Hugo Grotius utawi Hugo de Groot' (1583-1645) ya iku filsuf Walanda kang dadi pelopor saka pandhangan-pandhangan modhèren tumrap kukum internasional lan salah siji pemikir gedhé babagan kukum alam.[1] Kejaba dadi filsuf, Grotius uga misuwur minangka pengacara, juru gurit, lan teolog.[2] Ing babagan kukum, Grotius wis dadi penengah antarané téyori pulitik lan kukum mangsa Abad Pertengahan karo mangsa Pencerahan.[2] Kejaba iku, Grotius uga wis ngembangaké siji pandhangan anyar babagan kukum alam kanggo nglawan pandhangan-pandhangan ilèn skeptisisme, uga kanggo nuduhaké bilih ana wangsulan kang rasional babagan moral kajaba wangsulan saka agama.[1]

Hugo Grotius
Hugo Grotius - ole Michiel Jansz van Mierevelt, 1631
Lair10 April 1583
Delft, Nèderlan
Pati28 Agustus 1645
Rostock, Pomerania
TlatahFilsafat Barat
AliranHukum Alam, Kontrak Sosial, Humanisme, Skolastisisme
Karsa pokok
Filsafat Perang, Hukum Internasional, Filsafat Pulitik, Téyologi
Annotationes ad Vetus Testamentum, 1732

Salah siji karya Grotius kang kawentar ya iku "Perihal Hukum Perang dan Bedhamèn" (The Law of War and Peace) kang terbit taun 1625.[2] Ing karya mau, Grotius nggaw argumentasi bilih manungsa hakikaté ya iku makluk sosial lan makluk kang padha saingan.[1] Nanging, manungsa bisa urip kanthi tenterem sanadyan bisa wa kadadéan masalah ing awaké.[1] Perkara iku bisa digayuh kanthi cara ngurmati hak-hak saben wong.[1]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e Jerome B. Schneewind. 1999. "Grotius, Hugo". In Cambridge Dictionary of Philosophy. Robert Audi, ed. 356.
  2. a b c Ted Honderich, ed. 1995. The Oxford Companion to Philosophy. New York: Oxford University Press. P. 328.