Katimaha
Katimaha, Kleinhovia hospita
Desa Merapun, Kelay, Berau
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudikotil
Unranked: Rosids
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Tribe: Byttnerioideae
Génus: Kleinhovia
L.
Spésies: K. hospita
Jeneng binomial
Kleinhovia hospita
L., 1763[1]
Sinonim
  • Cattimarus hospitus (L.) Kuntze
  • Grewia meyeniana Walp.


sumber: The Plant List[2]

Katimaha[3], timaha utawa katimahar (Kleinhovia hospita) ya iku jenis wit, siji-sijiné spesies ing génus Kleinhovia, suku Malvaceae[4]. Tuwuhan iki tuwuh kanthi cara alami ing Indonesia, Malaysia lan bagéan liya saka bawana Asia.

Wit kang akèh gunané iki dikenal kanthi macem-macem  jeneng kaya ta katimahar, kinar (Amb.); tangkèlè, tangkolo (Sd.); katimåhå, timåhå, katimångå, timångå, kayu taun (Jw.); mangar (Lamp.); mangar (Md.); katémaha (Kang.); katimaha (Bl.); kadanga (Fl.); nundang (Sumba); bintangar, bintanga, lintang-lintang, bitangal, bintana, wintangar (macem-macem basa ing Sulawesi utara); ngĕdèdo, ngĕdèdoro, dèdoro, ngaru (macem-macem basa ing sulawesi utara); kayu paliasa, kauwasa (Mak.); aju pali, wèu (Bug.); lan liya-liyane.[5]. Nalika ing inggris kang diarani guest tree.

Etimologi

besut
 
Gegambaran miturut Blanco (1880-3)

Ing kawruh élmiyah, wedharan katimaha paling tuwa, kang diakoni ya iku kang diterbitaké dening Carolus Linnaeus ing 1763; sanajan 70 taun sadurungé Rumphius wis nulis kanthi lengkap wedharan (uga gambar) ing buku kang diterbitaké ing 1690. Jeneng génus tetuwuhan iki, Kleinhovia, dijupuk saka jeneng  dhokter bangsa jerman, C. Kleynhoff (séda 1777). Rumphius awèh jeneng Catti marus, pelatinan jeneng ing basa Melayu-Ambon, katimahar.

Introduksi

besut
 
Dhompolan kembang timaha
 
Wit timaha kang mangklung ing Kali Lesan, Berau

Wit cilik nganti medium, dhuwur antarané 5-20 m. Klikané werna klawu, uga werna abu-abu lan rambut kang arang-arang.[6]

Agihan lan ékologi

besut

Katimaha mligi nyebar ing Asia tropis, kira-kira saka India, Burma, Indochina, Thailand, Semenanjung Melayu, Indonesia, Filipina, nganti Papua New guinea. Mangalor tekan Taiwan lan Hainan ing China; ing sisih wétan nganti Fiji lan Polynesia ing Pasifik; lan ing sisih kidul tekan Queensland ing Australia.[7]

Katimaha lumrah ditemokaké ing alas sekundhèr, ara-ara suket, lan lemah suwung ing laladan cendhèk 0-200(-500) m saka sagara. Asring thukul dhéwé ing pinggiran kali; mligi ing laladan kang jelas pérangane mangsa rendheng lan ketiga. Uga umum ditemokaké ing alas jati.[8][9] Ing China, timaha akèh ing alas laladan gunung.

Manfangat

besut

Timaha ngasilaké kayu kang ènthèng, alus, werna bungalan (coklat-kuning pucet) semu jambon, tekstur rada alus, kurang awèt; sanajan gampang digaringaké, gampang digarap lan gampang uga dipernis. Kerapetané kayu watara 0,34-0,61 (rata-rata 0.49) g/cm3[10].

Kajaba kanggo sawatara gawé, kayu timaha kurang digunakaké amarga ukurané kang ora bisa gedhé. Nanging sawatara kayu kang amarga penyakit, ngasilaké kayu kang corak seraté ora jamak. Kayu iki diarani pèlèt, lan ing jaman kapungkur larang ajiné, dipilih kanggo garan lan warangka keris, gegaman liyané, botèkan, lan piranti liyané. Pèlèt kayu saka gémbol kang uraté ruwet saka pérangan kayu lan oyot disenengi amarga wulet, lan lumrah kanggo garan béndho lan parang[11].

Manfangat liya

besut

Saka klikané ngasilaké lulub kang bisa kanggo tali, sanajan ora bisa awèt.

Rujukan

besut
  1.   Austria. 1763. Species plantarum :exhibentes plantas rite cognitas, ad genera relatas, cum differentiis specificis, nominibus... Editio Secunda, Tomus II: 1365. Holmiae :Impensis Laurentii Salvii, 1763.
  2. The Plant List: Kleinhovia hospita L.
  3. KBBI Daring: katimaha
  4. The Plant List: genus Kleinhovia Archived 2022-05-25 at the Wayback Machine.
  5. Heyne, K. 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia 3: 1352-3. Jakarta: Badan Litbang Kehutanan, Departemen Kehutanan. (versi berbahasa Belanda -1917- III: 236-8).
  6. Flora of China: Kleinhovia hospita[pranala mati permanèn]
  7. ARS-GRIN: Kleinhovia hospita L.
  8. Latiff, A. 1997. Kleinhovia hospita L. Archived 2015-12-08 at the Wayback Machine. In: I. Faridah Hanum & L.J.G. van der Maesen (Eds). Plant Resources of South-East Asia No. 11(Auxiliary plants): 166-7. Leiden: Backhuys Publisher.
  9. Kochummen, K.M. 1972. Sterculiaceae. In: T.C. Whitmore (Ed.) Tree Flora of Malaya 2: 364. Kuala Lumpur: Longman.
  10. ICRAF Database of Wood Density: Kleinhovia hospita L. Archived 2020-11-30 at the Wayback Machine.
  11. Rumpf, G.E. 1743. Herbarium Amboinense: plurimas conplectens arbores, frutices, ... Pars III: 177, Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. pl. 113 Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.. Amstelaedami :apud Franciscum Changuion, Joannem Catuffe, Hermannum Uttwerf. MDCCXLIII.