Nasaruddin Umar

Prof. Dr. KH. Nasaruddin Umar, M.A. iku salah sawijining tokoh Islam kang naté lungguh dadi wakil mantri agama Republik Indonesia 2011-2014. Panjenengané nulis sawatara buku ngenani Islam, salah sijiné kang sesirah Argumen Kesetaraan Gender Perspektif Al-Quran kang dibabar ing 1999. Panjenengané uga dadi paraga kang ngadegaké pakumpulan lintas agama aran Masyarakat Dialog antar Umat Beragama lan naté lungguh dadi Dirjèn ing Kamantrèn Agama. Saliyané iku, panjenengané uga naté dadi anggota tim panutur Inggris-Indonésia kang dipandhégani déning tilas mahapatih Inggris, Tony Blair.[2] Nasaruddin Umar lair ing kutha Bone, Sulawesi Kidul ing surya ping 23 Juni 1959. Panjenengané putra saka Andi Muhammad Umar (bapak) lan Andi Bunga Tungke (ibu). Kawit cilik panjenengané wis digulawenthah ing lingkungan agama ana ing désané.[3]

Prof.
Nasaruddin Umar
M.A. Ph.D.
Nasaruddin Umar.jpg
[[Imam Besar Masjid Istiqlal]] ke-5
Wiwit linggih
22 Januari 2016
Kang sadurungéProf. Dr. KH. Ali Mustafa Yaqub, MA
Wakil Menteri Agama Indonesia ke-1
Linggih
2011–2014
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Wakil PrésidhènBoediono
Kang sadurungéora ana
Kang sawiséZainut Tauhid Sa'adi
Rektor Institut Perguruan Tinggi Ilmu Al-Qur'an.[1]
Rerincèn dhiri
Lair (1959-06-23) Juni 23, 1959 (umur 62)
Indonésia Ujung, Dua Boccoe, Bone, Indonesia
BangsaIndonesia
AlmamaterUniversitas Islam Negeri Alauddin Makassar
Universitas Islam Negeri Syarif Hidayatullah Jakarta
Mc Gill University Kanada
Universitas Sorbonne Prancis
Leiden University Belanda
AgamaIslam
Sana jaringannasaruddinumar.id

PawiyatanBesut

Nasaruddin Umar nglakoni pawiyatan dhasaré ana ing Pesantrèn As’adiyah, Sengkang, Wajo nganti tamat SMA, banjur nerusaké ana ing pawiyatan luhur IAIN Alauddin ing Kutha Ujung Pandhang (saiki Makassar) ing 1980-an lan lulus dadi mahasiswa tinulad ing pawiyatan luhur iku. Sawisé lulus tataran sarjana, panjenengané gagé-gagé mbacutaké sekolah ana ing tataran magister kanthi mlebu UIN Syarif Hidayatullah, Ciputat, Tangerang Kidul tumeka lulus ing 1992 sarta mesisan jupuk dhoktoral nganti lulus taun 1998.[4]

Kagolong mahasiswa kang lantip, Nasaruddin Umar kapétung naté mèlu program ijolan siswa ing Universitas McGill, Universitas Paris, lan Universitas Leiden. Sawisé nggayuh gelar dhoktor, panjenengané naté dadi sarjana dhayoh ing Universitas Shopia, Tokyo (2001), School of Oriental and African Studies, University of London (2001-2002), Georgetown University, Washington DC (2003-2004) lan Universitas Sorbonne Nouvelle-Paris III. Panjenengané naté nggawé panalitèn kapustakan ing sawenèh pawiyatan luhur ing Kanadha, Amerika Sarékat, Jepang, Inggris, Walanda, Belgi, Itali, Ankara, Istanbul, Srilanka, Korea Kidul, Saudi Arabia, Mesir, Abu Dhabi, Yordania, Palestina, Singapur, Kuala Lumpur, lan Manila.[5]

KarirBesut

Kyai Ali katut ana ing akèh kapangurusan paguyuban, yayasan, lan bebadan liyané kang kagolong akadhemik utawa udu akadhemik. Paguyuban akadhemik kaya ta: sekretaris umum ing Lembaga Studi Islam lan Kemasyarakatan (LSIK) saka 1992 tekan saiki, wakil ketua (bidang pendidikan) ing Masjid Al-Tin Jakarta saka 1998 tekan saiki, pembantu rektor III ing IAIN Syarif Hidayatullah saka 2000 tekan saiki, staf pengajar bidang kajian wanita program pascasarjana ing UI saka 1997 tekan saiki, ketua program studi agama lan wanita, bidang kajian wanita program pascasarjana ing UI saka 2001 tekan saiki, staf pengajar pascasarjana ing Universitas Paramadina Mulia saka 1998 tekan 2000, staf pengajar ing Yayasan Wakaf Paramadina saka 1993 tekan saiki, staf pengajar ing Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi IBII saka 1997 tekan saiki, anggota asesor ing Badan Akredaitasi Nasional Perguruan Tinggi, Departemen Pendidikan Nasional RI saka 2001 tekan saiki, staf ahli ing PSW IAIN Sunan Kalijaga saka 2001 tekan saiki, anggota pambesut ahli tumrap Jurnal Kajian Agama Islam lan Masyarakat INTIZAR ing Pusat Penelitian IAIN Raden Fatah saka 2001 tekan saiki, déwan rédhaksi Jurnal Islam FUTURA ing IAIN Ar-Raniri saka 2001 tekan saiki, mahaguru ing UIN Syarif Hidayatullah, lan réktor ing Institut Perguruan Tinggi Ilmu Al-Qur'an.

Panjenengané uga katut ing paguyuban, yayasan, lan bebadan kang udu babagan akadhemik kaya ta: anggota déwan pendiri lan pengurus Masyarakat Dialaog Antarumat Beragama (MADIA) saka 1983 tekan saiki, wakil ketua wakaf ing Yayasan Paramadina saka 1999 tekan saiki, ketua ing Yayasan Panca Dian Kasih saka 2001 tekan saiki, wakil ketua Pengurus Pusat KMA-PBS saka 2001 tekan 2004, ketua ing Departemen Pemberdayaan Sosial dan Perempuan ICMI Pusat saka 2000 tekan saiki, pangurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) saka 2000 tekan saiki, anggota KOMNAS Perempuan saka 1999 tekan saiki, pananggung jawab tabloid Swara Damai ing Yayasan Padi Kasih saka 2002 tekan saiki, pamong rubrik Mas'il al-Shufiyah ing kalawarti Sufi saka 2002 tekan saiki, ketua déwan Syuro Ikhwanul Muballighin Indonesia, sekretaris Dewan Pembina PB As’adiyah, Mustasyar Pengurus Besar Nahdlatul 'Ulama (PBNU) saka 2015 tekan 2020, wakil ketua ing Dewan Pertimbangan Majelis Ulama Indonesia saka 2015 tekan 2020, direktur jenderal ing Direktorat Jenderal Bimbingan Masyarakat Islam Kementerian Agama Republik Indonesia, Wakil Menteri Agama Republik Indonesia, imam gedhé ing Masjid Negara Istiqlal kawit taun 2016, komisaris PT. Semen Indonesia (Persero) Tbk (SMGR), komisaris Bank Mega Syariah (2018), anggota Déwan Panaséhat Komplek Raja Salman bin Abdulaziz Al-Sau'ud bab Kadis Nabi ing 2019, ketua umum Ittihad Persaudaraan Imam Masjid Indonesia (IPIM), lan ketua umum Badan Penasihatan Pembinaan dan Pelestarian Perkawinan (BP4) ka-16.

RujukanBesut

  1. http://web.ptiq.ac.id/hal-pimpinan-dan-dosen-.html
  2. Pusat, Asadiyah (2016-01-28). "Biografi Prof. Dr. KH. Nasaruddin Umar, M.A." Asadiyah31. Dibukak ing 2021-07-31.
  3. Viva, Redhaksi. "Nasaruddin Umar". Viva. Dibukak ing 2021-07-31.
  4. Suwendi, Suwendi (2017-11-18). "Nepangi Pamicara Aicis Prof. Dr. KH. Nasaruddin Umar Imam Ageng Mejid Istiqlal". Kementerian Agama. Dibukak ing 2021-07-31.
  5. Redhaksi, Cari Ustadz. "Rincining Profil Prof. Nasaruddin Umar, M.A." Cariustadz.id. Dibukak ing 2021-07-31.