2 Maret 1904
Nèderlan Gresik, Hindia Belanda
Pati3 Oktober 1968(1968-10-03) (umur 64)
Indonésia Indonésia
BangsaIndonésia
Parté pulitikMasyumi
PanggaotaAnggota Dewan Muhammadiyah
ProfésiNgulama
AgamaIslam

Mangsa cilik lan pawiyatanBesut

KH. Faqih Usman lair ing kutha Gresik, Jawa Wétan ing surya 2 Maret 1904. Panjenengané asal saka kulawarga santri prasaja lan senggut ngibadah. Kyai Faqih minangka putra kapapat saka kulawarga kang tresna marang ngèlmu agama. Kawit cilik Faqih Usman wis digulawenthah déning bapaké supaya nyinaoni Al-Quran. Ndungkap umur welasan, Faqih Usman mlebu pondhok pesantrèn Maskumambang, Bungah, Gresik kang suwéné telung taun saka 1914-1918. Ing 1918-1924, panjenengané ngangsu kawruh ana pesantrèn jaban rangkah Gresik kang diemong déning Kyai Cholil. Ing kana, panjenengané kerep dialembana guruné minangka santri kang lantip.[1] Panjenengané mudheng basa Arab lan akèh nguwasani buku-buku, mligi buku Arab Mesir kang isiné ngenani bab kamardikan, kang diwulangké ana ing pesantrèn iku.[2]

PakumpulanBesut

MuhammadiyahBesut

Ubeté ana ing Muhammadiyah kawiwitan saka taun 1925 nalika panjenengané didhapuk minangka lurah paguyuban Muhammadiyah Gresik kang ing tembé malih dadi salah sawijining cawang Muhammadiyah kang ana ing Jawa Wétan. Panjenengané banjur kadhapuk minangka lurah Majlis Tarjih Muhammadiyah Jawa Wétan ing 1932-1936 kang mapan ana ing Surabaya. Nalika KH. Mas Mansur kakukuhake minangka pangurus ageng Muhammadiyah, Kyai Faqih anggantèni kalungguhan Mas Mansur minangka konsul Muhammadiyah Jawa Wétan ing 1936. Ing 1953, kanggo kang sepisan panjenengané kadhapuk lan lungguh ing susunan kapangurusan Pimpinan Pusat Muhammadiyah lan saterusé kapilih dadi sawijining carik Ketua Pimpinan Pusat Muhammadiyah. Sadurung sédané, panjenengané kadhapuk minangka Ketua Umum Pimpinan Pusat Muhammadiyah ing muktamar Muhammadiyah kaping 37 ing Kutha Ngayogyakarta ing 1968 kanggo mangsa 1968-1971. Kalungguhan iku mung diemban sawenèh dina amarga panjenengané tilar donya ing surya 3 Oktober 1968. Kalungguhan lurah Muhammadiyah banjur diwènèhaké marang KH. AR. Fakhruddin kang umuré isih enom banget.[3]

Jaban MuhammadiyahBesut

Saliyané ing Muhammadiyah, Kyai Faqih uga ubet ana ing pakumpulan parté Masyumi lan wadya Hizbullah. Sajeroning pemilu 1955, panjenengané kajatah kursi ing konstituante minangka sulihing Masyumi nganti bubaring konstituante déning Dhekrit Prèsidhèn ing surya ping 5 Juli 1959. Sawisé Masyumi dibubaraké ing 1960, Kyai Faqih dadi sulih lurah nggantèni HM. Yunus Anis kang njawat ing 1959-1961. Ing jaman lurahé KH. Ahmad Badawi ing 1965-1968, Kyai Faqih dadi panutur, mesisan ing jaman KH. Ahmad Badawi kang sepisan (1962-1965), panjenengané gawé konsèp Kapribadhèn Muhammadiyah. Rumusan kasebut diajokaké ana ing Muktamar Muhammadiyah ka-35 ing 1962 ing Jakarta, lan tundhoné minangka gegebengan warga Muhammadiyah tumeka saiki.[4]

Mentri AgamaBesut

Kyai Faqih nerusaké labuh-labeté KH. Fathurahman Kafrawi minangka Mantri Agama Indonésia kang nglebokaké kawruh agama ana ing pamulangan ing pawiyatan. Sanadyan ta piwulangan agama ora mangaribawani munggahing kelas para siswa, nanging kawicaksanan kasebut wigati.

Ana gorèhing panggalih déning para nasionalis jalaran para guru agama kurang nguwasani kawruh ngèlmu umum. Amarga iku ing 1947 Kyai Faqih kongkon Kepala Jawatan Pendidikan Agama (Japenda), Drs. Abdullah Sigit supaya ngundhakaké kaprigelan para guru agama kanggo nguwasani kawruh-kawruh umum modhèrn. Kyai Faqih wis ora lungguh minangka mentri agama manèh nalika Républik Indonésia Sarékat bubar lan adegé Kabinèt Wilopo, nanging panjenengané pinitaya ing Japenda. Ing Muhammadiyah, panjenengané nyekel jabatan lurah I, lan lurah umumé Ki Bagus Hadikusuma.

RujukanBesut

  1. a b Masjiduna, Redhaksi. "KH. Faqih Usman Mentri Agama kang Asale saka Wong Dagang". Masjiduna. Dibukak ing 2021-08-01.
  2. Saleh, Muhammad (2020-06-26). "KH. Faqih Usman Sosok Kadher Ngulama lan Pulitisi". Ib Times. Dibukak ing 2021-08-01.
  3. Muhammadiyah, Redhaksi. "KH. Faqih Usman Ketua 1968-1971". Muhammadiyah. Dibukak ing 2021-08-01.
  4. Kristanto, Prima Mari (2020-05-04). "KH. Faqih Usman Wis Gambar Pak Ar". PWMU. Dibukak ing 2021-08-02.