Lelara virus ebola (EVD) utawa demam berdarah Ebola (EHF) iku lelara manungsa sing disebabaké déning virus Ebola. Gejalané lumrahé diwiwiti rong dina nganti telung minggu sawisé kejangkit virus, kanthi anané demam, lara tenggorokan, nyeri otot, lan ngelu. Lumrahé diiloni rasa mual, muntah, lan diare, sarta mudhuné fungsi liver lan ginjel. Ing wektu iku, sawatara wong wiwit ngalami masalah pendarahan.[1]

Ebola virus disease
Classification and external resources
Sawijining fotografi ing taun 1976 sing nuduhaké loro perawat ngadeg ing sangarepé Mayinga N., wong sing nandang Ebola; lan tilar donya sawetara dina sawisé ngalami pendarahan internal.
ICD-10ICD-10 Chapter A|A984
ICD-9065.8
DiseasesDB18043
MedlinePlus001339
eMedicinemed/626
MeSHD019142

Virus manawa tinular liwat kontak karo getih utawa cuwèran tubuh kéwan sing kainfeksi (lumrahé kethèk utawa kalong).[1] Panyebaran liwat udara durung naté kacathet ing lingkungan alami.[2] Kalong diyakini bisa nggawa lan nyebaraké virus tanpa ketaman larané. Bareng manungsa kena infeksi, lelara iki bisa nyebar marang wong-wong liya. Pria sing slamet saka lelara iki bisa nularaké liwat semen sajeroning amèh rong sasi. Kanggo gawé diagnosis, lumrahé lelara liya kanthi tandha-tandha sing padha, kaya déné malaria, kolèra lan demam berdarah virus liyané kudu dilirwakaké luwih dhisik. Kanggo mesthèkaké diagnosis, sampel darah diuji ngenani antibodi virus, RNA virus, utawa virusé iku dhéwé.[1]

Upaya pancegahan kalebu upaya ngurangi panyebaran lelara saka kethèk lan babi sing kainfeksi menyang manungsa. Bab iki bisa diayahi kanthi mriksa kéwan mau terhadap infeksi, sarta membunuh lan membuang kéwan dengan benar jika ditemukan lelara mau. Masak daging kanthi bener lan nganggo sandhangan pelindhung nalika ngolah daging uga mbokmanawa migunani, semono uga kanthi nganggo sandhangan pelindhung lan wijik nalika ana ing saubengé wong sing nandang lelara mau. Sampel cuwèran lan jaringan tubuh saka penderita lelara kudu ditangani kanthi ati-ati banget.[1]

Durung ana pangobatan mligi turap lelara iki; upaya kanggo mbantu wong sing ketaman kalebu diwènèhi terapi rehidrasi oral (banyu sing rada legi lan asin diombèkaké) utawa cuwèran intravena.[1] Lelara iki duwé tingkat kematian sing dhuwur: kerep niwasaké antara 50% nganti 90% wong sing kainfeksi virus.[1][3] EVD sepisanan diidentifikasi ing Sudan lan Republik Demokratik Kongo. Lelara iki lumrahé mewabah ing tlatah tropis Afrika Sub-Sahara.[1] Wiwit taun 1976 (nalika sepisanan diidentifikasi) nganti taun 2013, kurang saka 1.000 jiwa saben taun wis kainfeksi.[1][4] Wabah gedhé dhéwé nganti saiki ya iku wabah Ebola Afrika Kulon 2014 sing pinuju kadadéan, lan nyerang Guyana, Sierra Leone, Liberia lan kemungkinan Nigeria.[5][6] Nganti sasi Agustus 2014, punjul 1600 kasus wis diidentifikasi.[7] Upaya pinuju diayahi kanggo ngembangaké vaksin; nanging, durung nuduhaké asil.[1]

Réferènsi

besut
  1. a b c d e f g h i "Ebola virus disease Fact sheet N°103". World Health Organization. March 2014. Dibukak ing 12 April 2014.
  2. "2014 Ebola Virus Disease (EVD) outbreak in West Africa". WHO. Apr 21 2014. Dibukak ing 3 Agustus 2014. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  3. C.M. Fauquet (2005). Virus taxonomy classification and nomenclature of viruses; 8th report of the International Committee on Taxonomy of Viruses. Oxford: Elsevier/Academic Press. kc. 648. ISBN 9780080575483.
  4. "Ebola Viral Disease Outbreak — West Africa, 2014". CDC. June 27, 2014. Dibukak ing 26 Juni 2014.
  5. "CDC urges all US residents to avoid nonessential travel to Liberia, Guinea, and Sierra Leone because of an unprecedented outbreak of Ebola". CDC. July 31, 2014. Dibukak ing 2 Agustus 2014.
  6. "Outbreak of Ebola in Guinea, Liberia, and Sierra Leone". CDC. August 4, 2014. Dibukak ing 5 Agustus 2014.
  7. "Ebola virus disease update - West Africa". WHO. Aug 4, 2014. Dibukak ing 6 Agustus 2014.
Bibliography

Pranala njaba

besut