Margaret Mead (16 Dhésèmber 190115 November 1978) inggih punika salah satunggaling antroplog budaya Amérika.[1] Mead miyos ing Philadelphia, Pennsylvania lajeng ageng ing kitha Doylestown, Pennsylvania ingkang boten tebih saking kitha miyosipun.[1] Ramanipun inggih punika satunggaling profesor ing salah satunggaling universitas, déné ibunipun satunggaling aktivis sosial.[1] Mead lulus saking Barnard College taun 1923 kaliyan pikantuk gelar Ph. D saking Universitas Columbia ing taun 1929.[1] Ing universitas punika Mead kepanggih kaliyan Ruth Benedict kaliyan Franz Boas ingkang dados prabawa intelektual kanggé Mead ing Columbia.[1] Margaret Mead kalebet antropolog ingkang paling misuwur ing donya.[2] Lumantar padamelanipun dados antropolog, kathah tiyang ingkang saged sinau babagan antropologi kaliyan visi holistik saking spésies manungsa.[2] Mead maringi kathah sumbangan kanggé ngrembakanipun dhisiplin èlmu, sarta sampun nepangaken wawasan dhumateng éwonan tiyang ing njawi akademi.[1] Mead sampun ngasilaken 44 buku kaliyan langkung saking 1000 artikel.[1]

Margaret Mead

Kulawarga

besut

Margaret Mead miyos ing Philadelphia, Pennsylvania 16 Dhésèmber 1901 nanging ageng ing kitha Doylestown.[3] Mead punika putri pambarep saking sedherèkipun ingkang gunggungipun sekawan.[3] Ramanipun inggih punika satunggaling profesor ing babagan dana (babagan keuangan), déné ibunipun ingkang namanipun Emily Fogg Mead inggih punika satunggaling sosiolog.[3] Mead gadhah rayi wadon ingkang namanipun Katherine nanging séda nalika yuswanipun taksih 9 wulan.[3] Kulawarganipun gesang kanthi cara nomaden, saéngga panjenenganipun kapeksa ndhèrèk home-schooling.[3] Miyos ing satengahing kulawarga ingkang gadhah manéka jinis bobot, bibit, kaliyan bèbètipun, ndadosaken Mead gadhah tekad ageng supados ngupadi jati dhirinipun.[3]

Karier

besut

Sadangunipun Perang Donya II, Margaret Mead ngabdi dados sekretaris èksekutif saking National Research Council's Committee on Food Habits.[3] Ing taun 1948, Mead kapilih dados anggota ing American Academy of Arts and Science. Sasampunipun punika, Mead dados profesor antropologi ing Fordham University's Lincoln Center Campus saking taun 1968 ngantos taun 1970.[3] Margaret Mead naté mengku kathah kalungguhan ing American Association for the Advancement of Science kaliyan dados présidhèn organisasi ing taun 1975.[3] Margaret nindakaken panalitèn babagan saklompok tiyang ing Samoa.[3] Ing panalitèn punika, Margaret Mead mapan, guyub, nindakaken kagiyatan, lan ngawontenaken wawancara dhateng 68 tiyang wadon saking yuswa 9 taun ngantos yuswa 20 taun.[3] Kasil saking panalitènipun inggih punika saged ngandharaken bilih kadéwasan tiyang Samoa dipuntandhani kathi éwahipun ingkang temata, sanès minggah mudhunipun émosi utawi psikologis kémawon kados kasus ingkang ditemokaken ing Amérika.[3] Kasil panalitèn punika nuwuhaken kathah kecaman saking sawatara pihak. Nanging, tanggal 19 Januari 1979 inggih punika satunggal taun sasampunipen Mead séda, Présidhèn Jimmy Carter nganugrahi Margaret Presidential Medal of Freedom kanggé Margaret Mead.[3] Duta ageng Amérika, Andrew Young ingkang dados sesulih saking Présidhèn Amérika masrahaken anugrah punika dhumateng putranipun Margaret Mead.[3]

Bibliografi

besut
  • Coming of Age in Samoa (1928) ISBN 0-688-05033-6
  • Growing Up in New Guinea (1930) ISBN 0-688-17811-1
  • The Changing Culture of an Indian Tribe (1932)
  • Sex and Temperament in Three Primitive Societies (1935)
  • Male and Female (1949) ISBN 0-688-14676-7
  • New Lives for Old: Cultural Transformation in Manus, 1928-1953 (1956)
  • People and Places (1959; buku kanggé pamaos enèm)
  • Continuities in Cultural Evolution (1964)
  • Culture and Commitment (1970)
  • Blackberry Winter (1972; biografi babagan Mead nalika taksih enèm) ISBN 0-317-60065-6

Buku-buku suntingan

besut
  • Cultural Patterns and Technical Change, penyunting (1953)
  • Primitive Heritage: An Anthropological Anthology, penyunting kaliyan Nicholas Calas (1953)
  • An Anthropologist at Work, penyunting (1959, dipunambali cetak taun 1966; buku ingkang ngemot seratan-seratanipun Ruth Benedict)
  • The Study of Culture At A Distance, penyunting kaliyan Rhoda Metraux, 1953
  • Themes in French Culture, dipunserat kaliyan Rhoda Metraux, 1954
  • A Way of Seeing, dipunserat kaliyan Rhoda Metraux, 1975

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g Margaret Mead Archived 2012-12-13 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 17 November 2012)
  2. a b Biografi Margaret Mead(dipunundhuh 17 November 2012)
  3. a b c d e f g h i j k l m n Profil Margaret Mead[pranala mati permanèn](dupunundhuh 17 November 2012)

Pranala njawi

besut