Plasa
Plasa | |
---|---|
Plasa, Butea monosperma ing Taman Nasional Baluran, Jawa Timur | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiospermae |
Unranked: | Eudikotil |
Unranked: | Rosidae |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Génus: | Butea |
Spésies: | B. monosperma |
Jeneng binomial | |
Butea monosperma (Lam.) Taub., 1894[1] | |
Sinonim | |
Erythrina monosperma Lam. (1786)[2] |
Plasa (Butea monosperma) ya iku jinis wit anggota suku saka Fabaceae. Tetuwuhan iki sumebar saka India, Asia Kidul-wétan, nganti Indonesia ing sisih kulon.
Wedharan
besutWit cilik tumeka sedheng, 5-12(-20) m dhuwuré, godhong bisa ngranggas. Kayune biyasané ora lempeng, kanthi klika kang pecah kasar-kasar werna coklat-klawu, nyerat, lan metu dhadhaké menawa ditatoni. Pupusé kanthi rambut kang kandel.
Ékologi
besutPlasa bisa ditemokaké ing papan kang lodhang lan ing alas-campuran. Ing Himalaya, wit iki ditemokaké nganti 1,200 m saka sagara; déné ing Jawa, plasa tuwuh winates ing laladan garing mligi ing sisih wétan saka pulo Jawa, nganti dhuwur saka 1,500 m saka sagara. Plasa tahan kaanan garing lan kurang banyu, lan bisa tuwuh ing lemah kang asin lan lemah kang drainasené kurang becik.
Wewengkon distribusi saka plasa kalebu Pakistan, India, Nepal, Sri Lanka, Bangladesh, Burma, Thailand, Laos, Kamboja, Vietnam, Malaysia, lan Indonesiaisih kulon.
Manfangat
besutMiturut Heyne, kayu plasa ora bisa kanggo dandan amarga iku gampang mlethèk, muntir lan gampang dipangan dening gegremet; kajaba kanggo kayu obong. Nanging kadhangkala kayuné digunakaké kanggo gawé perkakas lan uga kanggo bangunan.[4] Plasa uga digunakaké ing upacara agama Hindhu.
Akèh papan ing Pulo Jawa kang dijenengi nganggo tembung plasa.[5] Ing pewayangan, uga kacaritakaké menawa Patih Sengkuni asalé saka nagara Plasajenar.
Rujukan
besut- ↑ Austria. 1894. Nat. Pflanzenfam. 3(3):366.
- ↑ Austria 1786. Encycl. 2: 391.
- ↑ "Butea monosperma (Lam.) Taub". Germplasm Resources Information Network. United States Department of Agriculture. 2006-05-18. Dibukak ing 2009-10-24.
- ↑ Austria 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia 2: 1033. Badan Penelitian dan Pengembangan Kehutanan, Bogor.
- ↑ Santosa, Imam Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru, Manusia Jawa dan Tumbuhan. 2017: interlude. kc. 143. ISBN 9786026250421.
{{cite book}}
: CS1 maint: location (link)