Gendéra Indonésia

Gendéra nasional Indonésia iku sawijining gendéra mawa désain prasaja kanthi rong warna kang dipara dadi rong pérangan kanthi ndatar (horizontal). Wernané dijupuk saka warna Karajan Majapahit. Sabenaré ora mung karajan Majapahit waé kang nganggo gendéra abang putih minangka lambang kebesaran. Sadurungé Majapahit, karajan Kediri wis nganggo panji-panji abang putih.

Rasio: 2:3

Saliyané iku, gendéra perang Sisingamangaraja IX saka tlatah Batak uga nganggo warna abang putih minangka warna gendérané , gambaré pedhang kembar warna putih kanthi dhasar abang mencorong lan putih. Werna abang lan putih iki gendérané perang Sisingamangaraja XII. Loro pedhang kembar nglambangaké piso gaja dompak, pusaka raja-raja Sisingamangaraja I-XII.[1]

Nalika dumadi perang ing Acèh, pejuwang – pejuwang Acèh wis migunakaké gendéra perang wujud umbul-umbul kanthi warna abang lan putih, ing pérangan mburi ana gambaré pedhang, bulan sabit, srengéngé, lan lintang sarta sapérangan ayat suci Al Quran.[2]

Ing jaman karajan Bugis Bone, Sulawesi Kidul sadurungé Arung Palakka, gendéra Abang Putih, iku simbol kakuwasaan lan kebesaran karajan Bone. Gendéra Bone iku dikenal kanthi jeneng Woromporang.[3]

Nalika perang Jawa (1825-1830 M) Pangeran Diponegoro nganggo panji-panji warna abang putih sajeroning perjuwangané nglawan Walanda.

Gendéra kang dijenengi Sang Abang Putih iki sepisanan dipigunaaké déning para pelajar lan kaum nasionalis ing awal abad kaping 20 ing sangisoré kakuwasaan Walanda. Sawisé Perang Donya II rampung, Indonésia mardika lan wiwit nggunakaké gendéra iki minangka gendéra nasional.

Arti warna

besut

Gendéra Indonésia duwé makna filosofis. Abang ateges wani utawa kendel, putih ateges suci. Abang nglambangaké awaking manungsa, sauntara putih nglambangaké jiwaning manungsa. Kaloroné silih njangkepi lan nyampurnaaké kanggo Indonésia.

Ditilik saka kaca tingal sajarah, wiwit biyèn warna abang lan putih kaloroné ngandhut makna kang suci. Werna abang mèmper karo warna gula jawa/gula aren lan warna putih mèmper karo warna sega. Rong bahan iki dadi bahan utama ing masakan Indonésia, mligi ing Pulo Jawa. Nalika Karajan Majapahit berjaya ing Nuswantara, warna panji-panji kang dipigunaaké ya iku abang lan putih (umbul-umbul abang putih). Wiwit biyèn warna abang lan putih iki déning wong Jawa dipigunaaké kanggo upacara slametan kandhutan bayi sawisé umuré patang sasi ing njeron rahim wujud bubur kang diwènèhi warna abang separo. Wong Jawa percaya yèn ngandhut iku diwiwiti nalika manunggalé unsur abang minangka lambang ibu, ya iku getih kang wutah nalika sang jabang bayi lair, lan unsur putih minangka lambang bapak, kang ditandur ing guwa garba.

Peraturan ngenani Gendéra Abang Putih

besut

UUD '45 pasal 35

Gendéra Nagara Indonésia ya iku Sang Abang Putih.

Peraturan Pamaréntah No.40/1958 ngenani Gendéra Kabangsan Républik Indonésia

Kamèmperan karo gendéra nagara liya

besut

Gendéra iki mèmper karo gendéra nagara Monako lan Solothum kang duwé warna padha nanging rasioné béda, saliyané iku gendéra iki uga mèmper karo Gendéra Polen kang duwé warna kang padha nanging wernané walikan.

Rujukan

besut
  1. Ke Bakkara: Ziarah Sisingamangaraja.Kompas, Minggu, 14 Agustus 2005.http://www.kompas.com/kompas-cetak/0508/14/perjalanan/1940067.htm
  2. http://suryantara.wordpress.com/2007/10/30/sejarah-bendera-merah-putih/
  3. Makna Saudagar bagi Saudagar yang tak Hadir
    Azhariah Rachman:: Panyingkul,Senin, 13-11-2006, http://www.panyingkul.com/view.php?id=249&jinis=kabarkita[pranala mati permanèn]

Gladri

besut